Esih Padha Kuwat Ora Shaume ?

Kaya enyong dhewek sing nang paran - agi mranto - angger wis likuran jan pancen pikiran werna-werna banget, sing kepengin bali, kepengin tuku klambi go lebaran, kepriwe guli tuku karcis kreta, nang ngendi guli sholat Idul Fitri, lha angger sing wis duwe karcis ya esih duwe pikiran, jan kapan ngguli bali, nunggu wektu ketone suwe temen... lan liya-liyane.
Pancen dulur wulan Romadhon kuwe menurut siji hadits - sing sanad lan riwayate jerene ora kuwat banget - bisa intine tek omongena : wulan Romadhon kuwe dibagi telu, sepuluh dina sing sepisan diarani sepuluh dina rahmah - sapa bae angger awal-awal puasa mesthi pada puasa - sebab kuwe rahmate Gusti Allah Swt meng umat mulaih dibuka, angger pertandingan kiye kaya babak penyisihan lah, sepuluh dina sing kepindho diarani sepuluh dina maghfiroh, sepuluh dina sing penuh pengampunan dosa, nah nang sepuluh dina sing kepindho wis akeh sing "gugur" nang babak penyisihan bae wis akeh, apa maning nang babak semifinal - babak maghfiroh - kur wong-wong sing imane kuwat lan bisa ngliwati sepuluh dina pertama sing melu semifinal lan insyaAllah dosa-dosane diampurani nang Arsane Gusti Allah Swt, pancen abot, kaya penginyongan kiye sing pada nang perantoan mesthi wis akeh banget sing dipikirena, sing kaya mau tek sebut nang ndhuwur, kaya-kayane konsentrasi puasane wis tambah nglembreh, ora tatag lan teguh kaya dhong awal-awal puasa.... lumrah tapi kudune dhewek kabeh mulaih niat maning, ayuh puasa sing lewih ikhlas nang dina sing bek maghfiroh kiye, terus sikine dhewek wis mlebu nang sepuluh dina sing keri dhewek, ya kuwe 'itkum minannaar , ngedohena panjenang kabeh sing nglakoni puasa sing temenan lan ikhlas kang siksane neraka. Pantes bae abot banget, angger adoh kang siksa neraka wis mesthi perek-perek meng suwarga, nah suwarga kuwe regane ora gampang, regane ora sipil, larang tur abot..... wajar nek aku ngarani likuran gutul lebaran kuwe tek arani puasa sing final lan pol-polan abote, nang ngendi-endia sing jenengane pertandingan final yang mesthi paling abot, paling berkelas, paling nentukena. Nah dulur enyong ndongakena meng panjenganan padha moga-moga Allah Swt paring kekuatan iman lan ikhlas gutul rampunge puasa, sepuluh dina sing akhir menurut riwayate ya ana wengi sing lewih apik kang sewu wulan (kurang lewih 83 tahun telung wulanan), angger pas beja wengi kuwe panjengan agi ibadah sing gentur, sing getol, insyaallah sewengi kuwe ditaker pada karo 83 tahun lewih bangete Allah Swt tresna meng umate Nabi Muhammad Saw sing rata-rata umure cendhek-cendhek (umate Nabi Nuh ewuan tahun, Umate Nabi Musa atusan tahun), umat siki (umate kanjeng nabi Muhammad Saw paling perek-perek umure Panjengane Nabi 60 tahunan), Lha salah siji ibrah - pelajaran - wengi lailatul qadar kuwe, men amalan umate Nabi Muhammad Saw bisa sejajar, bisa nglewihi amalane umat-umat sing gemiyen-gemiyen karo umur sing cendhek banget kiye. Angger umure kur 60 tahun, akil baligh 15 tahun berarti umur ngguli ngibadah 45 tahun, lan angger saben tahun ulih lalilatul qadar berarti ngibadaeh bisa diumpamakena 45 x 83 tahun = 3735 tahun, kuwe umur sing dhawa banget nglewihi umur Nabi Nuh lan umate, Allahu Akbar, lan nurut riwayat kanjeng Nabi lewih mantep sholat, dzikir lan ibadah liane angger wis likuran, kuwe ngemu maksud men dhewek tiru - nggolet wengi lailatul qadar. Kepriwe sedulur angger siki panjenengan padha aja disit mikirena sing werna-werna meng liyane ngibadah puasa, kudune tambah fokus, tambah gentur, tambah getol ngguli padha puasa, ngguli pada ngibadah insyaallah olih wengi lailatul qadar, engko nembe mikirena bali kampung angger awan bae, angger wengi tambah porsi ngibadaeh, setuju dulur ?
Enyong ya jane ngomongi panjenengan kuwe meng uga ngomongi awaku dhewek, muslim kudu ling kinelingan nang barang sing bener, lan ling kinelingan karo kesabaran.
Depok, 21 September 2008

Tidak ada komentar:

PROMOSI PUTRA TRAVEL KIYEH LUUR

    PUTRA TRAVEL - CILACAP JAWA TENGAH Agi mangsan pandemi Covid19 kiye terkadhang dhewek esih kudu tetep lunga, lan ngger numpak sepur/ ker...