SALANG KARO EMBATAN

SUWE BANGET ORA KRUNGU SALANG KARO EMBATAN
Pancen bener salang karo embatan kuwe jodho, embatan thok ora nana salange ya ora bisa go mikul, salang thok ora nana embatane ya ora bisa go mikul kandhi utawa gejobong ngarep mburi. Tapi paling sering gemiyen aku mikul klapa sing wis dislumbat karo salang mbatan, krasa entul-entul embatane angger ngguli nggawa akeh utawa abot. Salang mbatan mulaih wis jarang dienggo mbareng wis ana grobag. Ya bocah siki ya wis langka sing bisa mikul, pundhake padha mlothas, utawa gejenthit jere. Jane ya ora kaya kuwe, wong siki wis ora patia perlu salang karo mbatan sih, grobag, motor, utawa motor rodha telu sing kaya odhong-odhong lewih mantep lan akeh, entheng go nggawani barang-barang, termasuk klapa. Nasib salang mbatan kur bisa go nggawa sing dalane manjat temurun ora karuhan, angger sing rata, wong lewih milih motor, grobag utawa odhong-odhong kae.

JAMAN WIS MAJU, PADHA KELALEN MENG  SEJARAH LAN BUDHAYA
Tau numpak wluku utawa grobag sapi ? wis ora nana blas aku dhewek ya urung tau numpak grobag sapi, tapi angger numpak dhokar ya wis tau, siki dhokar ya wis langka, angger bojoku malah wedi angger numpak dhokar, sebab sebenere wedi meng jaran. Sing mluku diganti karo traktor, sing dhokar diganti karo odhong-odhong utawa trek (prekoto), pit diganti keblek (montor/hondha/sepeda motor), angger salang mbatan urung ana gantine, paling salange diganti tali rapiah, utawa tambang senar, nilon lan tambang plastik tlawungan. Gotong royong wis langka banget, aja maning gotong royong kesambat (ndandani umah), kerigan baen wis padha males, lha wong wis padha sibuk dhewek-dhewek, tapi angger tek pet kang kedadeyan mau, jane pengaruh budhaya sing elek wis ngrusak utawa mlebu meng desa, budhaya luar negeri sing ora kanggo nggawe malah dadi kebiasaan wong nang ndesa sikine. Padhahal budhayane dhewek lewih apik lan manfaat dibandhingena karo budhaya luar sing ora karuhan. Wong jonjangan wis ora nana, wong gathengan wis ora nana, wong thithik glathik wis ora nana, wong panggalan wis jarang, wong sing padha gobag slodor wis ora nana, nembang topeng waru ya wis langka, nembang dolanan wis ora nana. Budhaya ilang peradhaban bakal ilang, terus dadi wong ngendi ? Wong sing ora nana kejelasane.

NEOBUX KARO PROBUX

AREP NGE-KLIK ULIH DOLLAR?
Kiye ndaktar baen, gratis, tapi pancen perlu internet, terus angger duwe PayPal ya lewih maen, tapi engko disit baen ngguli gawe akun PayPal. Kiye jenengane

PROBUX
Angger arep nakdtar pencet kene

NEOBUX
Angger arep ndakter pencet kene
Arep pencet gambar ya gari kene

YA ISENG-ISENG BERHADIAH
Ya angger sempat bisa duwe internet sing cepet tur IP addresse maen, biasane bisa sukses. Engko tek wei nggon sing apik nang Forum khusus.

Matur nuwun

PROMOSI PUTRA TRAVEL KIYEH LUUR

    PUTRA TRAVEL - CILACAP JAWA TENGAH Agi mangsan pandemi Covid19 kiye terkadhang dhewek esih kudu tetep lunga, lan ngger numpak sepur/ ker...