DOYAN OYEK

JAMAN GEMIYEN WONG PADHA DOYAN OYEK
Jaman nyong esih cilik taun 80 an, oyek kuwe angger esuk-esuk ngger arep mangkat sekolah biasane go sarapan bocah-bocah, ngger ramane arep meng kebon utawa sawah ya cokan sarapan oyek. Apa sih oyek kuwe ? Oyek jane ya panganan sing sikine bocah-bocah wis ora padha doyan, malah ana sing ora ngerti apa kuwe oyek. Oyek digawe sekang budi/lobak/puung/boled sing diioceti disit, dikum ngantek seminggu, terus dipe men garing, terus didang nang kusan, angger wis mateng bakal oyek terus dibebek ngantek balung budin/boled/lobakke pada ilang, terus diinteri karo tampah men pating prekincil, terus angger wis mandan akeh dipe sepisan maning. Nah oyek wis dadi. Angger dipe wis garing oyek bisa digoreng, didang utawa go empan bebek lan ayam, tapi poma di poma angger makani ayam utawa bebek disiram banyu sethithik mbokan melar nang telih ayam/bebek angger diempani garingan. Tapi angger nyong dhewek jan esih doyan lho oyek.

GIZI ORA SEPIRAA KUR GO GANJEL WETENG
Angger nyong sih urung tau nliti apa gizi oyek akeh apa ora, tapi angger tumrapku jaman gemiyen wong mangan oyek penyakite ora werna-werna kaya siki, ra nana struk, darah tinggi, liper, jantung utawa kangker, tapi mbareng padha mangan panganan luwar sing jerene "bergengsi" penyakit koh dadi akeh temen ya, oyek sih kayane gizine ora akeh tapi ora mbandakalani kaya panganan luwar sing jerene bergengsi mau, tur ora nana zat pengawete, ora nana bahan kimia sing mbilaeni lah.

JUJUR BAEN AKU LEWIH CINTA OYEK DIBANDHINGENA PANGANAN LUWAR NEGERI
Akeh sing keliru menawa panganan cepat saji sing asale kang luwar negeri kuwe jerene bergengsi, tapi dulur ora ngerti kan isi jeroane mbok ? ya jelas baenlah wong panganan luwar mau nganggo resep bumbune baen rahasia. Sing jeneng rahasia kuwe embok wadi ora nana sing diwei ngerti, kejaba wong sing duwe wadi mau. Nah sapa ngerti rahasiane kae resep sing nggawa penyakit, zat pengawet, lan liya-liyane, aja banget-banget ngguli percaya meng tembung "bergengsi" gensi apane angger akeh nggawa bilai. Gengsi apa NGEGENG ORA ISI mbok ? Ya sing dhemen lan klangenan karo makanan siap saji ya aja kakehen lah, sepisan-pisan ya olih, tapi aja duwe pinemu angger panganan kang luar negri mau mesthi mantep, bergizi tur bergengsi, aja yakin....dulurku kabeh tahu krungu ora jerene makan cepat saji bahasa inggrise fast food utawa apa ? ya bener Junk Food artine padha karo makanan sampah. Lha sing ngarani junk food baen wong luwar negeri koh malah nang Mbanyumas lan seubenge diarani panganan bergengsi. Ya angger wis ngerti ya ora usah getun wis tau mangan, angger arep mangan oyek ya esih akeh nang pasar Kroya utawa pasar Sumpiuh, dijamin bebas junk food, tapi aja dipangan garingan mbok melar,...sethithik baen go nostalgia jaman gemiyen. Intine jane kur kon ngati-ati, ora nana larangan sedawane panganan kuwe halal - go muslim kaya enyong lho - tapi angger keladuk - berlebihan - ya jelas oranana kebecikane babar blas. Kabeh-kabeh sing berlebihan mesthine ya ora becik. Angger sing ora doyan oyek ya ra papa, angger sing klangenan panganan luwar negeri ya ra papa. lambang sari kenyol dulur,....ya mbok. nggolet pangan dhewek-dhewek,...

PROMOSI PUTRA TRAVEL KIYEH LUUR

    PUTRA TRAVEL - CILACAP JAWA TENGAH Agi mangsan pandemi Covid19 kiye terkadhang dhewek esih kudu tetep lunga, lan ngger numpak sepur/ ker...