Bali Ndesa Jan Akeh Perubahane

Jaman gemiyen aku angger mancing nang kali Gendhu Minyak (kali nang aring mburitan umaeh biyungku), jan angger buthek sethithik mesthi ulih lele jawa, angger banjir bar ketiga mesthi panen urang lan grago, angger mangsan condhol (tikus, den bagus) mesthi agi akeh lele jawa, angger metu laron sepisan mesthi ana melem (terongan) sing wis rong nyari, angger let setengah wulan meleme wis pada setampel. Angger srewet agi mijah jan gampang banget nggolet lan ndimeke, angger mangsa tandur bareng mangsa kepitu mesthi akeh banget yuyu kepine. Jaman gemiyen jan pancen ora main-main akeh banget iwakke. Ora kaya dhong enyong bali ndesa siki, mancing sewengi nutug paling ya ulih yuyu watu paling banter ya oleng sing esih cilik-cilik, kadhang malah kur dicokoti lemud thok,.... padhahal angger gemiyen aku arep mancing sidhat (jenise pelus lan welut), pas maghrib ngguli diempani karo cecek cilik utawa gasir, mesthi ana baen sing kena, apa maning angger ana cing kang konge (jenis kodhok brudhug tapi sing gedhe), kuwe jere nggone sidhat. Tapi siki cing kang kong ya ora ana, sidhat wis jarang banget lan iwak samben dina mung di PORTAS lan DISETRUM thok. Wong sing padha SETHAKAH ora ngemuti anak putu nggolet iwak sekarepe dhewek, ora bijaksana kaya wong gemiyen. Mancing, nawu suwakan, njenu (tuba), nyamber, nyeser, njaring lan njala utawa rogoh (nggogoih iwak langsung nang kali, biasane angger agi ketiga), masang wuwu, masang anco..... dadi angger sing kena ya iwak sing sehat lan sing gedhe-gedhe thok.... orang kaya siki di PORTAS kabeh iwak lan isi kali sing ana nyawane persasat mati, kang biyung sampe anak lan endhoge kabeh mati, ora ana sing lolos babar pisan. Aku arep protes meng sapa, tapi angger ngerti siki ketone priyatin banget, lha jamane aku cilik gampang banget nggolet welut lan iwak (sing jere ana Omega 3 ne), merga wong atuwaku padha ngguli golet iwak karo cara sing bijaksana, ora ngawur kaya wong-wong siki.
Jane ya urung telat, angger perangkat desa Bangsa padha kerjasama karo kepolisian Kebasen/Banyumas, go nggawe aturan sing TEGAS tumrap wong sing padha seneng MORTASI iwak nang kali sing ana nang tlatah desa Bangsa, ora kur mortas thok, NYETRUM ya kudu di larang, dadi cara ndimek iwake kaya jama gemiyen sing bijaksana, mancing, nyamber, njaring, nyeser, rogoh, masang wuwu lan suwakan, angger kepengin banget njenu ya ulih tapi aja sering-sering. Angger ana sing nglanggar ya sing TEGAS tur JELAS ukumane. Angger ora kapok yang dipidanakena baen,....sebab iwak nang kali kuwe kanggonggawe banget tumrap wong cilik sing orang bisa tuku iwak (ayam, sapi) go gizi-gizi anake. Tapi angger urung ana krenteg sing apik kang Pamong desa Bangsa ya kayane omongku kiye kur BAB thok oranana kanggonggawene babar pisan.
Kabeh mau terserah sing padha kuasa, sing padha duwe amanah, sing padha gemati meng kemajuan lan kesejahteraan masyarakat Desa Bangsa. Sing paling penting ya angger esih ana NURANI meng kelestarian iwak (sumber gizi utama) sing nang kali bisa dirah nang wong cilik kaya keluwargaku padha. Kapan bisa dileksanakena ? Wallahu A'lam.

BISNISAN

1. BUX.TO Pay To CLick (ngeklik mouse tur dibayar recehan dollar dulur). Monggo Ndaktar kene.

2. NEOBUX Pay To Klik Sing Kondhang. Klik Baen Logone, Njenengan wis melu Bisnisan kiye.



3. GAGABUX. Monggo Klik Logo Teng NGandhap Niki. Ndaktaraken Njenengan.



4. ALEXANDRABUX. Monggo Bukak Logone.



5. XXLBUX. LOgo Ingkang Dipun Klik Ndherek Bisnisan.



PROMOSI PUTRA TRAVEL KIYEH LUUR

    PUTRA TRAVEL - CILACAP JAWA TENGAH Agi mangsan pandemi Covid19 kiye terkadhang dhewek esih kudu tetep lunga, lan ngger numpak sepur/ ker...