Kacang Kelalen Meng Kulite

Sedulur, wis kepara suwe aku ora posting lan gendhu-gendhu rasa karo sampeyan padha, lha aku termasuke ya wong sibuk sih.....sibuk golet "upa" samben dina. Tapi sing penting bisa mrambat lan bisa menyat ibadah samben ndinane, nang paran sih pancen mandan nlangsa angger agi ora nyekel duwit babar pisan,...lha ora usah dibahas lan aja nggresula,...

Aku kepengin banget ngomong-ngomong bab bangsane dhewek sing mriyang koh urung mari-mari, jane ya wis nggolet obat meng luwar negeri, tapi kudu diemut-emut lamun kepengin mari ngguli mriyang ya kudu ana krenteg mari kang awake dhewek, artine ya kudu kang njero negara indonesia disit nembe nggolet tamba nang kana-kana, sebab angger nang njero negeri wis pulih, masa iya ora nana investor sing padha gelem meng ngeneh sih,.....tapi pancen glagat meng gligah menyat jenggirat esih mandan surem,...urung ana kremun-kremun sing keton, esih urung ana keton endhoge arep netes. Dadi wong cilik sebenere ya ora patia angel, tapi angger negarane tentrem lan jalan nang pakem,.... tapi angger pemimpine pada mendem,.....kapan bisa atine pada adhem ayem ? Conto cetha wela-wela ya nang Indonesia kene.

Penyebab mriyange koh ya nemen banget jane apa sih ? Sing jelas ya kae mau urung ana krenteg kepengin mari,.....angger ana sing ngomong ya kur BAB thok, NDLEPUS.... keloro sing nang enyong tek tulis yakuwe: kacang kelalen karo kulite. Bisa diibaratena wong sing ora duwe kesuwun, wong sing nggampangena pitulunge wong liya, wong sing ora ngergani jasa lan budi ne wong liya,.... kiye sing ana lan kedadeyan nang bangsa Indonesia siki. Profesi utawa ( ketrampilan jan ora diregani karo rega sing patut, mulane pakar-pakar sing bisa mlodhos meng luwar negeri ya mesthi pada mlodhos meneng-menengan meng luwar, lha ketrampilane (skill) ora di regani sih,....panjenangan mesthi esih kemutan meng panjenengane bapak BJ Habibie,...sing dijamin nang Jerman ? Kuwe salah siji conto thok, magane pira wong sing kaya pak Habibie ? Aja kelalen wong Indonesia GENIUS lho? Jajal angger ana Olimpiade Fisika, Matematika, Catur, mesthi ulieh mendali MAS,.....sayang sejuta sayang, GENIUS sing akehe ora karuhan koh ya diblek-blek diubah-ubah ora nana gunane,....angger para pemimpin bisa "handarbeni", mandan PERHATIAN meng rakyat - waca :profesi - isnyaallah ora let suwe indonesia GREGAH JENGGIRAT MENYAT SEHAT,....
Ping Pindhone panjenengan kabeh mesthi paham lan ngerti banget lamona bangsa indonesia cocog banget angger dadi petani, dadi nelayan, dadi peternak,.... tapi kepriben jajal anane, pemerintah senenge NGRUMATI lan NGROPEA PABRIK lan PERBANKAN nganggo MBAN CINHDE MBAN CILADAN, pilih kasih,....nang ngendi-endi negara sing maju ya aja KELALEN karo PONDHASI ASLI ne,...angger bangsa indonesia ya bangsa sing AGRARIS lan MARITIM, artine ya dadi PETANI lan NELAYAN,....jajal sampeyan krungu petani lan nelayan kan aneh, bayangane ya wong kelase enyong, MAAF wong sing ora sugih lah sing jelas,...lha buruh tani lan buruh nelayan sih,....tapi sebenere angger negarane ngatur, jelas petani lan nelayan mesthine ya udu kaya siki anane. Petani sing duwe lahan dhewek, lah sawahe di dol go sangu meng luwar negeri apa go sangu meng jakarta, apa go nyogok "biaya administrasi" mlebu PNS, kan edan waras sujur, kenangapa bisa kaya kuwe ? Ya sing jelas TUJUAN PEMERINTAH memang MEMINGGIRKAN PETANI dan Menganak emaskan pabrikan lan perbankan, padahal kudune IKLIM LAN GEOGRAFI indonesia cocok banget go negeri agraris lan maritim sing sugieh ora memper,....lha jajal kepriwe sing digandhuli, ya gawe pabrik, sing maune lemaeh loh dadi bacek, dadi ora kena ditanduri, angger dipikir jawa kudune dadi LUMBUNG PADI dunia, jawa memenuhi syarat banget koh,....cahaya matahari sing sepanjang tahun, tanaheh sing loh (paling akeh gunung berapine), tapi jawa digawe kota metropolitan lan kota mall kabeh,....angger sing bener jane kaya ngapa sih ?
Mbahas bocah sing jenius kudune ya disekolahena GRATIS meng luwar negeri, aja malah dibusek, terus dibuang ora genah,....
Juara dunia (bidang apa baen) angger nang bangsa liya, didadekena wong sing penting (pele nang brasil dadi menteri olah raga, maradona dadi pelatih timnas argentina,...dll), tapi angger nang indonesia, ana juara dunia sing "adol" mendaline go mangan,......sedhih, kesuh, gregeten apa apa embuh lah,...basa mberingkenge ABSURD banget bangsane dhewek, angger patut tuli ora nana pahlawan, lah generasi sing siki genah laire kang watu, mulane pada othos, mbudheg tur dlembong, sethakah tur imane tipis, kepriwe bisa wong-wong sing kaya kuwe "nambani" bangsa indonesia ? Aku pesimis, asli....

Pinemuku sih ora akeh, tapi mbok menawa kena go pertimbangan, angger pinemuku bener.

PESAN SPONSOR DAN BONUS DOWNLOADE KIYEHHH..


****Bisnis Klik Asik Yook DAFTAR SINI
****PENGIN Punya Server Sekaligus DIBAYAR !!!! GABUNG ZIDDU DISINI

CAMPUR SARI...didi kempotDOWNLOAD

PROMOSI PUTRA TRAVEL KIYEH LUUR

    PUTRA TRAVEL - CILACAP JAWA TENGAH Agi mangsan pandemi Covid19 kiye terkadhang dhewek esih kudu tetep lunga, lan ngger numpak sepur/ ker...