GILI PALWOLU ASPALE ORA TUTUG

NANG SANDHING NGGILI KOH MALAH ORA DIASPAL
Mandan ngguyu enyong angger pas bali meng nggone mertuwaku - aku wis nang pondhok mertuwa indah wis suwe banget 12 tahun - giline angger nembe gejrut kang bis terus mlaku nang ngarep selipane pak Pur (putrane pak Amali Alm),....jan aku kan biasane mlaku tekan brug kali rigasi,....kiye deneng urung diaspal-aspal apa ora ulih diaspal nang wong sekitare apa kepriwe..... angger dipet sekang nggone utawa posisine kiye gili sing malah perek karo gili gedhe (jalur kidul trans jawa), mujur ngalor sekitar 200 meteran utawa 300 meteran lah, mbanjur aku takon meng wong-wong kono,....kepriwe koh bisa keton nyleneh kaya kuwe, wagu tur ora patut. Ana sing aweh kabar jere dalam sing tek maksud kuwe dalane desa Adisana. Hmm.... ya pantes ya pantes,.... melasi temen dalan kiye ya kapiran. Nang desaku (desa Bangsa, grumbul Palwolu) ora diurusi mergane udu hake desa Bangsa, ngrumati utawa ngaspal gili kiye. Lha nang Desa Adisana ya semana uga, ora diurusi arep diaspal lha sing latha-lithi metuk kono ya wong mBangsa ben,.... lah kepenake keprimen kiye ? Jane angger pancen ana maksud sing becik khususe kang pemerintahan desa Bangsa yang mesthine bisa dirempug karo aparat utawa pamong lan pengurus desa Adisana. Kadar ora dijaluk ikih, kur dirumati lan diaspal jalaran anu dalan sing penting go wong bangsa - palwolu, pesantren, karang benda, malah kolemane pak lurah sing siki - angger ana rembug sing bener aku yakin gologokin dalan kiye bisa diaspal. Ya bener wilayahe pancen wilayah Adisana tapi kan sing ngganggo (liwat wara wiri latha lithi ngalor ngidul) kan wonge dhewek (maksude enyong wong mBangsa). Kan bisa dadi pertakonan apa iya arep gawe becik ora ulih ? utawa ora nana dana kang nduwur ? Alasan kuna lereng.... biasane alasan kang sing tukang korup, clemer lan seneng open meng barange utawa duweke liya. Bisa baen enyong ngomong kuwe alasan go korupsi, lha aspal go jarak seno kan lumangyan (300 meter ping..... kan mandan menthot-menthot angger duwite ditukar karo mang ewuan, terus diwadhaih kandhi....). Tapi angger sebenere enyong ya ra patia jelas. Tapi bisa baen angen-angenku sing kae mau.

PINEMU
Aku krungu kang salah sijine pamong desa mBangsa jere dalan kae arep di aspal, tapi kang kecamatan, jerene numpak utawa numpang anget meng parte politik sing jenengane aku arep ora nyebutena (lha nembe angen-angen urung ana nyatane babar pisan ana kemungkinan kur dari BAB thok...), tapi moga-moga ya bisa keleksanan. Angger tumrape enyong sih, lurah Mbangsa sing kudu duwe iguh pertikel utawa inel go ngakali masalah sing jane ora patia rumit kiye,.... kepriwe carane ngguli padha rembugan karo pamong lan lurah Adisana, terus masalah dana ya njaluk meng ndhuwur kadar wis padha ngerti ikih kahanane, njaluk dana ne engko angger wis ana mupakat kang desa keloron, angger urung ya aja njaluk duwit disit, ora bisa kompak engkone. Wis mupakat mesthine kang ndhuwur ya takon apa bener Adisana kepengin ngaspal dalane sing kebeneran ana nang desa Bangsa. Mesthine desa Bangsa ya ngiloni desa Adisana ngiyakena,... terus mungkin dana angger sing ngajukena Adisana ya medhune nang Adisana, angger kepengin men ana dana sing medhun nang Bangsa ya kudune desa Bangsa sing ngajukena meng ndhuwur karo mupakat kang desa Adisana - angger arep ana dhuwit proyek biasane padha rebutan, biasa korup@korupsi.co.id- angger dhuwit cair dikerjakena ya barengan antarane rong desa mau. Kuwe pinemuku, angger ora ana jige ya ora tau ana aspal nang dalan sing sering tek liwati kiya. Ya wis nasibe embok, kapiran koh puluhan taun. 
Cukup semene thok kiya kur kritik go desaku lan desa tanggaku, masalah seblindhi tur cilik menthik koh ora rampung-rampung. Go erang-erang baen ya, sing liwat ya ora kur wong mBangsa thok lho,.... mulai pak Nano, Mbah Kasong (mba Maryati), pak Sarikun,... kayane ya wong Adisana, dadi angger panjenengane arep padha tindak ya ora muter ngetan disit metuk dheg kali rigasi nembe meng ngidul nang jengkol kerep terus jebule nang Tumang Asih,.... urung tau weruh enyong dhewek yakin....
Tapi pinemu lan saran kuwe kadhang-kadhang nggawe ati gela, tapi jan ora nana maksud sing ora becik kang awaku dhewek, angger dalane alus mesthine go usaha ya lewih kebat embok ?
Kelilan disit ah...

URUN REMBUG MUMPUNG WIS WULAN RAJAB

URIP NANG ALAM NDUNYA KETONE JAN SEDELA BANGET 
Jajal panjenengan emut-emut dhong esih sekolah esde gemiyen, krasane esih kemutan genah banget, bali sekolah nggawa urek-urek go nggolet welut nang sawah, bar ngarah welut dadi baline kawanen, dadi goletan rama biyunge,…. lan liya-liyane, ketone “nembe wingi”,… ujug-ujug wis selawe taun kepungkur. Pancen urip nang alam dunya kuwe ora lawas, buktine ya awake dhewek padha. Terus kapan panjenengan padha guli nikah ? Ketone nembe wingi sore taribasane,…. E alah….. anake wis padha gedhe-tuwa, malah angger sing wis padha kagungan putu/wayah lan buyut, krasane dhewek ya esih padha kaya wingi. Sepisan maning monggo panjenengan padha ngilo nang ngarep kaca, terus dibandhingena karo gambar poto dhong njenengan umur 17 tahun, akeh perubahane mbok ? Tapia pa njenengan krasane padha baen ? Ya angger secara kenyataan pancen NYAWA/RUH kuwe pancen ajeg kawit dhewek cilik tekan kaki-kaki, jasad/jisime dhewek pada tambah tuwa, rema tambah pethak, waja ilang siji-siji, mlampah sing maune trengginas siki dhindhek-dhindhek, sing maune bregas siki dheyek-dheyek, soca sing maune awas seksama lha sikine mandan lamur, kudu nganggo kaca sambung, nanging krasa utawa jiwa pancen esih sing gemiyen. Aku ya esih sing gemiyen.

WEKTU KUDU DI GUNAKENA SING TEPAT 
 Gusti Allah Swt paring wektu meng penjenengan lang kula sami, kuwe ora ateges GRATIS, ana tugas sing panjenengan lan kula kudu lakoni. Angger tugase nang mbumi/alam dunya wis rampung ya “dipundhut” nang Ngarsane Gusti Allah Swt utawa seda. Nah sing dadi pertakonan kan apa dhewek padha SUKSES nglakoni tugas-tugas sing di prentahaken nang Gusti Allah Swt ? Angger panjenengan wong Islam ya tugase wis jelas, angger non-Islam ya kudu sesuai karo ageman lan agamane dhewek-dhewek. Sing ngerti banget tugase wis dilkoni apa urung ya mung dhiri pribadhi ne dhewek-dhewek. Sebab sing aweh tugas wis genah ana pitudhuh lan dalan-dalan sing ditentokena, arep melu dalan-dalan utawa nyimpang ya sing nglakoni sing lewih ngerti. Wektu kadang pancen ora dianggep penting, lha gratis ikih,….. salah sedulur, wektu ora gratis, wektu ana pertanggung jawabane,….. sapa sing bisa mergunakena wektu karo apik mesthi uripe mulya dunya lan akhirate, lan sapa sing ngawur mergunakena wektu ya cilaka,…..

DHEWEK KABEH SEDULUR 
Bab ibadhah kuwe urusane agamane dhewek-dhewek. Tapi angger masalah peseduluran kuwe kudu sing apik-apikan aten baen. Sedulur sing tek sebutna kuwe ya ana paling sendhik kuwe telu. 1. Dulur Sepadha-Padha menungsa – ukhuwwah insaniyyah 2. Dulur senegara – Indonesia – ukuwwah wathoniyyah 3. Dulur seagama anggere wong Islam kaya enyong dhewek - ukuwwah islamiyyah Dadi ora bener angger padha crah,… jerene crah agawe bubrah. Ora susah mbahas sing beda, sebab wong pancen ora nana sing padha plek,….. kabeh ana bedane, tambah dideleng bedane tambah adoh persatuane, deleng sing memper baen, sing mirip baen, aja drengki wong urip tunggal sebumi,…kaya kuwe mbok. Dadi aja di direkena masalah gelutan – tawur – karo padha-padha dulur – ya paling kurang padha-padha menungsane embok ? Apa maning ditambah dulur seiman, dulur sedesa, dulur sekecamatan, malah ana sing tunggal buyut be padha brecencengan,…. Poma-di poma aja dulur. Lewih apik padha rukun, guyup apa-apa kepenak tur jembar bumine, lha angger akeh mungsuh apa ya bumine amba ? Ora mbok, meng ngalor ana mungsuh, mengidul anda lawan, meng ngulon ana sing ngincim meng ngetan sing wingi tawuran ? Sesek embok bumine angger akeh mungsuh ? Sewalike angger akeh batir,…. Jan nyawerga temenan. Ngetan disuguhi jenang ketan karo wedang kopi, ngulon kon mangan nasi rawon, ngidul kon mangan bubur, ngalor diboncengena montor,… wis kepenak embok angger akeh batir lan kancar, dunyane amba….. angger sing milih senenge “mageri dalane dhewek” ya nganah sing sregep nggolet mungsuh. Angger sing penggin akeh dulure yang sing sregep silaturahmi – nyambung peseduluran

RAJAB MANING SADRAN NYUSUL TERUS SIAM ROMADHON 
Tumrap aku sing muslim, wulan rajab kuwe salah sijine wulan sing mulya,….. ana papat wulan sing mulya tumrap wong muslim, siji apit (zulqai’dah), loro besar (zulhijjah) , telu sura (muharram) lan papat rajab. Nah wulan sing wis agi dilakoni ya rajab kiye dulur, akeh-akehena istighfar, siam lan amal sholeh liyane. Rajab wulane Gusti Allah Swt, Sadran wulan Kanjeng Nabi Muhammad Saw lan Ramadhan wulane ummate Nabi Saw. Dadi ya siap-siap baen ibadahe panjenengan di tambah gentur….. tumrap wong non muslim ya kudu hormat menghormati, tegese udu padha melu ibadhah gentenan, udu sedulur,…. Ibadhah dhewek-dhewek tapi angger “bermasyarakat” tetep kompak. Mesthine ya aja pada crah, congrkrah lan cakar-cakaran. Sing apik ya kudu gotong royong nang hal kemasyarakatan lan urip saben ndinane. Kesuwun.

ANGGER WIS ORA BISA YA MUNDUR

GAMPANG-GAMPANG ANGEL DADI KAMITUWA
Jane angger dipet kang sejarah ya ana baen wong Indonesia sing pancen bener-bener ngemban amanah. Meng rakyat ngewulani lan meng tugas nyembadani. Angger siki jan adoh banget karo sing diarani amanah. Diwei tugas lan jabatan (pegaweyan) malah anane mung ngakali thok. Sing diakali apa jane ? Ya kuwe mau, angger tek sebutna kayane ya kurang lewih kaya kiye:
1. Wektu ngakali men wektu duwe jabatan dadi selawas-lawase utawa seumur uripe, angger ana UU sing nglarang seumur urip ya mesthi nyalon maning sing kepindho.... mangguwa ana sing ke telu mesthi nyalon maning, jan serakah koh ora cukup-cukup.
2. Nepotisme angger bisa sing nyekel kekuwasaane ya aja nang wong liya. Kudu dulur utawa keturunanne.
3. Korupsi lan kolusi ditutup-tutupi ngakali karo apa lah pajeg, urunan lan liya-liyane kas negara mlebu sakke dhewek. Rekening tabungan bank nge ya dadi gembrot,.... jerene ulih ngguli usaha. Ya bener usaha nglomboni rakyat, khianat meng amanah sing di pikul.

ANGGER ORA SANGGUP YA MUNDUR LAH

Wong sing satriya angger ora bisa ya ngomong lan ngaku ora bisa aja lewer kaya jago wareng gelut wis ketone arep kalah mlincur mlayu angger batire agi weya ditlabung. Ora wani ngakoni kekurangane dhewek ora wani angger kon mundur jere wirang. Jan-jane apike ya mundur angger wis krasa lan pancen kebukti ora bisa. Angger jiwa sinatriya mesthine ya mundur aja maju terus ngiwung.

SEWU SIJI PEMIMPIN SING AMANAH LAN SEMBADA

Angger dadi kamituwa pancen kudu kuwat ilmu lan kuwat awake. Angger nang Indonesia langka banget sing kaya kuwe, kuwat awake ora kuwat ilmu lan akhlake, kuwat ilmu lan akhlake ora kuwat awake. Kuwat ilmu lan awake ora apik akhlake. Kapan duwe pemimpin sing bisa di jigena nang ngarep ?
Ayuh dulur pada ndonga men diwei pemimpin sing bener-bener amanah. Amin

PROMOSI PUTRA TRAVEL KIYEH LUUR

    PUTRA TRAVEL - CILACAP JAWA TENGAH Agi mangsan pandemi Covid19 kiye terkadhang dhewek esih kudu tetep lunga, lan ngger numpak sepur/ ker...