POSTINGAN NGGRESULA ?

SUWE ORA JAMU, JAMU GODHONG LUMBU SUWE RA KETEMU KETEMU PISAN TAMBAH AYU.
Jan angger kemutan jaman gemiyen dhong esih enom - cinthil-chinthil - seneng banget angger tes pisah terus ketemu, khususe angger ketemu karo minimal tagone utawa gacone lah, jan kayane dunya kur dadi duwene wong loroan, liya-liyane padha nyewa utawa indhekos. Ora urus,.... Ya kuwe mau sing diomongena mung tembung-tembung utawa omongan sing nggambarena rasa kangene, suwe ora jamu jamu godhong katu suwe ra ketemu ketemu pisan tambah ayu. Padhahal angger dideleng-deleng ora tambah ayu, yakin, asline tambah tuwa tur lemu. Angger diomong lemu bocah wadon kan ora gelem, mendhingan diomong langsing, tambah ayu, esih keton enom baen, tambah pinter dandan, tambah maju pemikirane lan liya-liyane. Aja ngantek diwalik ngguli ngomong angger nembeke baen ketemu. Angger njenengan ngomong "apa anane" ora nganggo "gombal" biasane bocaeh terus mrengut. Istilahe apa ya angger bocah wadon pancene "born to be gombaled" apa kuwe maksude, lair go digombali jerene....

NGGRESULA ORA ANA GUNANE
Mbeke ketemu eeeh... terus nggresula meng dhewek, males banget kan ? Kayane angger nggresula kuwe diibaratena barang sing abot, angger ana wong sing nggresula meng dhewek kaya "ngebrukena" barang sing abot mau ngantek dhewek menthot-menthot kaboten. Sapa wonge sing seneng kekancan utawa bebatiran karo wong sing seneng nggresula ? Ra nana, angger ana ya termasuk wong "jenis langka" utawa perlu dilindungi sekang kepunahan. Ana koh nggersula sing ulih. Tek tidhokena ya, nggresulaa meng Gusti Allah Ta'alaa, kowe cocog pisan, lewih anteb maning angger nggresulane ngepasi karo sepertelon wengi sing keri. Ya angger dikira-kira jam ya sekitar jam loro utawa jam telu esuk kuwe. Nggresula a sing khusyu', nangis ya ulih tapi aja mbaor-mbaor mbok ana wong sing kaget, ya cukup nangis, nggresula ngantek kamisesegen ya ulih. Biasane sih seurunge nggresula njenengan padha sholat disit, ra ketang telung rekangat, loro sholat tahajjud seblindhi sholat witir, kuwe angger njenengan mandan-mandan kumed ya, angger sing afdol utawa sempurna sih, jumlahe ana 11 rekangat, rong rekangat salam, terakhir ditutup karo witir seblindhi. Angger njenengan senengane "nggresula" sing modhele kaya kuwe, malah dadi luhur drajate ning ngarsaning Allah Ta'alaa lan menungsa, ana tambahane, urusane dadi digampangena krono ijin Allah SWT.
Nggersula ra nana gunane kecuali sing modhel kaya kiye dulur....

 

PROMOSI PUTRA TRAVEL KIYEH LUUR

    PUTRA TRAVEL - CILACAP JAWA TENGAH Agi mangsan pandemi Covid19 kiye terkadhang dhewek esih kudu tetep lunga, lan ngger numpak sepur/ ker...