Kilangan Obor

Aku duwe dulur nang desa sebrang lor (maksude desaku sebelah lor), aku ya ngerti dheweke sekeluargane jan pancen dulurku, tapi dulur adoh, dulur tunggal canggah, dulur padha baen canggaeh, terus aku duwe batir, akrab banget karo enyong, nganti tek anggep sedulur, kaya kakange dhewek. Dheweke udu apa-apaku, udu kakang udu adi, udu ipe, tapi sebab sering ketemu, sering gendhu-gendhu rasa, sering kerjasama lan sering dopokan bareng, dadine kaya dulure enyong.
Ana maning crita kaya kiye, dhong agi malem bada (kurang lewih 5 taunan kepungkur) ana tawuran, lah biasa nang nggone aku, sing tawuran wanine ya angger kambi tangga desa, ben sing kira-kira langka bocaeh, angger sing akeh kruyikane ya mesthi ora gelem tawuran, lenthu banget,.... kecing. Dhes... terus kedadean, tawuran ana sing nggawa gaman (bedhog, pemes, silet, terus pendel ya ana, pokoke kabeh barang sing arep go sembeleh-sembelehan ana digawa), nah kediane yang serem padha bacok-bacokan, nah akhireng crita... ana sing kenang kupinge, ana sing jontor ana sing luka-luka tapi sukur ora nana sing mati.
Mbareng wis awan, ditelusuri lan dicacah sapa baen sing padha luka, eh ternyata ana sing esih keprenah sepupu (tunggal kaki) sing malem bada pada tawuran, kuwe angger kilangan obor, angger wong tuwa wis mati, peseduluran padha luntur, wis ora ana sing padha silaturahmi, dolan lan padha nginep, terus dondon turu maning. Udu budhaya tapi krisis.
Ya silaturahmilah, sing sering tapi aja keseringen, sewulan sepisan cukup, angger sering-sering ya ora apik, ora nana rasa kangene, angger ora tau ya ora apik, kilangan obor.
Dulur semono thok dhisit, ngesuk sambung maning, kesuwun.

Mendem Dollar Amerika

Ditabuhih karo saron, lagune eling-eling ebeg padha ngibing terus mendem..... kesurupan ora eling anak bojo, ora eling sapa-sapa, ora jelas sing dideleng, ora srei ngguli njaluk sajen.... gambaran "mendem" ya kaya kuwe.... Mendem wadonan gawe isin, lan maksiat, mendem jenewer gawe susah tangga teparo, mendem anggur gawe getun lan maras tangga lan kanca batire, .......Mendem kuwe "kahanan sing ora bisa dikendhalikena".
Mendem sing kae mau kabeh ora patia medeni, ora patia mbebayani,....tapi MENDEM DOLLAR, kuwe cilaka, pol-polan mentog.....dhuwite mbuh wong ngendi koh gawe "mendem" negarane dhewek, lha aku angger tuku brambang karo gembili nang pasar paing ya ora tau nganggo dollar koh, weruh dollar be nang tivi, angger ngemek yakin jan urung tahu babar blas.... koh... semblothongan gawe "ricuh" nang ndesaku, "apa-apa" dadi larang, apa-apa dadi angel, kerjaan akeh tapi jang langka sing mbayar, semangkeyan dollar pancen. Angger aku ulama mesthi dollar tek haram ena, men wong ora padha pathokan meng dhuwit "setan" mau. Dhuwit ya sing bener bener dhuwit; apa perak (dirham), apa emas(dinar) lan sing bener-bener dhuwit asli.
Sedulur, panjenengane K.H. Kholil Ridwan (Ketua MUI), wis gawe fatwa dol tinuku dollar amerika serikat kuwe HARAM. Mendhing meng bank syari'ah, jerene bank konvensional termasuke riba'(ngger wong Islam wis ngerti kawit jaman BAHOLA, riba kuwe haram).
Siki wis jor baen, mendem dollar ya men, klabakan ya men, memeti ya men,... lha salah-salahe pemimpin "nglendhotan" banget meng Amerika, apa ora duwe isin apa tabel ? Ndableg koh go pengarep, amerika mendem dhewek melu kesurupan.
Wis angger ngomongi ewong pancen gampang tapi angger aweh solusi jan angel pisan, tapi aku arep urun rembug, sethithik mbok menawa gawe becik, lumayan.
SOLUSI : Senengi gaweyane INDONESIA (sing tulisane MADE in INDONESIA borong.... sing tulisan MADE in USA, JAPAN, dll tuku sethithik bae), Senengi pasar tradisional (mol-mol aja mborong nang kana - anu ora bisa ditawar be di srentek-srentekena, beda karo pasar tradisional bisa DITAWAR, tur sing dodol wonge dhewek, udu wong luar sing gawe mendem dollar), balik maning meng INDONESIA banget nasionlalis sing religius, udu  nasionalis sing materialistis
Wassallam, kelilan dulur...

Kepriwen Bada Ne ?

"Taqqabalallahu minna wa min kum", sedulur padha pur-puran: ngaturaken sedaya lepat kula, kathah lepate nyuwun ngapunten"...

Sedulur,............
Siki wis bada, sing pada shaum wis bis dhahar awan-awan, wis pada kerja kaya biasane, sing nang kampung wis "mbalik maning" meng kodhean nang jakarta, bandhung, depok lan sing padha nang sabrang, kaya kalimantan, sumatra, sulawesi lan liya-liyane, sing meng luwar negri ya ana moga-moga ulih berkah lan keslametan, syukur-syukur ana peningkatan. Tapi kabeh mau kepengin "ulih berkah" kang Idul Fitri, berkah dadi pada balik maning meng fitrah.
Fitrahe menungsa kuwe suci lan dadi hamba sahayane Gusti Allah SWT, udu sing pada mblejud lan mbejujag, semangkeyan, lan ora padha eling,...

PROMOSI PUTRA TRAVEL KIYEH LUUR

    PUTRA TRAVEL - CILACAP JAWA TENGAH Agi mangsan pandemi Covid19 kiye terkadhang dhewek esih kudu tetep lunga, lan ngger numpak sepur/ ker...