Esih Padha Kuwat Ora Shaume ?

Kaya enyong dhewek sing nang paran - agi mranto - angger wis likuran jan pancen pikiran werna-werna banget, sing kepengin bali, kepengin tuku klambi go lebaran, kepriwe guli tuku karcis kreta, nang ngendi guli sholat Idul Fitri, lha angger sing wis duwe karcis ya esih duwe pikiran, jan kapan ngguli bali, nunggu wektu ketone suwe temen... lan liya-liyane.
Pancen dulur wulan Romadhon kuwe menurut siji hadits - sing sanad lan riwayate jerene ora kuwat banget - bisa intine tek omongena : wulan Romadhon kuwe dibagi telu, sepuluh dina sing sepisan diarani sepuluh dina rahmah - sapa bae angger awal-awal puasa mesthi pada puasa - sebab kuwe rahmate Gusti Allah Swt meng umat mulaih dibuka, angger pertandingan kiye kaya babak penyisihan lah, sepuluh dina sing kepindho diarani sepuluh dina maghfiroh, sepuluh dina sing penuh pengampunan dosa, nah nang sepuluh dina sing kepindho wis akeh sing "gugur" nang babak penyisihan bae wis akeh, apa maning nang babak semifinal - babak maghfiroh - kur wong-wong sing imane kuwat lan bisa ngliwati sepuluh dina pertama sing melu semifinal lan insyaAllah dosa-dosane diampurani nang Arsane Gusti Allah Swt, pancen abot, kaya penginyongan kiye sing pada nang perantoan mesthi wis akeh banget sing dipikirena, sing kaya mau tek sebut nang ndhuwur, kaya-kayane konsentrasi puasane wis tambah nglembreh, ora tatag lan teguh kaya dhong awal-awal puasa.... lumrah tapi kudune dhewek kabeh mulaih niat maning, ayuh puasa sing lewih ikhlas nang dina sing bek maghfiroh kiye, terus sikine dhewek wis mlebu nang sepuluh dina sing keri dhewek, ya kuwe 'itkum minannaar , ngedohena panjenang kabeh sing nglakoni puasa sing temenan lan ikhlas kang siksane neraka. Pantes bae abot banget, angger adoh kang siksa neraka wis mesthi perek-perek meng suwarga, nah suwarga kuwe regane ora gampang, regane ora sipil, larang tur abot..... wajar nek aku ngarani likuran gutul lebaran kuwe tek arani puasa sing final lan pol-polan abote, nang ngendi-endia sing jenengane pertandingan final yang mesthi paling abot, paling berkelas, paling nentukena. Nah dulur enyong ndongakena meng panjenganan padha moga-moga Allah Swt paring kekuatan iman lan ikhlas gutul rampunge puasa, sepuluh dina sing akhir menurut riwayate ya ana wengi sing lewih apik kang sewu wulan (kurang lewih 83 tahun telung wulanan), angger pas beja wengi kuwe panjengan agi ibadah sing gentur, sing getol, insyaallah sewengi kuwe ditaker pada karo 83 tahun lewih bangete Allah Swt tresna meng umate Nabi Muhammad Saw sing rata-rata umure cendhek-cendhek (umate Nabi Nuh ewuan tahun, Umate Nabi Musa atusan tahun), umat siki (umate kanjeng nabi Muhammad Saw paling perek-perek umure Panjengane Nabi 60 tahunan), Lha salah siji ibrah - pelajaran - wengi lailatul qadar kuwe, men amalan umate Nabi Muhammad Saw bisa sejajar, bisa nglewihi amalane umat-umat sing gemiyen-gemiyen karo umur sing cendhek banget kiye. Angger umure kur 60 tahun, akil baligh 15 tahun berarti umur ngguli ngibadah 45 tahun, lan angger saben tahun ulih lalilatul qadar berarti ngibadaeh bisa diumpamakena 45 x 83 tahun = 3735 tahun, kuwe umur sing dhawa banget nglewihi umur Nabi Nuh lan umate, Allahu Akbar, lan nurut riwayat kanjeng Nabi lewih mantep sholat, dzikir lan ibadah liane angger wis likuran, kuwe ngemu maksud men dhewek tiru - nggolet wengi lailatul qadar. Kepriwe sedulur angger siki panjenengan padha aja disit mikirena sing werna-werna meng liyane ngibadah puasa, kudune tambah fokus, tambah gentur, tambah getol ngguli padha puasa, ngguli pada ngibadah insyaallah olih wengi lailatul qadar, engko nembe mikirena bali kampung angger awan bae, angger wengi tambah porsi ngibadaeh, setuju dulur ?
Enyong ya jane ngomongi panjenengan kuwe meng uga ngomongi awaku dhewek, muslim kudu ling kinelingan nang barang sing bener, lan ling kinelingan karo kesabaran.
Depok, 21 September 2008

Jalur Lor (Pantura) lan Jalur Kidul

Ora ngerti kerpriwe koh jalur Lor (Pantura) lewih rame, lewih bregas lan bergairah dibandhingena karo jalur Kidul - tumrapku nang sektor perekonomiane -, padahal Jalur Kidul dalane ya ora elek banget, tapi sing jelas pancen lewih ciut, senajan kaya kuwe tapi alus - ora akeh jeglongane - tapi aku terus takon, kenangapa lewih sepi ? Apa mergane ?
Takon terus tek jawab dhewek, go semban salah ya aku dibenerena, ya mbok ?
Jalur Lor lewih rame mergane kana akeh pelabuhane - priok (Jakarta)- tanjung emas (Semarang) - tanjung perak (Surabaya), nah sing jelas wektu joge meng pelabuhan lewih cepet angger liwat pantura daripadha liwat Jalur Kidul. Jane ya go tantangan Putra Daerah Jalur Kidul - udu go ngrusak peseduluran - milah-milahena (dikotomi) LOR karo KIDUL, tapi kur nggo nggamblangena masalaeh, ya kuwe masalah perkembangan ekonomi Jalur Kidul sing kalah adoh karo Jalur Lor. Nggeli tambah gedhene, tambah ramene, angger dipikir jane daerah kidul ya ora kalah subur, ora kalah potensine, ora kalah jumlah wonge, ora kalah sumber daya menungsane, karo Lor. Angger ana kreteg pemimpin daerah kidul men aja keri terus - nang ekonomi - kuwe kudu gagean digoleti carane, digoleti kekurangan lan potensi sing bisa didhudhuk men keton genah ciri lan cara go mburu kerine Jalur Kidul. Angger tekan kono pikirane wong kidulan mesthi sedhela ana kemajuan sing ketera banget, basa melayune - perkembangan yang pesat dan mencolok - kuwe dadi gaweane para pemimpin daerah kidul.
Contone Jalur Kidul - Tasik - Banjar - Cilacap - Banyumas - Kedu, terus meng wetan, sing kudu lewih sregep nggeli kerja, utawa lewih KREATIF sethithik maning. Tapi sing tek deleng pancen perekonomian kuwe tergantung letak lan posisi - strategis apa ora posisine - nang aring Jalur Kidul termasuke kalah posisi dibanding Jalur Lor, tapi kuwe udu alasan go mbelani kerine Jalur Kidul, sebab wis jelas keri utawa ora kuwe bisa disrentekena, bisa diusahakena men aja keri banget, Kalah posisi aja kalah teberi, bener embok ? Ya kiye kur urun rembug kang kula, mbok kanggonggawe ya sukur angger ora ya mayuh padha dipikirena bareng, angger daerah KIDUL maju sapa sing bungah ? Anak putune dhewek embok ? Ya wis emen kaya ngapa kahanane engko angger para pemimpin wis sadhar, wis ngerti, sepisan maning kalah enggon aja kalah teberi - kalah posisi jangan kalah keuletan. Matur kesuwun.
Depok, 18 September 2008

Mudik - Bali Kampung

Kepriwe njenengan pada arep bali kampung apa ora ? Maksude enyong ya khusus sing padha nang paran, sing pada ngodhe lan paal nang Njakarta, Mbandung, Ndepok utawa Mbekasi. Angger njenengan padha sing ora lunga-lunga ya ora usah lunga kota - tukar tempat pendheken - tapi jane sing paling penting kuwe maknane ngguli padha mudik - basa Banyumasane mudik kuwe apa yah dulur....- ya wis lah pokoke mudik. Mudik sing paling penting tujuane, sing paling penting lakune, sing paling penting bali nggawa barang kambi tingkah laku sing apik, aja nggawa tingkah polah kota sing mbejujag, mbajug, lacut tur ora duwe dur (ngawur), terus de tularna meng kampung lan desane, ora apik babar pisan. Tujuan utama mudik kudu diniati, silaturahmi, tilik kanca batir lan wong tuwa sing setahun kepungkur ditinggal ngodhe nang paran. Angger ulih-ulieh kabar sing apik (nggawa duit misale ya sukur), utawa nggawa calon bojo ya ora papa, tapi poma di poma aja nggawa "tingkah polah" cara Jakarta utawa budaya "keblinger" sing maune ora nana nang ndesa, terus digawa bali, contone : mabok, pergaulan bebas bablas, mbajug meng wong tuwa, lan liya-liyane sing gawe mblegidhige atine liyan.
Lan sedulur ora kelalen enyong weling, sing ngati-ati nggeli mudik, asa ngasi kebut-kebutan nang dalan, aja nggawa balita numpak honda - sering kedadean ana bocah cilik "ora nana" gara-gara dipeksa numpak montor, kedadeane nang Mbuntu - POM bensin - bocah esih cilik banget ketone umur loro utawa telung taun, lha nang Pom kan ramane bocah agep ngisi bensin disit, terus biyung bocah aren nyusoni,.... eeee.... mbareng ditiliki jebulan bocahe jan wis ora nana, wis ninggal dulur..... dadi angger duwe balita ya, jane apike aja ditumpakena montor, bocah cilik menthik kan urung bisa nahan hawa ademe angin, dadi lewih apik kayane ya biyung bocah kon bali disit, aring kampung seurunge bada, ya angger meh likuran kan wis rame, jane apike yang angger bada esih adoh, misale tanggal 15 romadon, kan lewih murah, tur bocaeh waras bedhigas lir ing sambekala, kaya kuwe embok ? Engko nang kampung bisa plesir nganah-ngeneh....
Lha angger go dulurku sing ora padha bali, ya ora papa, kadar bada ana maning ikih tahun ngarep, cathet... sing penting silaturahmi aja pedhot, aja nganti jarang ngalang-alangi silaturahmi, kan siki wis ana telpun, sing 3G maning bisa ndeleng bocah - putune - sing nang aring Njakarta kang kampung kana- misale nang Mbringkeng - Kawunganten - Clacap, kuwe kur go sembane thok. Enyong dhewek ya arep mudik, tanggal 30 Septemberan, angger wis olih tiket, tapi angger ora keconggah tikete ya,.... bali bar bada baen lah mbok menawa lewih omber bise.
Lan kayane kiye thok sing bisa tek tulis, sumbangan moral, spiritual tur dhukungan pengestune panjengan kabeh tek enteni, temenan banget, sapa bae wong mbanyumas sing kebeneran mbukak blog kiye, tulung ya njenengan kenalan karo enyong, tambah dulur tambah rejeki embok ? Insya Allah. Kesuwun.... terus kelilaaaaan.
Depok, 8 September 2008

Kenalan disit

Kula niki tiyang Mbanyumas perbatesan kalih Cilacap, ancer-ancere saking prapatan Buntu ngilen - arah Jakarta Bandung - termasukke kepengin nguri-uri budaya Banyumasan. Mendoane, sroto, kripik tempe, ebeg, lengger, bawor lan liya-liyane. Sing asli Mbanyumas...

Tapi sedulur.... kula nembe bisa mulaih kaya kiye, njaluk dhukungan lan bela sokong para dulurku kabeh, sing krasa lan kepengin nglestarikaken budaya sing adiluhung Banyumasan.

Matur nuwun

PROMOSI PUTRA TRAVEL KIYEH LUUR

    PUTRA TRAVEL - CILACAP JAWA TENGAH Agi mangsan pandemi Covid19 kiye terkadhang dhewek esih kudu tetep lunga, lan ngger numpak sepur/ ker...