BASA BANYUMASAN NANG JAMAN DIGITAL

WIS SUWE MAYENG-MAYENG BAEN, WARA WIRI MBANYUMAS - NDHEPOK
Jaman aganu urung ana WA (whatsapp) sing maraih wong padha bisa dopokan karo batire mung nganggo jenthik diuwel-uwel ngantek mringkel ngguli nulis. Tapi pancene ya kudu ana internete lah,.... sing lewih medeni maning kudu ana kuotane. Ana ana baen pancen, tapi gelem ora gelem ya kudu melu. Angger ora melu-melu WA an ketone koh kerinjaman temen yah? Kuwe tumrape wong sing ngaku-ngaku ora gagap teknologi - alias angger ana teknologi infromasi sing anyar ora kamithotholen - angger gaptek kuwe genah kamithotholen angger nyekel telepon pinter - smartphone - ya minimal kamitenggengen disit lah, terus nlithik, biasane ora nganggo layar sentuh - mung di usap thok,utawa di thithik nganggo jriji langsung gelem mlaku utawa gelem nelpon koh - maune angger kepengin nelpon ana sing disebut interlokal,  larang tur ora nana sinyale - ana sing ngomong kae si mbah mijan jere angger tuku pulsa telpon karo sinyale sisan, men ora nggoleti sinyal maning - lha angger ana bakul sinyal sih mandan tenggun, ana ben ora koh.  Nah teknologi WA kuwe wis ora susah nganggo interlokal-interlokalan, kur gari tukokena paketan WA ne - sarate ana sinyal lho ya - wis gampang mlempang angger kur dopokan, tapi maene maning angger kepengin "rubungan" nang alam maya kana, kuwe mpeyan padha gawe sing jenengane "grup", nah angger nang grup kuwe kan ana kamituwane - admin - kuwe sing ngurusi sapa sing ndhaktar dadi anggota grup. Angger wis padha ndhaktar gari padha dopokan, malah kaki suta ngantek sewengi med, ngguli WA an karo kanca batire sing padha nang paran. Ujarku ana sing mandan nyleneh sekang kanca batire dhewek sing sekang banyumas  - wong mbangsa lan tapis wiringe - kuwe angger WA an ya karo basa mendhowan baen. Ana paribasan jere angger ora ngapak ora kepenak, Kuwe pancen jan nyata temenan koh. Mayuh padha WA an tapi nganggo basa banyumasan baen, angger ndopok utawa gendhu-gendhu rasa karo wong sing lewih sepuh dhongane ya nganggo basa krama. Apa malah wis padha kelalen basa krama njenengan kabeh ? Angger angkatane utawa brayananku kaya-kayane ya esih padha bisa lah angger kur ngomong krama utawane krama inggil. 

BASA BANYUMAS AJA NGANTI ILANG DHONGENE
Enyong pancen mranto ket bujangan tekan siki urung rampung-rampung, urung mandhiri dulur... genah koh. Sing mandan mendhing jane merga keluwargaku - bojo anak mertuwa - kabeh menggon nang mBanyumas, dadi senajan aku mranto wis sekang kuna mekuna - kepara 20 taunan - aku tetep baen ngeslem ngguli ngomong banyumasan. Nganggo basa melayu a ya tetep logat utawa cengkoke banyumasan, wanteg pendheken, wanteg apa wangkot ? Ya kurang lewih kaya kuwe lah... sing jelas kacang ra kelalen meng kulite, utawa manuk ora kelalen meng susuhe. Senajan wis mranto metaun-taun esih sipil angger kur ngecebres basa banyumasan. Enyong duwe pinemu, angger kadang sedulur, kanca batir padha mupakat, khususe go wong sing mranto tur duwe dalem nang luwar Mbanyumas - sing basa utawa ngomonge ora padha karo luhure dhewek - usahakena putra-putrine panjenengan padha diwarahi basa banyumasan. Angger dheweke bali meng nggone mbaeh, utawa lilike, utawa uwane, pokoke angger dulure ngomong ora kur metonggo sebabe ora nyandhak lan ora mangsud sing diomongena. Tapi angger nang njenengan padha diwarahi, mesthine ya tenggun ora faseah banget ya mandan ngerti sing diomongena. Angger diwadani, dirasani, diomeih seora-orane ngerti utawa nyandhak lah...

MENDHOWAN
Ngomong nggone dhewek ora nana liya ya kudu ngomongena mendhowan. Rasanye original, mbleketaket lengane, klenyis tur maregi, Aja kakehen sih bisa aseb. Ngomong mendhowan sedhela ya lur. Mendhowan nang tapis wiringe banyumas rasane jan ngeterani banget, beda karo nang nggon liya, arepa sing gawe penginyongan tapi angger tempene ra sekang nggone dhewek tetep ana sing kurang rasane. Mendhowan nang nDhepok akeh, tapi rasane era klenyis, era buket, era nylekamin kaya mendhowan sing nang ngumah mBanyumas kana, mendhowan banyumas ra memper enake koh...
Jaman gemiyen ana wong ngarah gadhung, orang ngerti carane ngguli masak, bar dibedhul, terus dioceti, diiris-iris, terus dikumbah langsung didang. Mateng dipangan ya enak, kinel-kinel mandan ayid-ayid kaya kae lah.... tham them entong sepiring,.... arep nambah tanduk koh malah gleyeran whara.... ya jelas lah mendem, gadhung kuwe ana racun sianida - HCn - nah wis ngerti mendem suwe-suwe nyel nyelan terus gumoh,... tambane jan yakin dulur, nganggo mendhowan. Siji baen utawa loro be cukup. Angger kakehen malah engko mendem oplosan - gadhung dioplos mendhowan - tapi pancen mari angger mendem gadhung ditambani mendhowan. Tapi aja dijajal ya... wong siki gadhunge ora lombo-lombo kaya jaman gemiyen, gadhung siki wis kelebu gadhung millenium. Kayane racune ya lewih mandi tur mbilaeni.

Mumpung agi ngomong gadhung,.... jane luhure dhewek pancen wis canggih utawa lantip pisan masalah nambarena racun sianida - upas gadhung - nganggone apa jajal ? Ya bener nganggo "awu", awu pawon kuwe kan akeh-akehe sekang repekan kayu, dibakar dadi awu basa kimiane jebule "Carbon (C)" salah siji go gawe tambar meng upas gadhung basa kimiane HCn - asam sianida -. Critane kaya kiye; angger tes met gadhung, didhukir aja nganti padha kecowas, angger godhonge wis padha soklat rupane - murang - kuwe tandhane gadhung wis bisa dipet. Bar dibedhuli diwadhaih kandhi, utawa kranjang, angger sethithik rinjing ya cukup angger akeh nganggo gejobong - tapi apa ana sing kuwat ngenyet gadhung segejobong dhewekan ? - wong gemiyen pinter, ya gotongan nganggo salang mbatan kaya kuwe mbok ? - tekan ngumah dioceti nganggo peso, diris kulite sing brudhug ana oyode, warnane krem, angger daging gadhunge warnane kuning semu putih, ambune nggawe mendem, angger kenang kulit jan lumayan gatel. Wis dirisi tipis-tipis, terus diwei utawa diuwur-uwuri awu, mbanjur dilebokena meng bokor, diulet ngantek wrata, warnane dadi klawu, terus di pe, sedina angger panase njepret ya wis cukup. Bar di pe angger wis mandan kemlethik, terus dikum biasane sewengi ya cukup, esuk-esuk digombang kambi banyu ngantek keton putih banget, awune wis ora nana sing nemplek nang irisan-irasan gadhunge. Nah sekang kene bisa langsung didang sebagian dipangan dicampuri ampas karo uyah, anget anget jan, nylekamin tapi mandan keas-keas kepriwe lah... tapi jelas mantep langka siki dangan gadhung. Sing keloro bar di dang ora dipangan tapi di pe maning, di pe ngantek garing thinthing, terus bar kuwe digoreng ya bisa, disangan ya bisa. Sing ketelu bar digombang karo banyu wis bersih tur putih gadhunge dipe maning, angger wis garing thinthing nembe di goreng. Rasane gawe seret nang gulu angger kakehen sih, tapi tetep gurih lan empuk, kapes-kapes kaya kaelah... angger sing didang dingin sing rasane kemriyik, angger sing mandan bantat malah kemlethik pisan koh... Seclewik crita panganan langka ya kuwe gadhung, sing ana upas racune tapi nang luhure dhewek ditambarena nganggo awu. Ilmiah, Asam dinei Carbon dadine Garam, garam padha nemplek nang awu, awune digombang - dikumbah banyu - berarti garam mau wis ora nana, padha katut banyu gombangan. Pinter, ora kakeh ekrel tur nyata pancen wong gemiyen.

TEMBUNG BANYUMAS ANGGER ANA SING KURANG MONGGO DITAMBAIH PANJENANGAN PADHA, ANGGER KOBER BISA DADI KAMUS BASA NGAPAK  

a
apen apene
apiapi
ampad
ampang
angot
angob
anggang anggang
aor

b
bothekan
bandrek
blijing
brakot
bengkek
benji
brewes
brojol - pundhak
benang - walang lanang (soklat)
bedhor - walang wadon (hijau)
berek - disembelih
blendok
bekitel
brindhil
babal - welut orang kedimek, kethewel nom
bajang
bandhos
bekasakan
bendho
bedhog
bonto
bedho
bibis
bibis pasir
buli-buli
bendhul
bongkrek
bengkeresen
bangkiyangen
busik
bribik
bungkil
bungkak
bludreg
brecencengan
bijig
blodor
batir
bengor
bandhol
bangka
bolor
blaruk
bonte
bogo
boso
bantat
blombokan
buntet
buntek
bledik
bleduk
bledhug
bledheg
bledhag
banjet
bundhel
bundhelan
buntel
buntelan
brembet
bagol
beweh
banter
benthong
bluntas
buthuk
bothok
brancah
brai
bobor - jangan kethewel
bobor - ora payu
banten - jenis kimpul
banten  - korban nyupang
botoh - bandar
bandaran - dolanan umbul
brambang brojol - bakung
blabag
blabiran
blonyoh
bengkong
benthong
bluntas
bodong
bungkret
bengor
blanthongan
blebed
bombong
bujel
bangkong brudhug
bonggang
boled
busung
berod
bujur



c
ceminguk
clamit
crebek
clebek
clubuk
celilian
canthir
canthor
cekithir
cengkli
clamed-clamed
cimit
comot
cengkeweng
cekhithing
cangkling
clangkrog
clongoban
cemat cemot
climusan
clegowekan
cempulek
cempaluk
cemepret
cebrik
cenganguk
cileren
clekathit
clemer
cluthak
cenggerenggetheng
condhol
cemendhil
cethil
cemlaket
ceg uwi uwi
cikrak
congklak
cemongkak
cimenengan
cireyangan
clurut


d
dhengkil
dromenan
dhangka
di iker iker
dhorang
doran
dhupak
dhengglungan
dhandhang - gagak, pacul lancip pisan
dengkek
dlembong
deres - udan, maca al-qur'an
deres
dlampuan
delepe
dlingo
dudul
dulep
dilat
damprat
dhog
dhog dhog
dhog los
dhongane
dhonge
dlongop
dhekok
dimek
di emek
dikep
dlika
dipan
dablongan
dobol
dikobok
delep
dhongklakan
debir
deles
dhebad
denengen
dhendhek
dumil


e
eber
emprep
embret
embatan
erek
ethek
endhep
ekrel
embane
enggane
engkol
empere
endlap endlap
engkag engkog
endhal endhol
engket engket
emod
emoh
emban
empis empis
enthak enthakan
egleng
elok
emperen
emper2e
embuh
embok
empok
embut2
ewuh
elekbowek
eblek
ebeg
enthis
endhong





f

g
gehtak
glitho
gemrengseng
githir
gathar guthur
genter
gantar
gilig
gejug
gejus mbulus
gronong
gemrapyak
go semba
gobrod
gagal - urek2
gambreng
glegesan
goleng
gondheng
glopot
gobyos
gemagus
gageyan
genthowakan
gentho lodong
grasah grusuh
gemrapyak
gempi
gembus - bukan gedhages
gedhages
gidro
gemlawik
gandhik
gendhel
gimiren
guthing
gipyak
galundheng
gedibagan
genyeh
granting
geyong geyong
gubeg
gubed
gludhug
gledheg
gledhegan
grawilan
gentawil
gentawilan
gesrek
gesrekan
gempur
genjor
gujih
gejrut
gojlog
gamprat
gedhoprok
gedibagan
grago
grontol
growol
granting
ginggang
gople
gobog
gemblung
genthowakan
ganjilan
gejus
gerji
gapit
gapet
gupruk
gripis
grepes
grogas
grujug
gragal
gronong
grumung
garan
gegrek
gigir
geger
gori
godhet
gunggung
geber
geber2
gebleg
gojrod
gemplong
genyeh
gromos
gutuk
gutul
getul
geget
gesek
gorek
gobed
gesrek - lobak digesrek
gesrek - digesrek kuwe digondhet karo bola gelasan
gelasan
gamblong
glenikan
grabyag grubuyug
gotak
gotek
gothot
gethek
genjah
ganjel
ganjil - medi ganjil
gemuk - oli
gedhog
githok
grinjalan
gandhang
gandhek
gawing
giwing
gowok
gentho
gantho



h
hungkuk


i
icing icingen
inel
iguh
idhep
isel isel
ingkling
inggeng
incim
ilag ilag
impleg2
incrit2
ithir2
ikrak





j
jlidhur
jangla
jangga thethek
jlontrot
jladren
jampang pait
jaburan
jalitheng
jugangan
jujugena
jog - tambah banyu, tekan
jogan
jenggelek
jorog
jelag
jebul
jibles
jiplek
jimbreng
jantur
jemper
jedhor
jabrisan
jlegudhag
jungkung
jor
jorna
jere




k
kebluk
karag
kelthak
kombor
kanjat
klenyis
klewus
klembak
kejengkang
klenger
komprang
komprangi
kampleng - bithi
kampleng - dhuwur gering
kepengkok
ketronyogen
kranjapan
keliren
keluron
kenyil kenyil
kenud kenud
keled keled
keplethes
keglintes
kemarangan
kewirangan
kisinan
kerainan
kamigilan
kegawakelu
kamithotholen
kamitenggengen
kamisesegen
karidun
krewes
kekeb
kepanjingan
kepradhah
kepradhak
kemradhak
klomodan
komoh
keminjal
kemproh
kempirkempir
kipatena
kiring
kiring - klapa
kirig kirig
kinel
kenyil
kencot
kruwel - pating
kored
korep
krowak
kendhit
komprang
komprangi
kemplang
kanjat
kapicirit
kablek
kemanigan
kelilipen
keloloden
kesenggrak
kesenggruk
kenyol
kantru
kandhi
kacip
keyangkaban
kempiskempis
krekel
krakal
krosok
kruma
kemudu
kenthes
kemaduan
kelungse
kerinjaman
kerigan
kluban
kambur
kethoprak
kumbul
kedhik






l
larag
libad libed
lethoki
letep
lepatlepot
letek
likur
lombo
lembo
lemed
leklakleklok
lenjeh
lendor
labrag
lulub
loncom
logro
lingsa
landhak
lendheg
lindheg
londhog
lacut
lewer
lemper - suwe ngguli mlaku
limpe
lempes
les lesan


m
manyleng
mente mente
mbaranggawe
mrekengseng
mbanyaki
methingkrang
methentheng
methentheng
methengklis
methingkring
methongsot
metonggo
mrekengseng
methekus
mblubud
mlosdrong
mlusdrung
mbelosondo
mengkirig
merkabak
mekukeng
maido
mbingsrung
methusel
mrebel
mrithut
mbrithut
mlosot
mlorod
menthot menthot
menthala menthili
methokor
muthur muthur
munthuk
meyangga
montleng montleng
malur malur
mranggal
magel
mangler
mengsol
mluntir
mungkek
mutik
muthu
mrutu
murbe
mbrontakena
mangslup
mengkered
menjoto
mindhil mindhil
mener mener
medhor medhor
mbrangas
moroti
mbandreng
merad
methakil
methengsel
mengsol
mlangrod
mblunat
megel megel
mele mele
mbajug
mbejujag
mblobor
mlewed
memet
menggeh menggeh
mlipit
montlop montlop
mengkureb
mbandakalani
mbabag
mbundhet
mblowak
mblondho
mecingkar
mbrecenceng
mblebek
mblubuki
mukek
meler
moler2
muyer
manyer
mbregajul
mbangkat
memper
magel
mbrosot
mulab2
mlencing
mbencilung
mbambung
mbaung
mludhuk
mendelep
meped
mingser
mongah2
mongar2
mbrongos
mbethot
mblasak2
mogol



n
nglabruk
nlithis
nglubruk
nglubrak
nglebek
nglepek
nyocog
nyewir
nyemir
nyetir
nyoplok
njenthir
nyupang
ngorag
ngompres
ngoblok
nglubuk
nglurug
nglepat
ngekes
nembrag
nenjang
njapluk
nyanthikan
ngrewiceh
ngrememeh
nggedibel
nggentomol
njentol
nglading
nglebabur
nglegoso
nglepese
nggedhabrug
njligrang
ngonggor
njanggleng
numbleg
njonte
nyangkreng
nglendhet
ngot ngotan
nylekitho
nylekamin
nyrewoto
ngusel
nggrusel
ngampad
ngrambang
nglembreh
nylembar
nylesep
nylemped
nylandri
nyumed
nyuled
ngglepuk
nggembrot
ngglewar
njlegudhag
njiplong
njengkelit
njeplek
njeplok
njeblag
njelplik
nylomod
nyureng2
njenjet
njembel
njithet
njapluk
nguyang
nggramak
ngeyeg
ndlepus
ngengkel
ndhaut
nylungsumi
nyuntek
nyosrog
nyogrok
ngondlop
ngemplep
nggebrot
ngobor
nggejoh
nggjrot
nggemplong
nggempuleng
ngetepet
ngegleng
ngeciput
nggendring
ngengkreg
nggemblok
njendhol
ngleweng
nggarang
nyarab
njikot
njukut
njimot
njiyot
njumut
njeprah
nyluntrut
nggrabis
nggrasak
nglubrak
ngemprah
ndlepus
nglemprak
nglempuruk
ngangklik angklik
njundhal njundhal
nyeketheng
nylampirena
nyampirena
nyawur
nylemped
nglemped
nletek
ndlodhog
ndledheg
ndlidhig
nglendhot
njeplak
njepat
njepot
njedhod
ndhongklak
ndhegol
ndraeng
njiplong
nyumed
nyuled
nyuwik
nyawuk
nyemplak
nyomot
nyimit
ngemat ematena
nganyag
ngegos
njuleg
njludrah
ndadrah
nglomboni
ngorob orobi
ngobor obori
nginggeng
ngongkog
ngglumer
nggludhag
ngglenggem
ngglosor
ngglebag
nggubeg
nggeblag
ngeblag
nggondheng
ngombor
ngambur
nglabur
nglayab
ndhandheng
nylangkrog
nyluntrut
nyingkab
nyangkem
nyadhong
nyrampang
ngrambang
nggedibag
nggedibel
ngegek
ngegeng
ngagor agori
ngrengek
ngengek
nggamblik
nggblas
nggedros
ngojel
ngebor - curang
njajagi
ndopok
ndikep
ndimek
ndrememel
ndleming
ngromed
ngangkrek
ngobrok
nylimur
nyocot
nyemek2
ngomyang
nggentawil
nggrabis
ngured ured - sepet
njabel
nabel
njempalit
njungkel
ngethithir
ngglenes
nglebabur
nglentab
nyuwek
nedheng2e
ndheprok
ndengkeyeng
ndengkeng
ngendhong - klinthung
ngendhong - bar benyek dari banyune akeh ora mlaku...
ngecombong - ngendhong banyune
ngecebres
ngurab
njagani
njagal
nomboki
nglironi
nyelangi
nggramaki


o
onjo
ongkrog
omprog
omprogan
ompol ompolan
ondelondel
orong-orong - mbelalangan
ojel
onggrongan
okol
ogleg
othel


p
prongkas
paido
prekoto
punel
pethenthotan
penjuron
pemeyan
pugag
plenet
plenet -
plethet
pincet
pencet
pijet
pugal
peges
penges
pondel
pendel
punjul
prei
patromak
pagak
pagas
palang
portas
penekan
pendheken
pethithian
punuk
pethengselan
penimbul
plilis
pithes
prampang
pedog
prumpangi
porotan
penggokan
pakra
persenan
pedupan
pecothot
primpen
punjul
punggel
pancal
patrap
paju - bledheg
panggal
panggal gangsing
panggal gantho
panggalan
peteng ndhedhet
pating kremod
pating cruwit
pating geleleng
pating klepat
pating gluthak
pating sliwer
pating kruyek
pating njerit
pating tebluk
pating criyet
pating krosak
pating glosor
pating cebur
pating klawer
pating projol
pating pentheyot
pating njlegur
pating klabruk
pating kliprik
pating celilian
pating ndlohom
pating petonggo
pating plongo
pating jimprak
pating pendhukul
pating krompyang
pating sruwuk
pating jebodhel
pating kreyip
pating krelip
pating pecucu
pating mbrecenceng
pating gembor
pating klothak
pating kradhak
pating pentiyung
pating jethor
pating njlidhur
pating gedumel
pating clorot
pating blurut
pating njlurut
pating mecingkar
pating klekar
pating krampul
pating kethaprok
pating tletek
pating srenit
pating cenit
pating krewiceh
pating slebar
pating senut
pating greges
pating pleyot
pating glubrag
pating gentaung
pating nggrandhul
pating penjoto
pating gedebug
pating srondhol
pating prucut
pating kringkel
pating kruwel
pating kruget
pating pecicil
pating besengut
pating clongob
pating glewar
pating kerag
pating sranthal
pating kethithir
pating krawed
pating glibed
pating priyek
pating kejet
pating pringis
pating cekikik
pating senggur
pating plekenthos
pating klubrak
pating kethether
pating jempalit
pating genthowak
pating gliyer
pating kremod
pating pencinat
pating gremeng
pating griyul
pating slambrang









q
r

s
saring
sededeg senyet
suthir
slempedan
sedhet
sendhatan
sirgug
semblothongan
simpe
singget
sarab
sekleraban
semromong
semelet
sanggret
slambrang
sodho
sotho
semangkeyan
slmod
suled
sumed
sumeden
slengso
singgem
seser
seset
sogok
suwuk
selen
sleder
serab
sar saran
sor
sogrok
sundep
samber - go ndimek iwak
sumbar
slepen
slerekan
sidhem
suthur
sulur
srimped
srobod
sruput
sripit
slumpring
sedhet
slumbat
sorog
sregep
soten
semega
songkol
srinthil
semrinthil
sanggret
sekel
saipet



t
tundhan belis
tidur
terbang
teplok
thereng
taligoci
tuman
trigan
trebis
tunjel
tumbleg
templek
templok
tenjang
tumbras
tepes
tagon
thekor
teplak
tlimukan
trobos
tlembuk
thethek
thethek bengek
titir
tutur
teter
terong aor

u
undha usuk
udud
unclang
unclang buron
ugel ugel
ubrus
uyeng uyeng
uceng - iwak
uceng - so
uceng - manuk





v
w
wilar wilur
wragad
wenyed
waleh
wirang
warangan
wegig
wareng
werdi
wawuh
wawik
wangkot
wadung
wawar
wewaler
waled
wungkal
wungkuk
wuni
wor
worawaribang
warawiri
walangkopo
wadhang
wadheh
wadi
wadul
wasuh
weweh
wilet



x
y
z

Matur Nuwun, kupat lepet disiram santen, ana lepat nyuwun ngapunten. 
Kelilaann ....

PROMOSI PUTRA TRAVEL KIYEH LUUR

    PUTRA TRAVEL - CILACAP JAWA TENGAH Agi mangsan pandemi Covid19 kiye terkadhang dhewek esih kudu tetep lunga, lan ngger numpak sepur/ ker...