Keblinger Ora Bener Tapi Akeh Balane

Sapa wonge siki sing ora ngiler meng materi,....kabeh-kabeh wis padha "matre", sing wis tuwa bangka matre apa maning sing esih enom,.... jane matre olih apa ora sih ?
Pertakonan sing angel dijawab, tapi tumrapku wong sing esih bodho tapi sok keminter kiye,...wis ana ugerane, wis ana tenger utawa cirine. Angger matre sing diibaratena ndadekena materi kuwe tujuan utawa Toghut - tuhan - jelas-jelas dilarang modhel matre sing kaya kiye. Wong muslim khususe butuh materi - go mangkat kaji, go sodakoh, go mbayar zakat , go urip pedinane - tapi materi sing diarah ora ndadekena wong muslim kelalen meng GUsti Allah ta'alaa,...sing gampange ora dadi "penyembah materi" alias pemuja materi alias matre kae mau.

GARA-GARA WONG PADHA DOYAN LAN MATRE
Akeh wong sing "dol diri" kur go nyukupi "matre" ne, akeh wong sing ora nganggo "halal-haram" go nguber-uber materi, akeh wong sing pada "sedeng" gara-gara ora keturutan ngguli ngumpulena materi,... jane apa sih sing salah ? Doyan, dhemen lan gandrung meng materi ya angger kebangeten pancen kaya siki kedadeyane, wedi mati tresna banget meng dunya. Padhahal uripe wis rekasa tapi jan meng dunya cintaaaaa banget, apa akibate ? wedi mati. Sing dipikirena kur dunya, dunya, matre, matre,.... sampe-sampe ilang kabeh paugeran sing wis di tetepena nang negara lan lewih dhuwur maning nang kitab suci Al-qur'an. Dhewek urip nang dunya ya butuh dunya, tapi poma-di-poma aja nganti dunya gawe picek, lan gawe "ndlenger" tur keblinger, kelalen marang ngarsane Gusti Allah Ta'alaa.
Gara-gara doyan dunya lan matre, harga diri sing jerene harga paling dhuwur tumram wong (oknum), dadi "murah" angger ditukar materi - waca:dunya brana berikut kroninya duwit, jabatan, wanita cantik dll - hukum bisa di dol tinuku, nyawa wong ora sepiraha regane,...agama kur go dienggo angger kepepet utawa perlu-perlu thok (mbojo, mati, lairan,....). Kanca bisa dituku, demo bisa dibayar, suara bisa di lego, bisa-bisa-bisa kabeh angger ana matrene - waca duwit cs - lha bisa meng sapa ? Untunge baen ora kabeh wong bisa "dituku", esih akeh dulure dhewek sing pada eling lan waspada, urip nganggo pakem sing bener, tujuan uripe jelas, dunya digolet tapi ora didadekena "sesembahan", dunya kur go srana ngibadah meng ngarsane Gusti Allah Ta'alaa.
Keblinger ora bener pancen akeh balane, tapi emuti....balane kuwe sapa ? Sing jelas kabeh-kabeh balane sing keblinger mesthi sponsor utama, prime promotor ya si Iblis la'natullah. Wis jelas mbokan, aja bangga batire akeh, aja rumangsa batire sekorab, tapi angger batir sing "cappe" padha "keblinger" ya mendhing akeh batire sing eling lan waspada, udu sing keblinger. Sebab Akeh batire angger padha keblinger, dijamin ngguli batiran angger seneng-seneng thok, angger rika-rika padha wis ora duwe matre,...nyungsep utawa bangkrut,...mesthi ditinggal lunga, kuwe wis dadi jawaban lan kasunyatan lan akeh banget contone,... sebab peseduluran sing di dhasari matre thok, kuwe "rapuh, ora kraket tur gampang pedhote",... tapi angger dijiret karo ukuwwah iman, ....nganti mati esih didongakena,.... dadi kur siki rika padha milih lan milah dhewek-dhewek arep keblinger ora bener tapi akeh balane, apa akeh sedulure sing padha donga dinonga ?
Aku kur nulis thok, njenengan sing milih.


Kiye bonus download.

SAMIDI lawak banyumasan. Merdukun, jan lucu pisan critane.

Sing duwe hape tapi wis ana applikasi JAVA ne (black berry/nexian lan batir-batire), kiyeh gim JAVA

PROMOSI PUTRA TRAVEL KIYEH LUUR

    PUTRA TRAVEL - CILACAP JAWA TENGAH Agi mangsan pandemi Covid19 kiye terkadhang dhewek esih kudu tetep lunga, lan ngger numpak sepur/ ker...