PROMOSI PUTRA TRAVEL KIYEH LUUR

 

 PUTRA TRAVEL - CILACAP JAWA TENGAH

Agi mangsan pandemi Covid19 kiye terkadhang dhewek esih kudu tetep lunga, lan ngger numpak sepur/ kereta api, montor mabur, prau/kapal laut mesthi baen kudu karo test Covid19, apa kuwe jenengnane Genose, Swab, PCR lan liya-liyane. Sing maraih repot karo mandan bebeh jane ya repote ngguli test tur kon mbayar, alias ana biayane ngaggo dhuwit kabeh koh. Nah sapa baen panjenengan nang tapes wiringe Mbanyumas-Clacap, sing arep lunga-lunga meng Jabodetabek karo Bandung. Agen Travel PUTRA bisa dadi pilihan transportasine njenengan, milih jalur kidulan Luur, dadi sekang Wangon bablas ngulon utawa menggok ngidul arah clacap-kawunganten lan sekitare, engko mangkat meng Mbandung utawa Jabodetabek, kuwe wektu dina-dina reguler, angger wisata mesthine beda maning perjanjiane karo agen ne. Intine Agen Travel PUTRA ya luwes, pantes lan semedulur pokoke lah ..

RUTE UTAWA JALURE:

1. Jakarta - Bandung - Cilacap - Kebumen - Jogyakarta

2. Semarang - Cilacap - Sidareja 

3. Pangandaran - Banyumas - Purbalingga

Mangsan Covid19 kiye nganggo jasa travel mesthine krasa lewih gawe ayem/bombong, ora nana tes Covid19 tapi njenengan ya kudu tetep nglakoni Prokes salah sijine sedia masker ya Luur. Sebab Prokes kudu ditaati manut maring aturan pemrentah. Agen Travel PUTRA kiye ngguli melayani pelanggane MENJEMPUT BOLA (udu bola-dom ya Luur) artine nek wis sepakat alias booking njenengan diparani meng ndaleme njenengan, terus dijujugena tekan alamat sing dimaksud. Lha engko ya regane alias ongkose dadi larang? Aja kewatir Agen Travel PUTRA ongkose ora mangkring utawa tega ngundhakena rega karo njenengan padha, nek basa Indonesiane REALTIF TERJANGKAU lah pendheken.

MOBILE LAYAK TUR MAEN TERUS SUPIRE TRAMPIL LAN PENGALAMAN

Agen Travel kiye nganggo mobil TOYOTA HIACE sing bisa mlebu penumpang thok sekitar 16 penumpang. Nek ana sing nitip barang ya paling dadi suda wong 12 utawa 10, tergantung barange sing digawa.

Kiye kertu nama sekang Agen Travel PUTRA :

Go lewih jelase hubungi baen Call Person-ne panjenengane Pak Budi Putra.

Kaya kuwe thok sing bisa tek wei ngerti meng njenengan padha, lewih kurange nyong njaluk ngapurane ya Luur. Matur Kesuwun



Tidak ada komentar:

PROMOSI PUTRA TRAVEL KIYEH LUUR

    PUTRA TRAVEL - CILACAP JAWA TENGAH Agi mangsan pandemi Covid19 kiye terkadhang dhewek esih kudu tetep lunga, lan ngger numpak sepur/ ker...