Nandur Kebecikan

Nandur kebecikan kuwe jan ora ana alane babar pisan, maen banget.... tapi sing ngati-ati lemonne udu karo kompos, udu karo garem urea, udu karo rabuk... lemonne nandur kebecikan kuwe kur ikhlas - lega lila legawa ora duwe pamrih apa-apa.
Siki wong sing nandur kebecikan cokan kelalen, kambi diembel-embeli "pamrih"... lha sapa ngerti aku nulung kaya kiye engko tuli aku ditulung wong liyane, angger ora ketemu ngawak ya ketemu anak..... sepliridan ketone apik pitutur mau,... tapi angger diiling-ilingi jan kuwe ngemu pamrih lho.. ora ikhlas...
Angger wis aweh yang wis pasrah ena bae meng Allah SWT, perkara arep diwales nang makhluke ya sukur angger ora ya dadi celengan go mengko nang akhirat. Aja kelara-lara angger perwewehe dhewek ora dipangan (panganan), ora dienggo langsung dibuang (klambi contone), diwekena wong liyane tur ora digople babar pisan,....kudune angger wis aweh ya uwis, atine dhewek aja melu nang perwewehe dhewek, angger esih katut berarti urung ikhlas. Angger panganan arep diwekena ayam, arep dibuang, aren go di iles-iles ya ngonoh.... wong aku wis "mbuang milik" nang perweweh kae....
Nandur kebecikan arep ngundhuh kemaslahatan, ngundhuh kemukten lan sing apik-apik, ana loro sing perlu dimangerteni nang njenengan. Angger nandur krono Allah SWT kuwe nandur nang ndunya ya nandur nang akhirat - pahalane loro-lorone bakal diparingi -, terus nandur kebecikan tapi go ndunya thok ya ana, tapi nang akhirate ora ana sing diundhuh. Kabeh mau tergantung niyate njenengan, angger niat go ibadah ya insyaallah gutul nang Ngarsane Gusti Allah SWT, tur ulih bonus disayang nang sepadha-padha.
Wis cukup kayane sedulur.... kaya ngundhuh wohing pakarti, ..... nandur becik tuwuh becik nandur ala tuwuh cintraka marang salira pribadi.
Matur nuwun

PROMOSI PUTRA TRAVEL KIYEH LUUR

    PUTRA TRAVEL - CILACAP JAWA TENGAH Agi mangsan pandemi Covid19 kiye terkadhang dhewek esih kudu tetep lunga, lan ngger numpak sepur/ ker...