Merdeka Indonesia Udu Merdekane Wong Cilik

Aku tau gendhu-gendhu rasa karo batirku (khususe :sing seneng ngomong pulitik), jerene bangsa Indonesia jane bisa maju angger dijajah Inggris, udu Landa. Tapi aku mandan ngeyel dijajah tumrapku padha baen, arep nang Inggris, Prancis, Landa, Portugal, ya padha baen, ora nana sing maen, kabeh "ngeker" kebebasan. Ditindhes, diuger tur dirampas kebebasan, ora ulih pinter, ora ulih sekolah, pendheken di "exploitasi" nang penjajah, diiles-iles ngantek bubar pasar. Pokoke angger dijajah jan yakin rekasa "basa korea-ne ABBOTT SANG GANE", angel banget nggeli nggambarena ngantek ngomong karo basa korea......sing jarang banget di tokena nang toko buku lan mall-mall sing ana nang daerah Kroya dan selingkere..
Jaman penjajahan ilang, muncul wong sing padha gelem berjuang, Bung Karno, Bung Hatta lan kabeh sing ora dhemen dijajah, ora sudi di iles-iles bangsa liya, termasuk Bangsa Jepang, Landa, Inggris.....terus tanggal 17 Agustus 1945, Indonesia MERDEKA.
Des,....gampange angger wis merdeka ya langsung mbangun desa terus urip mulya, terus sejahtera, terusssss, ngatek pog butueh kepenak baen.
TAPI......................................................................................singkate.
64 taun merdeka, apa bangsane dhewek wis mulya ???
JAWAB....................eeeeeeeee................................. URUNG BABAR PISAN.
Sing mulya sing bisa kuasa, sing bisa kuasa sing dhuite akeh, sing dhuite akeh rata-rata (angger pejabat) ya sing DOYAN korupsi. Nah alias babar blas wong cilik Ndumil - kue pembangunan - anane mung diwei remukan, rencekan, ampas,...karo UTANG sing di gabrugena meng pundhake dhewek,...lha tau mangan dhuit utangan ora koh kon mbayar utang, apa ora ABBOT SANG GANE,...cara basa korea kae lah....
Penjajahan kang bangsa sejen wis rampung - maksude jajahan kaya jaman kumpeni gemiyen - tapi jajahan nang bangsane dhewek malah lewih nyengkerem, lewih medeni, lewih parah...........angger perang karo Landa sih gampang sing cungure dawa terus bule ya gari di Bedhil, kari di granggang ya lunas,....angger perang karo Jepang ya genah wong kaya kae, angger ditakoni jenenge kowe sapa, terus glagepan guli njawab ya gari diclurit, langsung tewas, lan sepenunggalane, tapi angger mungsung bangsane dhewek angel embok? Raine padha, mangane padha, manggone padha, kebiasaane padha, lha terus arep kepriwe ngguli ngatasi, angger bangsane dhewek pancen rekasa, bisa salah serang utawa keliru mbedhile....lah tapi kiye siki sing agi kedadeyan ya sing kaya kuwe......lewih kang 20 tahun dilomboni nang para pemimpin OrdeLama, lewih kang 32 tahun dipenjara dipasung kabeh potensi bangsane dhewek, karo uger-uger Pelita, P4, Kesangkut G30S-PKI, lan didhem-dhemi karo KEMAJUAN negara, pekerjaan sing gampang,...lan kabeh-kabeh "endhog bosok" sing dibungkus kadho, go nglomboni rakyat cilik, hasile bangsane dhewek ambruk, KRISIS moneter sing kudune gampang banget ngguli "menyat" gageyan, tapi nyatane bangsa Indonesia wis Mriyang Sing Payah,.....angger wong ya wis gering thinthing, kur gari ambruke, klenger ora tau ngerti kapang gligah menyate,.....kuwe kerjane Orde Baru, sing bosok banget, negarane jerene maju, bisa gawe motor mabur, tapi kaum tani, keblangsak ora karuan......................
Crita terus tekan siki jaman Reformasi, ujare BAR reformasi arep ana ratu adil,....tapi sing dadi kasunyatane malah sing muncul Buta Cakil,...luar biasa, bar gara-gara sing metu buta cakil ora pas karo PAKEM. Nah sing arane buta - ribut ora nganggo tata - ya mrentah sekarepe dhewek arep rakyat kepenak arep rakyat keblangsak, ORA URUSAN,.......ora URUNAN, ora URUS,.....
Rakyat cilik selalune dadi KORBAN, selalune dadi TAMENG, selalune dadi Obyek, malah kepara obyek PENDRITA,.... langu tur lenthu para "oknum" sing pada ZALIM meng wong cilik kaya aku padha. Pantes baen negarane akeh banget PAGEBLUG ( bencana alam) sing ora bisa dirumus, diramal apa maning di hindari, ora bisa arep terus ngoyok meng wong zalim, tapi jan eman di eman wong sing diazab ya udu kur sing srekal jail methakil thok, tapi wong cilik sing beriman lan sholeh ya padha kenang bencana/pageblug kae mau. Tapi jane angger etung-etungan ya ora masalah, sebab pati kuwe, merga sewu pati siji, sekang ajale dhewek-dhewek, terus HISAB nang ngarsane Allah Ta'ala ya mesthi beda-beda angger wong kafir jail methakil, drengki tur ora srei senenge nggombali wong cilik ya mesthine ana azab sing bakal diundhuh - ora tiba ngawak ya ketemu anak - lan sewalike angger wong sing becik tur sholeh ya ora perlu kewatir, sawergane Allah Ta'ala mesthi wis ngenteni wong-wong mau.
Des,.........cilakane wong cilik nang indonesia kaya kiye, NASIBE ora digople wong gedhean, terus di jajah nang bangsa liya nganggo TV, bal-balan, facebook, panganan fastfood, junkfood lan liya-liyane, dadi ibarat wedhus wis ora diempani nang sing dhuwe, diincim nang srigala,.....ualah jan melasi temen deneng. Tapi aja kewatir, Allah Ta'ala mesthi aweh Pitulung sing agung. Insya Allah.

Aja jengkel, aja ngambek, aja tersinggung angger aku ngomong sing pancen nyata anane......
Terus kudune kepriwe dhewek ?

Among-amonge Alya

Anakku sing cilik enggal among-among sing ping papat, whara ora krasa bocah wis padha gedhe-gedhe, jan aku ora krasa babar pisan. Sing mbarep siki wis kelas telu SD. Jan enyong kadhang mbayangena 10 taun utawa 20 taun meng ngarep, insyaallah anak-anakku wis padha dhewasa, moga-moga ya wis mentas kabehan. Kur gari aku karo bojoku embuh kepriwe ngemben, sing penting sikine aku bisa nggolet sangu go bocah lan sangu urip angger wis tuwa.

Angger Alya siki nembe patang taun, urung krasa banget kebutuhane, tapi angger wis 14 taunan mulaih krasa, ya mesthine wis SMP terus kamase ya wis kuliah se ora-orane. Ya wragade tambah akeh ya jelas. Angger tek pikir-pikir kudu cepet-cepet usaha, ora kena ditundha maning. Angger nundha setaun kuwe rugi limang taun. Ya Allah, apa aku bisa ???

Angger siki pancen agi mbahas among-amonge anak wadon go "titik wates" go mulai dadi pengusaha. Selamat Ulang Tahun Yang Ke Empat Alya Iswari Hadi Iskandar, moga-moga dadi bocah sing kanggo nggawe nang negara, bangsa lan tangga teparo, sing diridhoi Allah Swt, lan bekti maring wong atuwamu.

Bapakmu urung bisa aweh apa-apa sikine,...kur usaha go mragadi dhewek kabeh ngemben, angger bapakmu wis tuwa.

Matur Nuwun.

Lha Ketemu Maning

Angger seprana-seprene ngomong taun, siki wis nang pog-pogan taun 2009, sedhela temen deneng yah. Samben dina umure dhewek kurang tapi nang etungan ditambah, lha kiye apa udu lomboan?
Lan apa sing njenengan padha isi nang taun sing wis arep ganti kiye. Sedhih tapi ya ora perlu di getuni, kabeh detik kuwe jan ana regane, saben menit ana maknane, samben dina ana hisabe...
Tapi ora nana telate go tobat angger esih ana nyawane, angger urung gutul ghar-ghir....gutul meng manik, esih kebukan amba TOBATE sampeyan lan enyong padha.
Siki padha eling seurunge malekat maut sowan meng sampeyan padha.
Tobat nang keri utawa pog-pogan uripu kuwe lewih utama daripadha urip suwe apik tapi pog-pogane ala, khusnul khotimah udu su'ul khotimah.
Ya taun anyar semangat anyar, ...
kebeneran kiye ulang taune anakku sing wadon, sing ping 4 tanggal 19 ngesuk.
Alya bapak ora bisa aweh apa-apa, ya mung donga karo restu sing akeh men Gusti Alloh paring keberkahan go uripmu, keberkahan go matimu, keberkahan go keluarga lan dulur2 mu kabeh, go aku lan mamake (wong tuwamu)....

Bada Ora Bali

Jan kebangeten temen sih bada orang bali? Apa ana wong wadon liyane nang nDepok kana mas?
Kaya kuwe bojoku takon maring enyong, tapi tek jawab kambi gurisan "ya pancen nang kana ana sing tek tunggoni",...bojoku tambah panas,"Ngandel ya bapake, esih gelem gemagusan nggoleti prawan nDepok, terus ngguli badan mesthi nang nggone mertuamu sing anyar embok?....
Aku njut ngomong STOP, mandheg...mandheg, enyong pancen nunggoni tapi udu prawan sing tek tunggoni tapi barang-barang toko nang kerjaan, sing dipercayakena meng Bapak...dadi aku tetep sayang dan cinta beserta keluarganya kepada mamake sekaligus,...
Lha bareng krungu kaya kuwe bojoku malah nangis,....U alah bapake-bapake apa ora melas meng anakmu sing cilik angger mbengi ngenteni bapake kapan baline....njur tek jawab. Angger ora sayang sekaligus meng kowe padha bapak ya ora kaya kiye, ora kerja ora nunggoni abrag-abrag toko sing go pranti dodolan nang bapak, lepas tangan, tapi ya kuwe angger bada ora duwe THR - tendangan hari raya - sing wujude jerene dhuwit sing lumangyan lah.
Terus bojoku liren ngguli nangis malah seneng krungu ngger bojone ulih THR sing lumangyan mau.
Tapi apik-apike angger bada ya bali lah, ora tiba setahun sepisan mbok, ketemu karo kanca batir dulur-dulur sing angger dina biasa ora bisa kumpul - sibuk dhewek-dhewek karo urusane. Tapi angger tek pikir maning sing jenengane kewajiban karo hak kuwe pancen ana bedane. Angger hak kuwe olih dijukut angger kewajibane wis lunas ya wis dilakoni, angger kewajiban ya pancen kudu dilakoni disit nembe takon hakke. Angger aku bali kuwe udu kewajiban - mangsude pas badane banget - tapi angger nunggoni toko men aman kuwe malah kewajiban sing abot, lha enyonge siki wis nglakoni kewajiban lha gari njaluk hakku yakuwe bali kampung. Hikmaeh ya biayane murah tur ora macet, elekke ya ora memper, ora patut banget lah kaya ngeyip meng dhuwit banget padahal kan udu masalah dhuwit, tapi masalah kerjaan. Aku mandan ora nggople omongane wong-wong sing ngarani aku ora memper, lha dheweke kan ora ngerti kebutuhanku, lha kur aweh pendapat udu aweh pendapatan lha ya go ngapa, sing penting aku ora gawe rugi karo wong liya,...angger ana sing ngaru biru kelakuanku ya monggo, tek regani tapi aja ndakwa lan nyrambah uyah meng aku, ....aku ora setuju. Tapi angger sing paling apik ya pancen bali...tapi angger ana kepentingan sing lewih penting ya pancen kepesane ya ora bali ya ora pa pa mbok ? Lha angger bali tokone dibobol maling terus keprimen ? Malah gawe cintraka meng wong akeh mbok ? Meng batir-batir kerjane dadi ora bisa kerja maning mergane barang sing di dol digondhol maling. Alhamdulillah siki aku bisa arep bali rebo ngesuk rencanane.
Lepat kula nyuwun ngapunten.

Wis Suwe Ora Bali Meng Ndesa

Kayane wis kepara setaun whara enyong ora bali meng Bangsa, meng desaku sing kinclong-kinclong banyune, sing ana kali rigasine, sing akeh banget wedonan sing mlisning-mlisning. Kangen maring biyungku, kangen maring pacarku senajan samben ndina sms-an, samben ndina telpun-telpunan. Angger ora salah bada kiye ana batirku sing arep mbojo, angger aku sih wis duwe anak loro, ora kepengin mbojo maning,.....tapi angger kemutan si sri sing dadi bojone sarwono, utawa si lestari sing dadi bojone eko jan aku tambah getubn, tur kangen meng Mbangsa. Si sri ora masalah apa-apa, tapi si lestari ditinggal bojone, jan angger ganu karo enyong ya tek eman-eman, tek sayang kaya bojoku siki, tapi ya wis lah aku ben kur mikirena sekleraban, ora serius.... ana maning wiwi sing dadi tanggaku, darti sing urung duwe momongan lan romiyah sing meng luwar negeri dadi TKW moga-moga ya aja TKO,... adhuh deneng akeh temen sing nyanggret nang pikiranku ??
Tapi mesthine ya seneng lah angger bali meng ndesane dhewek, nostalgia jaman gemiyen wis ora susah dibahas ora susah dicongkel-congkel maning, urip kuwe jalan terus, sing diwei meng dhewek sekang Gusti Allah Swt mesthi sing paling apik go dhewek, aja seneng ndelengenan kuwung nang ndhuwure tanggane terus, ora tau kuwung kuwe nang ndhuwur siraeh dhewek, sebab urip kuwe kur wang sinawang, keton-ketone kae sugih ya kepenak, jane ya ora mesthi sing nglakone mbuh kepriwe rasane..... sing paling bener ya syukuri apa sing ana, aja ngarep-arep apa sing ora nana ngantek klalen meng sing ana, utawa aja drengki maring sepadha-padha ngarepena wong sing mukti dadi cilaka, wong sing maju dadi bangkrut, lewih apike ndongakena men kepenake langgeng tur mleber meng dhewek,...sing qana'ah lan syukur.
Kapan panjenengan bali ndesa angger siki jerene MUDIK ? Mayuh bareng kula numpak sepur serayu sing jelas umpel-umpelan, utawa nyewa trek men njanggleng tekan jawa kana, keju-keju lah rika padha,... matur nembah nuwun. Kupat disiram santen,...kupat sayur kuwe...

NGaku-NGaku (duweke tanggane) Njeleih Temen

Jan angger krungu brita nang tipi, negara malesia pancen mbejujag banget, tukang akon,...open banget,...sethithik-sethithik diaku,......ngantek manohara ya diaku nang pangeran fakhry. Jajal malesia sepisan-pisan ngaku "utange" indonesia, mesthi langsung nyluntrut,....pucat pasi ora duwe bayu,....lha utange indonesia bisa nggo tuku malesia. Tapi wateke pancen "bosok" banget,...bandhane wong liya di kakaih, sethakoh banget pancen malesia. Jane angger ndeleng negarane tumrap NUSANTARA GEMIYEN (jaman majapait), malesia termasuk singapura, esih duwene dhewek, siki koh padha gemagus gembelengan ora ngerti sapa jane bangsane dhewek, bangsa sing maju jaman baholane.....
Jamane sukarno ya ana istilah ganyang malesia, tapi aku ora patia setuju, lha kuwe diboncengi pulitik (angger ora salah nang PKI jaman semono),......wingenane ya ana dhong jamane megawati rebutan pulo sipadan dan ligitan - lha jebulane malah dhewek keok. Siki agi ngincer maning AMBALAT, ya ora mari-mari, angger aku dadi presiden RI malesia wis tek ajar-ajar ketumbar, nek perlu tek jajah sisan tek tagih bali hakke mbah Gajah Mada lan Mbah Hayam Wuruk, tek jaluk bali rakyat malesia dadi jajahane nusantara baru.....tapi wong indonesia malah nggalyem, klemar-klemer ora nana krentege.....angger korupsi sih padha sigap, padha trengginas, tapi angger mbangun bangsa indonesia koh ya padha loyo.......
Dadi angger malesia -nyrobod terus-terusan - ya pancen ora gumun, lha dhewek ora ngati-ati, ora seneng njagani, terus ora kendel....lha wong sing melik tur cluthak ya mesthi langsung clamed-clamed kegurihen,...dicolong, dicimit ngomonge nemu utawa nyilih, dijukut jere anu ngglethak,...yahhhhhhhhhh malesia pancen salah siji rumpun bangsa melayu kaya dhewek islam pisan, tapi koh seneng temen nggawe panas ngati, seneng colong-jukut.
Go pemimpin indonesia ya padha mawas diri pribadi, apa ana budhi kan nasar nang slirane dhewek, apa ana watek candholo sing diuri-uri, apa ana ucul kang paugeran terus dibajur-banjurena. Wis di sigeg aja nganti kedlarung-dlarung, aja nganti kebanjur-banjur.
Angger KKN, angger Suap, angger maksiat diterus-terusena nang pemerentahan, mesthi dhewek arep kecolongan sing lewih gedhe maning, kecolongan kemerdekaan, alias dijajah maning......na'udzubillahi min dzalik.....
Daftar sing diaku-aku malesia : reog jelas-jelas reog ponorogo diaku, tari pendet cetha wela-wela sekang bali diaku malesia, sipadan dan ligitan jelas-jelas nang tlatah indonesia dicluthaki dadi nggone malesia, ambalat ya agi diincim-incim kapan dhewek nggeli weya....

Terus kepriwen kudune ?
Bangsa indonesia terutama pemimpine kudu aja adigang adigung adiguna, tapi sing bisa mbabaih lan ana iguh pertikel sing kreatif mbangun nasionalisme tur aja nguber-uber kyai lan umat islam terus - mendhingan nguber-uber kebodhoan, kemiskinan lan kemaksiatan terus ditanggulangi angger ora bisa dibrantas ya dikurangi,....
Nresnani budhayane dhewek, aja njimot budhaya sembarangan, njimot budhayane wong barat sing senenge pada mabok anggur ---lha apa pikirane bener angger agi mabok ??----padhahal urip kuwe oranana sing jenengane jajalan utawa gurisan, urip nang alam dunya jan temenanan udu dolalan apamaning jajalan lan gurisan....
Kemutan maring akhirat, kiyeh, kunci sing paling penting men aja nggragas lan ora srei meng dunya lan bandha, kedhuhukan lan pangkat, sebab bangsane dhewek "morat-marit" ya gara-gara kuwe mau, doyan banget dunya (harta, tahta dan wanita), terus mlakune jleng-jlengan ora ngerti elor kidul ora ngambah dalan sing bener,....malah nganggo benere dhewek.
Angger jaman semono ana omongan :
Sur joko pitono, nalendra ingkang njagi negari nuswantoro, negari ingkang panjang punjung pasir wukir gemah ripah loh jinawi tata titi tentrem tur raharjo. Panjang jembar laladene, punjung tegese luhur kawibawane, pasir arane kali wukir arane pegunungan, gemah ripah murah kang sarwo tinumbas, loh jinawi lemu kang sarwo tinandur, tata tegese ukum sing bener, titi tentrem padha ayem lan bungah tur raharjo lan makmur.

Utawa baldatun thayyibatun wa rabbun ghafuur, insya allah.

Puasane Padha Mendhot apa Urung ??

Puasa tumrap wong mu'min kuwe wajib, karo sarat sing ditentukena nang Kuran tur nang hadis. Angger jaman enyong esih cilik gemiyen,... angger puasa seneng banget, esuk-esuk bubar shubuhan mlaku-mlaku mbari kambi nyumed mrecon,....muantepppp banget whara. Malah ana maning modhele wong Mbangsa agi puasa malah mlayu-mlayu ya angger wis mandan awan lemes, terus medhot ngguli puasa, ana maning sing padha glenikan alias ngglenes pacaran, lha apa ora eman-eman ngguli puasa, pahalane entong... olieh kur kencot lan ngonggor thok.
Angger aku esih cilik puasane mbedhug, angger wis wektu dhuhur mesthi buka....
Dina pertama mbedhug, dina ke loro ngasar, lan terus ngantek kuwat puasa sedina med.
Angger sampeyan sing ora puasa ya aja katon banget ngguli ora puasane, aja mangan nang ngarep wong sing padha lagi puasa, seora-orane ya mandan "kepengin" kemlecer,..angger sampeyan nyruput dawet ayu nang aring ngarepe wong sing agi padha puasa.

Sugeng ngayahi shaum ramadhan 1430H, nyuwun pangapunten bilih kula kathah kelenta kelentunipun.

Matur nembah nuwun.....lajeng.... kelilaaaan

MBanyumas Satria

Sejahtera adil tertib rapi indah dan aman (SATRIA),... seneng banget dadi wong Mbanyumas, ana kali serayune, ana gunung slamete, ana perbukitan gunung depok, ana kali-kali cilik sing padha mili angger usum udan thok, ana pompa air gambarsari - nang kebasen - sing dibangun jaman orde baru, nerusena pembangunan jaman kompeni - trilogi van de venter, salah sijine irigatie (pengairan) - kuwe jerene wong atuaku.
Pancene dadi wong mbayumas ya bisa bangga angger mbahas akeh banget wong-wong agung - gedhean nganti pahlawan - sing asale sekang wilayah mbanyumas, sampeyan kenal karo jenderal Gatot Subroto ? Kenal karo Panglima Besar Jendral Sudirman ? Supardjo Roestam ? Susilo Sudarman? Fuad Bawazier? lan esih akeh maning priyayi-priyayi sing arep dadi calon pejabat sekang wilayah Mbanyumas.
Dhewek seneng tapi ora ana artine angger dhaeraheh dhewek ora maju,...... pira-piraa akeh pejabat sekang Mbanyumas tapi angger banyumase ora maju, tumrapku ora ana gunane.....duwe jeneng kondhang tapi isine kopong, mblebes.
Kapan mbangun banyumas e dhewek ?
Carane ya penginyongan padha kudu mbangun awake dhewek-dhewek disit, seteruse kudu ngropea lan nguri-uri pembangunan lan kebudhayan banyumasan,... tetep sadhar dadi wong mbanyumas, lan udu wong liya sing bisa gawe maju karo banyumas, tapi dhewek sing ngrasa handarbeni - nduweni - rasa hangrungkebi - nguri-uri, ngropea - jelas dhewek sing bisa gawe maju utawa mundure banyumase dhewek. Ora usah ngurusi teroris, ora usah ngurusi hal SARA - lha nang mbanyumas ake whara suku bangsane , Jawa, Sunda, Batak, Padhang, Cina, Arab, India, Pakistan, lan liyane maning - tapi angger wis ngoyod nang Mbanyumas, ya kudune tresna meng mbanyumas, ora usah mikir kang endi asale tapi angger wis nginum banyu banyumas, wis mangan beras banyumas lan wis ambekan karo hawa/udara banyumas, semesthine ya kudu mikirena kepriben men banyumas maju. Pemerintahan kudu ora ana KKN - udu kuliah kerja nyata, utawa kuliah kerja nang alas, udu kura-kura ninja, apa maning kana kene nakal - tapi KORUPSI, KOLUSI lan NEPOTISME, kudu dibrantas, kudu dijabel kang bumi tirtakencana kiye. Mumpung agi nang wulan puasa kula Nawa Abdullah nyuwun samudera pangaksami kaliyan panjenengan sing sempat padha mirsani Posting niki.
Sugeng SHaum RomaDhon 1430 H,...

Ora Gampang Dadi Wong Sing Bener

Siki jamane jerene wis edan, ana paribasan : nek ora edan jerene ora keduman, tapi sebeja-bejane wong sing edan esih bisa beja wong eling lawan waspada. Kuweh...dulur dadi wong sing bener akeh godha rencana ne. Apa maning urip nang jaman akhir kaya siki, adhuh...biyung,...masya allah, angger ora bisa-bisa kenceng bentinge bisa bisa dhewek "kejeblos" nang bolongan ireng - black hole - kehidupan, sing gampangane diarani "lembah hitam penuh dosa". Sebab poma-di-poma dhewek kuwe jan bener-bener yakin, malah haqqul yaqin, dhewek banter londhog mesthi arep "dipundhut bali" maring Arsane Gusti Allah Swt.
Jaman edan, sing edan udu jamane tapi wong-wong sing pada milih jalan kang nasar, budi candholo, lan dur angkara murka ora weruh paugeran, malah nerak paugeran kang wis pesthi saka Gusti Allah Swt kang murbeng dumadi.
Amenangi jaman edan, ewuh aya ing pambudi, melu edan nora tahan, nanging yen tan anglakoni, boya kadumanan melik, kaliren wekasanipun, andilalah karsaneng Allah, bejo bejane kang lali, esih beja kang eling lawan waspada....
Terus kepriben kudune panjengan karo kula sami:
1. Iman lan kepercayaan kudu di lemoni karo ngaji, ngrungokena pengajian nang tv, radio utawa melu majelis ta'lim.
2. Sholat limang wektu aja ditinggalne, aja polang paleng, shubuh kerainan, dhuhur kebablasen, ngasar bubar pasar, maghrib malah ghaib, ngisa malah wis ngimpi meng luar angkasa.... aja dulur
3.Kerja lan golet rejeki sing halal - akeah angger halal kan mendhing, daripada sethithik haram maning...ih jan mbebeih pisan
4. Silaturahmi aja ngasi dipedhot - maring sapa baen
5. Dongakena ibu bapa lan sholat wengi dikir sing suwe.

matur nembah nuwun bilih wonten kecap kula ingkang mboten rena ing penggalihipun panjenengan sami kawula nyuwun gunging samudra pangaksami.

Kelilaaaaaan

Numpak Sepur Serayu Sekang Kroya

Jan wis dadi kebiasaanku, angger bali meng jawa numpak bis - inisiale s a utawa s j - langsung temuju nang nggone bojoku, mlaku ya sekitar 600 meteran lah,... angger dipikir sih madan mbebeih aku sekang Ndepok sore sekita jam 4 utawa 5 sorean, tekan batian cilacap - mbanyumas alias mbuntu sidamulya sekitar jam 00.30 ngantek jam 1.30, kuweh... apa ora gasiiiik banget, wong nembe pada lali nggeli turu,... sing aku ora seneng nang ndalan kan ana sing ngingu asu,....nggeli :njegog: kuwe sing maraih wedi, tapi aku duwe cara men asu aja mburu terus nyokot kempole dhewek,...kesiji angger dijegog (digonggong) aja mlayu,...api-api tenang baen, utawa mandheg ya bisa, neyekel benthong ya lewih gawe asune mengkered wedi, utawa angger ora duwe benthong ya dhewek thongkrong baen, ethok-ethoke arep mbrengkolang asune,...jan kuwe pancen bener asu ora sida mburoni utawa nyathek dhewek.....tapi poma di poma asu kuwe paham banget meng ambune wong, angger dhewek mbrengkolang asu terus kena, terus asune sempat ngreti ambune dhewek,... dhendam asune, angger dhewek liwat mesthi dijegog apa malah dicathek....tapi sing apik ya aja ngingu asu apa maning wong mukmin,... ora ilok.
Angger bali jawa numpak bis angger dolan Ndepok numpak sepur.... sepure Serayu,...utawa citrajaya, biayane murah meriah gawe bungah, jerene Cipto sepure kuwe :real bisnis: kereta sing bener-bener ana wong sing padha bisnis, ana bakul pecel. ana bakul rokok. ana bakul bakwan. ana bakul tahu sumedhang. ana bakul lanthing. pengamen.pencopet. preman.polsus sing jonjangan karo preman.kondektur.satpam.tukang sewa bantal -murah sih kroya jakarta kur 3500 perak - bakul rames, bakul endho asin, sing aneh ana tukang pijet nang sepur,....pancen angger sepur "real bisnis" pancen mbleketaket pisan penumpange. Angger tiap stapsiun mesthi mandheg, angger ana sepur putihan - argo, bima, eksekutif, bisnis - mesthi Serayu ngomong : Monggo kula nyusul mangke, sampeyan malajar rumiyin,.... urung angger nang daerah tasik gutul garut (cibatu), kan dalane manjat tur moler-moler kaya uler mlungker, angger njenengan nang mburi bisa weruh lokomotipe, utawa sewalike angger njenengan nang ngarep bisa weruh buntut sepure,...nah ya nang kono padha baen, dalane kan manjat,.... genah anu sepur real bisnis ya kabeh-kabeh dibisnisena, termasuk lokomotipe ya dienggo sing wis dheyek-dheyek, angger ora sing wis pada bojrod, enggeng-enggeng ora karuan.....manjat ya, megeng ngantek mbaor-mbaor seru banget,.... ana sing nggrenyem: murah kon kepenak:..... lha angger bis 60 ewuan Serayu kur 25 ewu ya vajar embok. Tapi siki sih madan lumangyan, premane madan jarang paling nang aring Sidareja ana wandu sing pada ngamen: tak kewer-kewer crot:.... jan kaya kuwe ngguli ngomong,.... ayu-ayu je ana jakunne....ya angger sampeyan meng Kroya kepengin melu Serayu ya siap-siap mangkat angger esuk kang Mbeos jam 8.45 mangkat tekan kroya jam 20.000 s/d 21.000, angger aku ngojeg meng ngumah tek wei 20 ewu,....malah lewih larang ngojege angger tek pikir,...angger arep mangkat sing wengi sekitar jam 19.30 an kang mbeos tekan kroya jam 4.30 an, angger meng Ndepok sekang kroya esuk jam 7 sore jam 17.00, sing esuk tekan mbeos sekitar jam 16.30 an angger sing sore tekan jam 3.30 an, kejabane KRETANE telat - sering-seringe malah telat koh - tapi jan romantikane akeh banget numpak sepure penginyongan wong cilik menthik, murah, meriah gawe bungah, tapi jan pancen gerah....
Wis sedulur angger sampeyan kepengin mendhoan tuku baen nang daerah Sudagaran banyumas, utawa pekunden ya ana, angger kepengin gethuk goreng nang aring sokaraja, angger kripik tempe meng puraketa baen, angger pengin gorengan urang nang kroya nggone angger sate ana kuweh sing enak nang prapatan mbuntu,....nggone pak sis, nylekamin banget.
Jan pancen banyumas mantep banget, malah mantepa ditulis MUANTEB. Kelilaaaannnn

Nggolet duwit go sampingan

Ngomonge sih nganggo basa melayuan baen ya men gampang njelasenane:


Ingin mendapat uang dengan mudah dan ringan tetapi halal dan tidak beranjak dari tempat duduk anda?

Langkah pertama adalah anda mengikuti bacaan ini, pertama buatlah akun ALERTPAY atau PAYPAL (semacam kartu kredit di dunia maya kurang lebih begitu), anda bisa klik disini atau sini dengan langkah-langkah yang mudah,.....setelah anda mempunyai account nya, maka anda bisa menjadi mitra saya dengan cara mengeklik disini

Satu orang menge klik iklan (sekitar 20-40 iklan),...maka bila iklan ter klik semua adalah 40x0.01 dollar Us = 0.40 $,...untuk perdananya dikasih bonus 0.09$,... tetapi bila kita membuat jaringan maka akan signifikan angka-angka ini, katakanlah dengan referral 10 orang maka dan pukul rata satu orang menge klik 20 iklan, maka akan menjadikan hitungan ini besar (pemberian dari referral kepada kita adalah setengah (1/2) dari semua iklan yang referral kita klik), lalu kita juga mengeklik 30 iklan misalnya maka bisa kita hitung sebagai berikut :

Hasil klik kita 30x0.01$ = 0.3$

Hasil klik mitra 10x20x0.01 = 2$, dan diberikan kepada kita 1/2 x 2$ = 1$,

Maka hasil kita nge klik selama kurang lebih 40 menit(1 jam) dengan ditambah dari referral kita akan menghasilkan 1,3$,... kalau di kurs lumayan lah,.... itu baru dari 10 referral bagaimana kalau 100, seribu referral ? itu baru sehari, bagaimana kalau sebulan dan setahun ?? Berdoalah dengan usaha yang keras,... insyaallah Anda akan menjadi kaya,...

Caranya adalah: anda membuat account paypal/alertpay,..... setelah punya account nya, maka anda daftar ke bux.to yaitu masuk disini, lalu register dengan mengisi data yang lengkap, termasuk email,setelah terdaftar maka anda bisa login,... lalu klik "ads surf", nah disnilah iklan-iklan yang akan kita klik, berupa worksheet mirip excell (berbentuk kolom-kolom yang beris iklan), kita klik, dan hanya bisa satu persatu tidak bisa dua sekaligus, tunggu selama 30 detik, di kiri atas ada tulisan bux.to.... dengan angka awal 30...29.. dst sampai dengan kata DONE dan dicentang hijau,... berarti anda telah berhasil menge klik iklan tersebut dan dibayar 0.01$,... kerjakan sampai dengan semua iklan terklik,...setelah itu anda bisa melihat hasil perolehan perjuangan klik anda di "mystats",... nah setelah itu lakukan setiap hari dan marilah kita menjadi mitra bisnis dalam dunia maya ini,... anda adalah penolong saya dengan menjadi referral saya, tetapi jangan lupa anda juga menolong diri sendiri dan orang lain, setelah itu, kabarkan ini kepada teman dan saudara anda, bahwa semua perjuangan (walau hanya mengeklik) tidak ada yang sia-sia,... selamat... anda telah memulai bisnis yang besar ini.


Dulur, kiye udu kerja sing pokok, ya idhep-idhep go golet sripilan sing halal, tur ngarah dulur sing akeh banget.

Aja wedi njajal, angger dijajal be ora rugi, tapi angger ora njajal kan esih penasaran....aja nganggep bisnis kiye barang sing sepele,... yakin...

Nandur Kebecikan

Nandur kebecikan kuwe jan ora ana alane babar pisan, maen banget.... tapi sing ngati-ati lemonne udu karo kompos, udu karo garem urea, udu karo rabuk... lemonne nandur kebecikan kuwe kur ikhlas - lega lila legawa ora duwe pamrih apa-apa.
Siki wong sing nandur kebecikan cokan kelalen, kambi diembel-embeli "pamrih"... lha sapa ngerti aku nulung kaya kiye engko tuli aku ditulung wong liyane, angger ora ketemu ngawak ya ketemu anak..... sepliridan ketone apik pitutur mau,... tapi angger diiling-ilingi jan kuwe ngemu pamrih lho.. ora ikhlas...
Angger wis aweh yang wis pasrah ena bae meng Allah SWT, perkara arep diwales nang makhluke ya sukur angger ora ya dadi celengan go mengko nang akhirat. Aja kelara-lara angger perwewehe dhewek ora dipangan (panganan), ora dienggo langsung dibuang (klambi contone), diwekena wong liyane tur ora digople babar pisan,....kudune angger wis aweh ya uwis, atine dhewek aja melu nang perwewehe dhewek, angger esih katut berarti urung ikhlas. Angger panganan arep diwekena ayam, arep dibuang, aren go di iles-iles ya ngonoh.... wong aku wis "mbuang milik" nang perweweh kae....
Nandur kebecikan arep ngundhuh kemaslahatan, ngundhuh kemukten lan sing apik-apik, ana loro sing perlu dimangerteni nang njenengan. Angger nandur krono Allah SWT kuwe nandur nang ndunya ya nandur nang akhirat - pahalane loro-lorone bakal diparingi -, terus nandur kebecikan tapi go ndunya thok ya ana, tapi nang akhirate ora ana sing diundhuh. Kabeh mau tergantung niyate njenengan, angger niat go ibadah ya insyaallah gutul nang Ngarsane Gusti Allah SWT, tur ulih bonus disayang nang sepadha-padha.
Wis cukup kayane sedulur.... kaya ngundhuh wohing pakarti, ..... nandur becik tuwuh becik nandur ala tuwuh cintraka marang salira pribadi.
Matur nuwun

Kepengin Gelis-Gelis Usaha

Enyong krasa pisan, umur tambah tuwa, tapi esih ngodhe di reh ngewong terus,... pisah karo anak bojo bali rong wulan sepisan, jane ya anu ngenes banget. Bocah- bocah wis tambah gedhe, tapi ora sempet tek tunggoni, enyong berarti utang wektu sing akeh meng dheweke. ketemu samben rong wulan sepisan,...
Kiye udu nggresula, tapi gambaran men enyong duwe semangat lan tekad go men gagean bukak usaha dhewek. Angger modhal ya wis ana, minimal modhal ketrampilanku, ndandani komputer, angger dhuwit sih urung akeh, tapi enyong percaya bisa gul nggeli usaha, sing penting kan tlaten, tekun sabar lan pinter. Usaha separone ya kuwe "NGATUR PUTREANE DHUWIT", angger wong siki ngomong jerene kudu duwe "manajemen dhuwit", terus sistem sing maen, lan jerene nembe manajemen wonge. Tapi koh ketone abot banget ya angger arep molaih usaha ? Kepriwen carane angger dulur ngerti carane - khususe sing wis molaih usaha disit - enyong njaluk tulung dibantu, segi teknik, trik lan batir-batire men bisa cepet-cepet berhasil.
kesuwun, kelilan

Israel Pancen Srekal

Ora nana tembung sing bisa nggambarena mbejujage Israel, mbejugag, lacut,weleh, tur ora duwe rasa, nglewihi kewan malah lewih pas angger Israel disebut Belis ngibing, sing ora kira-kira gemblunge, ora adab-adab angger "ngebom, njarah, lan ngrusak" Palestina,.... jane sih udu kur palestina thok sing dirusak Israel (Zionis),.... tapi kabeh "peradaban dunia" dikaco baloena nang Israel, panganan disogi racun - seafood, fast food : Mc Donald, A&W, Starbucks : kuwe conto panganan sing "mawa wisa" tapi di asongena, tur ngguli ngiklanena gencar banget,... jane ari dipikir panganan kae mau kabeh ora ana gisine babar pisan, anane mung panganan sing marakena - mutasi - basa biologine, sebab kabeh mau panganane wong Yahudi dibumbuni zat kimiawi sing pancen ngandhung racun, bibit penyakit utawa sekurang-kurange maraih ora sehat, tapi perlu dulur ngerteni - kadhar zat racun (penyakit) kae jumlaeh sethithik banget, angger wis ndatuk kan terus tambah, tambah maning ngantek dadi racun (penyakit) sing bisa maraih raja pati - basa biologine akumulasi utawa kumpulan sethithik-sethithik terus terusan dadi akeh tur bisa gawe bahaya go awake dhewek - kadhar tertentu bisa mateni wong - medeni embok ?? Kuwe panganan Yahudi sing di gandrungi bocah nom-noman sing ora ngerti apa-apa tapi padha seneng gaya,.... sadhar mangan panganan Yahudi padha bae gawe kuburuane dhewek.
Kuwe nang panganan angger nang bidhang ekonomi, yahudi mesthi nganggo RIBAWI, sing jelas harame, tapi pancen negarane dhewek ya nganggo ekonomi ribawi (bank umume, dol tinuku saham, pasar modal lan liya-liyane).... tur sing gawe "sibuk" wong muslim ya digawe Yahudi, jajal dhewek ping pira digawe "mbuang wektu sia-sia",.... ngantri transfer, internetan, nunggu bis, lan pegaweyan sing ora ana maknane babar pisan, kuwe sistim sing dicangkokena lan dicekokena meng wong muslim nang Indonesia khususe lan dunia umume, nang wong Yahudi - si "mufsidun" - sing tukang gawe rusak. Ora klakon wong Yahudi lan Nasrani padha legowo lan dhemen meng kowe kabeh wong muslim ngantek kowe melu-melu "millah = agama" ne dheweke,.... dadi kudu wong muslim waspada, kudu tambah istiqamah lan ora gampang kebujuk lan dirayu wong yahudi lan kristen,....
Israel pancen srekal, bangsa sing dimurkai Allah Swt (babi lan kethek), terus wong kristen disebut wong sing dholliin... wong sing sesat,.... ya Allah berilah kami jalan yang lurus yakni jalannya orang yang Kau beri nikmat dan ridho bukan jalannya orang yang Kau murkai (yahudi0 dan buka jalannya orang yang sesat (Kristen),... amiiin

PROMOSI PUTRA TRAVEL KIYEH LUUR

    PUTRA TRAVEL - CILACAP JAWA TENGAH Agi mangsan pandemi Covid19 kiye terkadhang dhewek esih kudu tetep lunga, lan ngger numpak sepur/ ker...