Ketemu Sadran Maning Ketemu Puasa Maning

UTANG PUASA DI SAUR DISIT
Sedulur, rika karo enyong wis lawas ora ketemu, eee...mbareng ketemu wis wulan sadran maning, wis arep puasa maning, mulane angger enyong akeh keluputane ya njaluk ngapura meng rika padha, anggere ana keclethat-keclethote tembung lan ukarane enyong sing dadi penggalih nang penjenengan padha ya njaluk dingapurani.
Jane ya udu makome aku angger ngelingena panjengan padha, sing :nuwun sewune: esih duwe tunggakan "utang shaum" tahun kepengker,....taun wingi,...yang "gageyan" dibayar, dilunasi aja nganti utange numpuk terus wis wulan puasa,...urung kober "nglunasi",...ya pancen angger muslim kan kabeh-kabeh sedulur (nang njerone dienul islam), dadi wis pancen patut angger pada "ling kinelingan nang jerone kebecikan lan ling kinelingan karo kesabaran",.... dadi udu enyong agi gemagus, adigang adigung adiguna, ngelingena panjenengan,....malah angger ana maksud sing kaya kuwe tegese aku ya NGUNYAIH SEGARA,....lha ilmune panjenengan kabeh lewih dhuwur kang enyong sih...... ya sepisan maning enyong njaluk dingapurani.

BADA MANING MUDHIK MANING SING GENAH REGA-REGA YA MELU MANGKRING
Jan embuh sekang kapan "kebiasaan elek boek" kaya kiye ana nang Indonesia. Enyong ora ateges agi nggresula sedulur..... jajal dipenggalih nang panjenengan,.... Gajih karyawan (seliane PNS lho) ora mudhak-mundhak, karyawan enteng kontrake, kebutuhan tambah akeh, bocah-bocah wis tambah gedhe ya kebutuhane tambah gedhe,....nggolet dhuwit??? rika padha ngerti dhewek lah kepriwe siki rekasane,....dhuwit kur gambare thok sing gedhe, kur angkane thok sing keton segedhublag, tapi regane ora miraha.....kuwe nembe awale
TERUS............
ditambah awala wulan ramadhan, yakin....rega-rega padha munggah, mundhak tur mangkring,... angger etung-etungan matematika, kurang ditambahi mines jawabane apa dulur ?? Ya tambah mines embok ? Gajih sing ora-mudhak ditambahi rega-rega sing padha munggah tur diimbuhi TDL (tarif dasar listrik) sing munggah, kesimpulane KOLENG embok ?
TAPI,...gusti Allah SWT jelas-jelas arep paring rejeki meng hamba-hambane, MESTHI. Dadi gambar medeni sing tek omongena ya ana benere tapi aja dadi gawe penggalihe rika padha CILIK ATI,... apa maning MUTUNG diterusena KENDHAT,....Masyaallah,..... aja sedulur,....Gusti Allah SWT nekakena wulan Ramadhan go nggawa BERKAH, udu musibah, udu bencana, dadi etung-etungan sing gawe KOLENG kae kur etung-etungan kang menungsa, udu kang menungsa sing kandhel IMANE. Dulur Muslimku lan dulurku kabeh (sing ora muslim),... aja nganti panjenengan padha mutung (putus asa), sebab mutung kuwe udu pegaweyane wong sing beriman. Jelas Gusti Allah SWT paring ujian mesthine ya wis diukur karo "kemampuane" dhewek padha, ora sembarangan. Urip mati jodho rejeki, wis ditentukena nang Arsane Gusti Allah Swt, ora perlu kewatir, ora perlu wedi apa maning mutung, terus kendhat,...na'udzubillahi min dzalik.
Angger njenengan sing padha nang paran kaya enyong, biasane arep pada mudhik embok ? apa ana sing kaya enyong, balik awal puasa (nang ngumah kurang lewih seminggu) terus mbalik meng kodhean maning, terus angger wis bada telu utawa patang ndina nembe mudhik maning ? Tapi akeh-akehe ya mudhik sing umum, akhir wulan ramadhan nembe molaih padha bali kampung, ana sing nganggo montor ana sing nganggo mobil, sepur lan liya-liyane. Pesen kang enyong padha, angger mudhik wis kesel ngguli numpak montor/mobil pribadi njenengan ya ngaso sedhela, utamakena keslametan lah. Angger slamet tekan bolak-balike kan sing dijaluk embok ? Perkara nggawa jajan/olih-olih kang paran sih kuwe nomer sing ke pira...lah, tujuan mudhik ya sing genah go silaturahmi tilik sedulur nang desane dhewek-dhewek. Poma-dipoma aja penjenengan "nggawa budhaya" elek sing ana nang kota,.....budhaya elek aja digawa bali mudhik,.... tapi pancen angel embok ya,....nyatane jaman aku cilik jan esih jarang banget wong sing nganggo klambi You Can See, aliase keton keleke, utawa rok mini,....bocah wadon gemiyen nganggone rok dawa utawa malah nganggo tapih, jilbaban keton ayu, kewes pantes tur "terhormat", keton kaum sing pantes dihormati. Tapi siki...hmm...ora kewes banget,....klambene marakena sing ndeleng "tergoda".....(waca:pria normal dulur), keton kaya "nuwun sewu" bintang film luwar kana,....tapi syukur baen ora kabeh, lan anane kur nang desaku thok, desane njenengan padha kayane ya ora nana,...(moga-moga baen, insya allah).
Terus kebiasaan elek bowek apa maning sing digawa bali, yah sing jelas nginum (udu nginum limun dulur) tapi nginum sing marahi mendem, padhahal jane ya padha paham wedang setan kae diharamena nang agama Islam tur dilarang pemrentah, tapi ya kuwe mau wis dadi :preseden buruk: wis dadi adat sing menceng kang paugeran, hangrungkebi budi kang nasar. Tapi maning-maning untunge ora kabeh,...lewih, lewih , lewih akeh wong sing padha soleh, nggawa budaya apik kang kota go kemajuan desane, budaya bisnis, budaya tepat waktu, budaya membangun liya-liyane.

ENYONG NJALUK NGAPURA SEURUNGE PUASA
Bener-bener kang ati sing palng njero kana, enyong njaluk pangapura angger ana lupute maring njenengan, lan njenengan ya wis tek ngapurani angger ana salahe meng enyong. Pesenku sing padha duwe biyung lan rama, njaluk berkah meng "jimat uripe" panjenengan mau. Sungkem, sowan meng daleme wong tuwane njenengan, angger sing ora sempat ya via telpun.
Cukup semene baen angger kabeh ditulis ora ana rampunge. Kupat lepet disiram santen, menawi lepat nyuwun ngapunten. Kelilaaaaan....

PROMOSI PUTRA TRAVEL KIYEH LUUR

    PUTRA TRAVEL - CILACAP JAWA TENGAH Agi mangsan pandemi Covid19 kiye terkadhang dhewek esih kudu tetep lunga, lan ngger numpak sepur/ ker...