Wis Suwe Ora Bali Meng Ndesa

Kayane wis kepara setaun whara enyong ora bali meng Bangsa, meng desaku sing kinclong-kinclong banyune, sing ana kali rigasine, sing akeh banget wedonan sing mlisning-mlisning. Kangen maring biyungku, kangen maring pacarku senajan samben ndina sms-an, samben ndina telpun-telpunan. Angger ora salah bada kiye ana batirku sing arep mbojo, angger aku sih wis duwe anak loro, ora kepengin mbojo maning,.....tapi angger kemutan si sri sing dadi bojone sarwono, utawa si lestari sing dadi bojone eko jan aku tambah getubn, tur kangen meng Mbangsa. Si sri ora masalah apa-apa, tapi si lestari ditinggal bojone, jan angger ganu karo enyong ya tek eman-eman, tek sayang kaya bojoku siki, tapi ya wis lah aku ben kur mikirena sekleraban, ora serius.... ana maning wiwi sing dadi tanggaku, darti sing urung duwe momongan lan romiyah sing meng luwar negeri dadi TKW moga-moga ya aja TKO,... adhuh deneng akeh temen sing nyanggret nang pikiranku ??
Tapi mesthine ya seneng lah angger bali meng ndesane dhewek, nostalgia jaman gemiyen wis ora susah dibahas ora susah dicongkel-congkel maning, urip kuwe jalan terus, sing diwei meng dhewek sekang Gusti Allah Swt mesthi sing paling apik go dhewek, aja seneng ndelengenan kuwung nang ndhuwure tanggane terus, ora tau kuwung kuwe nang ndhuwur siraeh dhewek, sebab urip kuwe kur wang sinawang, keton-ketone kae sugih ya kepenak, jane ya ora mesthi sing nglakone mbuh kepriwe rasane..... sing paling bener ya syukuri apa sing ana, aja ngarep-arep apa sing ora nana ngantek klalen meng sing ana, utawa aja drengki maring sepadha-padha ngarepena wong sing mukti dadi cilaka, wong sing maju dadi bangkrut, lewih apike ndongakena men kepenake langgeng tur mleber meng dhewek,...sing qana'ah lan syukur.
Kapan panjenengan bali ndesa angger siki jerene MUDIK ? Mayuh bareng kula numpak sepur serayu sing jelas umpel-umpelan, utawa nyewa trek men njanggleng tekan jawa kana, keju-keju lah rika padha,... matur nembah nuwun. Kupat disiram santen,...kupat sayur kuwe...

NGaku-NGaku (duweke tanggane) Njeleih Temen

Jan angger krungu brita nang tipi, negara malesia pancen mbejujag banget, tukang akon,...open banget,...sethithik-sethithik diaku,......ngantek manohara ya diaku nang pangeran fakhry. Jajal malesia sepisan-pisan ngaku "utange" indonesia, mesthi langsung nyluntrut,....pucat pasi ora duwe bayu,....lha utange indonesia bisa nggo tuku malesia. Tapi wateke pancen "bosok" banget,...bandhane wong liya di kakaih, sethakoh banget pancen malesia. Jane angger ndeleng negarane tumrap NUSANTARA GEMIYEN (jaman majapait), malesia termasuk singapura, esih duwene dhewek, siki koh padha gemagus gembelengan ora ngerti sapa jane bangsane dhewek, bangsa sing maju jaman baholane.....
Jamane sukarno ya ana istilah ganyang malesia, tapi aku ora patia setuju, lha kuwe diboncengi pulitik (angger ora salah nang PKI jaman semono),......wingenane ya ana dhong jamane megawati rebutan pulo sipadan dan ligitan - lha jebulane malah dhewek keok. Siki agi ngincer maning AMBALAT, ya ora mari-mari, angger aku dadi presiden RI malesia wis tek ajar-ajar ketumbar, nek perlu tek jajah sisan tek tagih bali hakke mbah Gajah Mada lan Mbah Hayam Wuruk, tek jaluk bali rakyat malesia dadi jajahane nusantara baru.....tapi wong indonesia malah nggalyem, klemar-klemer ora nana krentege.....angger korupsi sih padha sigap, padha trengginas, tapi angger mbangun bangsa indonesia koh ya padha loyo.......
Dadi angger malesia -nyrobod terus-terusan - ya pancen ora gumun, lha dhewek ora ngati-ati, ora seneng njagani, terus ora kendel....lha wong sing melik tur cluthak ya mesthi langsung clamed-clamed kegurihen,...dicolong, dicimit ngomonge nemu utawa nyilih, dijukut jere anu ngglethak,...yahhhhhhhhhh malesia pancen salah siji rumpun bangsa melayu kaya dhewek islam pisan, tapi koh seneng temen nggawe panas ngati, seneng colong-jukut.
Go pemimpin indonesia ya padha mawas diri pribadi, apa ana budhi kan nasar nang slirane dhewek, apa ana watek candholo sing diuri-uri, apa ana ucul kang paugeran terus dibajur-banjurena. Wis di sigeg aja nganti kedlarung-dlarung, aja nganti kebanjur-banjur.
Angger KKN, angger Suap, angger maksiat diterus-terusena nang pemerentahan, mesthi dhewek arep kecolongan sing lewih gedhe maning, kecolongan kemerdekaan, alias dijajah maning......na'udzubillahi min dzalik.....
Daftar sing diaku-aku malesia : reog jelas-jelas reog ponorogo diaku, tari pendet cetha wela-wela sekang bali diaku malesia, sipadan dan ligitan jelas-jelas nang tlatah indonesia dicluthaki dadi nggone malesia, ambalat ya agi diincim-incim kapan dhewek nggeli weya....

Terus kepriwen kudune ?
Bangsa indonesia terutama pemimpine kudu aja adigang adigung adiguna, tapi sing bisa mbabaih lan ana iguh pertikel sing kreatif mbangun nasionalisme tur aja nguber-uber kyai lan umat islam terus - mendhingan nguber-uber kebodhoan, kemiskinan lan kemaksiatan terus ditanggulangi angger ora bisa dibrantas ya dikurangi,....
Nresnani budhayane dhewek, aja njimot budhaya sembarangan, njimot budhayane wong barat sing senenge pada mabok anggur ---lha apa pikirane bener angger agi mabok ??----padhahal urip kuwe oranana sing jenengane jajalan utawa gurisan, urip nang alam dunya jan temenanan udu dolalan apamaning jajalan lan gurisan....
Kemutan maring akhirat, kiyeh, kunci sing paling penting men aja nggragas lan ora srei meng dunya lan bandha, kedhuhukan lan pangkat, sebab bangsane dhewek "morat-marit" ya gara-gara kuwe mau, doyan banget dunya (harta, tahta dan wanita), terus mlakune jleng-jlengan ora ngerti elor kidul ora ngambah dalan sing bener,....malah nganggo benere dhewek.
Angger jaman semono ana omongan :
Sur joko pitono, nalendra ingkang njagi negari nuswantoro, negari ingkang panjang punjung pasir wukir gemah ripah loh jinawi tata titi tentrem tur raharjo. Panjang jembar laladene, punjung tegese luhur kawibawane, pasir arane kali wukir arane pegunungan, gemah ripah murah kang sarwo tinumbas, loh jinawi lemu kang sarwo tinandur, tata tegese ukum sing bener, titi tentrem padha ayem lan bungah tur raharjo lan makmur.

Utawa baldatun thayyibatun wa rabbun ghafuur, insya allah.

PROMOSI PUTRA TRAVEL KIYEH LUUR

    PUTRA TRAVEL - CILACAP JAWA TENGAH Agi mangsan pandemi Covid19 kiye terkadhang dhewek esih kudu tetep lunga, lan ngger numpak sepur/ ker...