BANGSA WIS ANA KADES ANYAR APA URUNG YAH?

PERTARUNGAN KADES SING KURANG RAME
Angger aku dhewek kan nang paran, ya secara teori ora melu cawe-cawe urusan pilihan lurah. Ana unek-unekku sing khusus go lurah tahun 2011, (nang negeri antah berantah)
Sepuluh tahun lho pak rika mimpin desa bangsa tapi..... angger rika bisa mawas diri, silahkan di camkan, kira-kira mlebune meng JUDHUL sing endi, sing pas:
1. Lurah dendam merga nang sekitar kono ora akeh sih milih - ya jelas milih jago liyane jaman semono.
2. Lurah sing ora rumangsa angger bengkok kuwe kang pemrentah, lha rt.06/1 ya termasuk sing duwe bengkok mbokan ? padha-padha warga desa bangsa, warga negara Indonesia.
3. Lurah sing kepengin nyalon sing ping telu ? ya ulih-ulih bae angger memungkinkan.
Engkone dadi "HATTRIKC" angger aku dhewek sih ping sepisan be wis mblenger, malah rika ping pindho ya aseb-asben, aja ping telu lah mbok nyong mlukek...
4. Lurah sing pancen ora tau liwat metuk rt.06/rw 1, termasuk dulur lan batire rika. Alure tek tidhokena kiye, kang gili gedhe>>> metuk nggone pak carik Budi, terus.... ngalor>>> liwat unthuluwuk, aja meng ngetan.....>>> tapi menggok kiwe terus bablas ngalor.....>>>tekan buh/brug sandhinge pak parmito rika bisa liwat ngulon....(ya urung ana gili sing alus) apa maning liwat meng ngalor bablas ngetan....hmm....dalane ora bisa go gemlawikan angger rika numpak montor agi mangsan udan. sepuluh taun lho pak....esih kaya kuwe....(tapi paling diblenggu ya pancen rt.06/1), ora main-main kiye.
5. Lurah sing kepengin di srampang angger liwat metuk rt.06/rw 1.
  Apa wedi angger diglepuk nang bocah-bocah cilik rt.01/1, lha siki wis ra ana bocah nakal nang kana lho, mungsuhe rika wis padha tuwa-tuwa, wis padha lunga meng ngendi ora, dadi ra usah wedi angger liwat kana, lha rika ra dikenal ikih, aliase ora populer banget gicu...
6. Lurah sing tobat  bar rampung menjabat. Kiye kayane cocog, rika sering-sering bae silaturahmi meng rt.06/1 , tapi aja ngrasani dalan ya,....sensitif. Angger wis mawas diri, ya ora usah jengkel, ora usah getun, cepet-cepet istighfar, terus silaturahmi meng rt.06/1, tapi engko angger wis ora dadi lurah,....sepisan maning sensitif pak nang kana. Bar kuwe rika gari mangkat kaji utawa minimal umroh lah. dongakena "khususon" wong rt.06/1 ben ora duwe lurah sing kaya rika....tapi sing ikhlas ya pak.
 

AMANAH KOH DISIA-SIA
Tapi ya wis lah, kuwe wis liwat, kur aku mandan maras mbok-mbok lurahe "kaya sing wingi maning", lurah sing pendendam maring sekitar rt 6/01, aku udu wong kono lho, aku nguli nang Jakarta. Tapi angger bali kan liwat kono, kabeh-kabeh wis alus, tapi liwat rt.06/1 kaya liwat jamane pak lurah Parno, gemiyeeeeeen banget, padhahal duwit PNPM kan udu dhuwite perorangan, aku ngrasa rt.06/1 di anak-tiri- kena. Lha ora nana wong rt.06/1 sing protes, aku sing protes meng lurah/kades lan pamong desa bangsa.
Amanah koh di sia-sia, ngati-ati ya angger rika wis ora duwe jabatan, rika dadi wong biasa maning, sapa jajal sing arep ngregani rika angger agi njabat terus sewenang-wenang, mban cinde mba ciladan. Dulurku akeh nang rt.06/1. dadi ya jane urung kering angger arep padha tobat. Rt. 06/1 kuwe kur go conto aja ngasi kedadeyan maning. Lha Rt.06/1 ya padha-padha rayat Indonesia mbok ?

RT.06  RW. I
Asli ana sing aneh nang daerah kiye,.... gemiyen akeh banget pamong desane, akeh hansipe, akeh pengurus pkk ne, tur akeh wong sing jane bener-bener tresna meng desa bangsa, tapi..... dalan rt.06/I thok sikine sing esih gragalan, sing esih lunyu, tur esih marasi angger agi mangsan udan. Pancen kudu diakoni jaman gemiyen ya termasuk daerah "hitam" nang desa bangsa. Bocah nakal ngendi ora ya sabane meng ngonoh, sing gelutan, sing mabokan, sing seneng main, ya ndilalah nang kono ana baen - jane nang daerah liya ne ya kayane ora beda - tapi pancen sing agi go crita pancen rt.06/1. Kisah nyata nalika nyong karo keponakanku sing asal rt.06/I nang POLSEK kebasen arep gawe surat kelakuan baik (jaman semono) ya di cek disit....."
Kang ngendi mas,?" pak polisi takon. "Saking bangsa pak", jawabe keponakanku, "Bangsane ngendi,?" pulisine takon maning,"Rt.06/I grumbul tanupatra pak.!"." STOP....!!! engko disit tek cekke ya, jenengmu sapa ?"pulisine takon maning. Tapi pancen keponakanku kan bocah sing apik, rajin sholat, ngaji, tur awehan, gemi titi..ora drengki apa maning srei.. ya akhire bisa gawe Surat Kelakuan Baik. Nah, apa ya angger wis di cap ireng ya IREEEEENG terus. Ya mesthine ora lah, sing obyektif lah aja mung mengedepankan emosi tanpa logika. Kuwe sing dadi crita nang Rt.06/I. Men wong padha ngerti, bahwa ana salah sijine wilayah desa bangsa sing di dzalimi, gara-gara emosi sing ora nganggo logika kang pemimpine sing ora rumangsa dipilih nang grumbul kana. Gemiyen grumbul terpandhang, siki dadi grumbul sing melasi, serem tur perek kuburan (sedulur tanupatra kuwe jenengan kuburan).

SOLUSI
Go oknum sing krasa ya, silahkan memperbaiki dirinya sendiri, yang zalim tapi merasa benar ya secepete mawas diri. Go bocah-bocah utawa bocah tuwa RT.06/I ya sing padha sadhar, sing pada elegan lah ngguli mlaku nang desane dhewek. Sing rajin ngguli kerja, sing semangat ngguli sholat lan sedekah, terus angger wong sing salah nang jaman gemiyen ya di ngapurani lah. Contone ya sing tek sebut nang ndhuwur mau.
Kesuwun.

PROMOSI PUTRA TRAVEL KIYEH LUUR

    PUTRA TRAVEL - CILACAP JAWA TENGAH Agi mangsan pandemi Covid19 kiye terkadhang dhewek esih kudu tetep lunga, lan ngger numpak sepur/ ker...