Bada Ora Bali

Jan kebangeten temen sih bada orang bali? Apa ana wong wadon liyane nang nDepok kana mas?
Kaya kuwe bojoku takon maring enyong, tapi tek jawab kambi gurisan "ya pancen nang kana ana sing tek tunggoni",...bojoku tambah panas,"Ngandel ya bapake, esih gelem gemagusan nggoleti prawan nDepok, terus ngguli badan mesthi nang nggone mertuamu sing anyar embok?....
Aku njut ngomong STOP, mandheg...mandheg, enyong pancen nunggoni tapi udu prawan sing tek tunggoni tapi barang-barang toko nang kerjaan, sing dipercayakena meng Bapak...dadi aku tetep sayang dan cinta beserta keluarganya kepada mamake sekaligus,...
Lha bareng krungu kaya kuwe bojoku malah nangis,....U alah bapake-bapake apa ora melas meng anakmu sing cilik angger mbengi ngenteni bapake kapan baline....njur tek jawab. Angger ora sayang sekaligus meng kowe padha bapak ya ora kaya kiye, ora kerja ora nunggoni abrag-abrag toko sing go pranti dodolan nang bapak, lepas tangan, tapi ya kuwe angger bada ora duwe THR - tendangan hari raya - sing wujude jerene dhuwit sing lumangyan lah.
Terus bojoku liren ngguli nangis malah seneng krungu ngger bojone ulih THR sing lumangyan mau.
Tapi apik-apike angger bada ya bali lah, ora tiba setahun sepisan mbok, ketemu karo kanca batir dulur-dulur sing angger dina biasa ora bisa kumpul - sibuk dhewek-dhewek karo urusane. Tapi angger tek pikir maning sing jenengane kewajiban karo hak kuwe pancen ana bedane. Angger hak kuwe olih dijukut angger kewajibane wis lunas ya wis dilakoni, angger kewajiban ya pancen kudu dilakoni disit nembe takon hakke. Angger aku bali kuwe udu kewajiban - mangsude pas badane banget - tapi angger nunggoni toko men aman kuwe malah kewajiban sing abot, lha enyonge siki wis nglakoni kewajiban lha gari njaluk hakku yakuwe bali kampung. Hikmaeh ya biayane murah tur ora macet, elekke ya ora memper, ora patut banget lah kaya ngeyip meng dhuwit banget padahal kan udu masalah dhuwit, tapi masalah kerjaan. Aku mandan ora nggople omongane wong-wong sing ngarani aku ora memper, lha dheweke kan ora ngerti kebutuhanku, lha kur aweh pendapat udu aweh pendapatan lha ya go ngapa, sing penting aku ora gawe rugi karo wong liya,...angger ana sing ngaru biru kelakuanku ya monggo, tek regani tapi aja ndakwa lan nyrambah uyah meng aku, ....aku ora setuju. Tapi angger sing paling apik ya pancen bali...tapi angger ana kepentingan sing lewih penting ya pancen kepesane ya ora bali ya ora pa pa mbok ? Lha angger bali tokone dibobol maling terus keprimen ? Malah gawe cintraka meng wong akeh mbok ? Meng batir-batir kerjane dadi ora bisa kerja maning mergane barang sing di dol digondhol maling. Alhamdulillah siki aku bisa arep bali rebo ngesuk rencanane.
Lepat kula nyuwun ngapunten.

PROMOSI PUTRA TRAVEL KIYEH LUUR

    PUTRA TRAVEL - CILACAP JAWA TENGAH Agi mangsan pandemi Covid19 kiye terkadhang dhewek esih kudu tetep lunga, lan ngger numpak sepur/ ker...