Thok Melong Dhewek Jan Salah Kaprah

Sering banget aku ngajog, getun tur mandan jengkel, lha kepriwen ora jengkel angger ndeleng kahanan siki, jerene wong muslim, duwe ghirah - semangat - lan izzah - martabat - tapi kasunyatane ora kaya kuwe. E lha dulur, kiye kur go pelinge sampyean padha, ing atase wong islam koh malah kelalen karo tanggalane dhewek, lewih dhemen nganggo barange wong liya, lewih bombong angger nganggo abrag-abrag ubarampene wong liya, ora duwe krenteg utawa kebanggaan angger nganggo ubarampe muslim. Jerene ngisin-isini ngantek malah wedi dicap teroris. Ewa semana, angger nganggo barang ubarampene wong liya katon-katone koh ya marem tur nggandem banget, .......jan pancen salah kaprah, thok melong sampeyan angger padha nerus-nerusena engko bisa kedlarung-dlarung, ngantek "dipundhut" Ngarsaning Gusti Allah Swt kambi "syu'ul khatimah",.... lha malaekate bingung ngguli ngetung kambi montene, kiye wong islam koh sandhangane udu muslim, tingkah lakune aduh kang conto sing diparingaken nang Kanjeng Nabi Muhammad Saw, tapi angger non-muslim koh, esih islam KTP ne......

Wengi taun anyar kepungkur (1431 H), pas malem Jemuah embok ? Tapi jan sepi nyenyet ora ana krosake ewong seblindhiya,.....lewih apik turu lan ana sing ora kemutan ngesuk kuwe taun anyar Hijriyah,....banene wis padha kelalen meng taun muslim, taun hijriyah,....malah kadhang-kadhang kemutan malem siji suro, lha awane nonton sedhekah laut nang aring teluk Penyu,....deneng angger siji suro kemutan tapi siji muharram ora tau di anakena kegiatan sing nggo gawe ghirah/rame/sinar,...Islam, jan ora nana babar blas. Siji suro sampeyan padha sing muslim malah kemutan ana sedhekah laut, nonton ngantek emped-empedan, ompol-ompolan nang aring kisik sing panase ora lumrah,.....gumune ya MANGKAT,......terus ora kemutan menawa dina kuwe ya dina Siji Muharram sing jerene taune wong muslim kaya enyong kalian panjenengan padha. Enyong ora madani, enyong ora nyindhir, kur kadaran, angger ngaku muslim ya mayuh padha diropea, pada di uri-uri sarengat Islam kanti kaffah, udu dicampur adhuk sing hak (becik) karo sing bathil (elek),....tapi pancen kuwe salah sijine tugas pokoke para kyai, para ulama, angger enyong kur ngelingena, lha wis dielingena be terkadhang mbingsrung, ndlenger,.....

Jajal, malem taun baru 1 januari, sapa sing ora nyumed kembang api ?? Alah akeh-akeheh ya padha mendeng kembang api nang Purwokerto ya dilakoni men taun baru, jam rolas ThiT, bisa "menyaksikan" pergantian taun, bin nyumed mrecon utawa kembang api mau. Sewengi muput ora turu, montoran keliling kota, pendheken dadi sing paling gagah nang ngarep dhewek ngguli pawe montor,.....kiye kasunyatan, udu gawe-gawe, ....enyong arep takon, dhong malem taun baru hijriyah sampeyan padha nang ngendi ? Ora nana krodhak ora nana krehdeke,...tapi angger mrengeti taun barune wong liya,.....BBBEEEHHHH,....semangate ora karuhan.

Salah kaprah kiya jane udu kebeneran, kiye sistem sing digawe ket jaman landa gemiyen, aliase men wong islam ora seneng karo keislamane, ora bangga meng islame, ora doyan meng ajaran nabine, men ghirah lan sorot cahyane islam kuwe ilang,..... sapa sing bisa njamin indonesia ora bisa kaya spanyol ? Negeri muslim sing akhire dadi negeri kristen, mergane wong-wong islame padha adoh lan ngedohih islam ? Jane angger siki padha ngerti tur sadhar ya urung keri,.... kapan maning arep sadhar angger ora siki,....apa nunggu dijabud malekat Izrail

Enyong aweh pengerten sethithik, sampeyan sing milah lan milih. Angger ana luput njaluk ngapura.

PROMOSI PUTRA TRAVEL KIYEH LUUR

    PUTRA TRAVEL - CILACAP JAWA TENGAH Agi mangsan pandemi Covid19 kiye terkadhang dhewek esih kudu tetep lunga, lan ngger numpak sepur/ ker...