Kedlarung-dlarung

Masalah koh digawe kedlarung-dlarung, kesuwen guli mbongkar utawane ngguli netesena. Kuwe sing siki padha ditiru nang kabeh-kabeh wong, sing paling menthakil ya pemrentah lah, masalah apa bae kae...nggenti lenga latung ben kon dadi gas el-pi-ji eeh malah gase langka banget, kepriwen ngguli aseng pindhah meng gas ?? Mabjug banget, weleh tur ora tanggung jawab. Angger aseng pindhahan ya kudu wis siap sekabehane, ora kaya kuwe carane,... meneng-meneng enyong dadi curiga, mbasanu mengko pejabat "ada main", umpet-umpetan nyimpen lenga latung go didol meng pengusaha (industri pabrik) kan bathine tikel lipet,... tapi aku ya ora nudhuh sih... kur mbasanu... aja-aja engkone....
terus masalah TKI (jan sing dadi pikiran malah TKW), pemrentah koh ya ora duwe bayu, lemes, nggelbes, lenthu banget anggere kon "rembugan utawa gendhu-gendhu rasa" karo wong luwar negeri, sing dituju nang aring TKW ne sih,... dadi posisine dhewek terus-terusan "kasoran", terus-terusan dadi gedibal pitulikur, ora duwe wibawa, ora duwe rega babar pisan, kabeh usulan kental, kabeh aturan mental ora ditrima nang wong luwar sing dadi majikane TKW sing jan melaaaassssiii banget. Urip adoh anak bojo, wadon maning, angger dikapak-kapakena nang majikane arepan bali ya ora wani, ana sing ora ngerti malah baline tuk ngendi.... nlangsani banget. Sing ndadekena aku medhegel pemrentah ya adem ayem baen angger ana korban TKW ora diurusi kaya wonge lho.....
Solusine keprimen dulur ???
Masalah pemrentah akeh banget - akeh jane anu digawe dhewek gara-gara KKN - tapi masalah loro mau sing paling prinsip, sing paling abot sanggane. Lha angger ora duwe gas go masak apa kudu bali maning meng jaman jepang ? Masak karo suluh - repek disit - go keperluan pawon ? Ya angger wong penginyongan sing nang ndesa ya ora papa, tapi angger nang kota ? Arep repek nang ngendi ? Arep gawe pawon nang ngendi ? Tapi sebenere gampang mlempang ngguli ngrampungena pemrentah kudu eman karo rakyat - udu eman karo wong sing sugih thok -. Keloro pemrentah kudu diisi wong sing pinter tur jujur, udu kaya siki wis bodho, kecing keblinger maning...... arep digawa ngendi Indonesia kiye....
Dulur angger ngrasani masalah lambe setumang gari semerang ya ora bakal ana tutuge, ora ana wekase. Dadi tulisan cendhek tur ora patia apik kiye kur go dalanku ngguli ling kinelingan maring dulur se bangsa lan negara : Indonesia. Sethithik mbok menawa ana gunane, kelilaaaan...

Among-Among Sing Ping Telungpuluh Pat

Among-among siki, enyong krasa banget nlangsane, lha aku wis umur telungpuluh pat koh urung bisa dadi pengusaha sing mandan kepenak, esih karyawan bae, ya angger karyawan multinasional sih ora papa, kiye jan karyawan cilik menthik, tapi kabeh mau kudu disukuri, kudu dijimot hikmaeh, Allah Swt maringi kabeh-kabeh kahanan (rejeki, situasi, posisi, pangkat, kerjaan) kuwe mau miturut "maqom = kedudukan" dhewek kabeh, men dhewek terus eling lan ngabdi maring Ngarsane Gusti Allah ta'alaa... karo paribasan sejene, dhewek diwei kuwe dipilah lan dipilih sing paling apik go dhewek tumrap Gusti Allah Ta'alaa,.. tapi pancen kadhang-kadhang dhewek ora pada sabar, ora padha sadhar, kesusu aweh kesimpulan... jane angger "maqome" dhewek wis dhuwur ya diparingi lewih akeh sebab dhewek mesthi diparingi kekuatan go ngropea lan go ngewulani "amanah" mau. Enyong jan yakin seneng banget diparingi umur ngantek 34 tahun, tekan seprene, senajan urung dadi pengusaha tapi aku ora angel ngguli nggolet dhuwit, jalarane enyong kerja. Tapi enyong percaya banget ora suwe maning mesthi dadi pengusaha muslim sing sukses,... angger prinsipe aku : wong muslim kudu sugih (ilmu, bandha, kanca batir).
Go Mas Kuwat :www.greycamel.blogdspot.com, siki agi among-among persis kaya enyong umur 34 tahun, panjenengane ya esih karyawan, tapi enyong ora ngerti apa cita-citane pada karo Nawa, dadi penguasaha muslim.
Kelilan, kesuwun banget dulur...

Ditembak nang aring Nusakambangan

Amrozi Cs, wis Almarhum, lha ditembak nang Nusakambangan.....innlilaahi wa inna ilaihi raji'uun, jan pancen temenan kabeh-kabeh asalah sekang Gusti Allah swt, tur kabeh-kabeh ya mesthi arep bali meng Arsane Gusti Allah Ta'alaa.
Kabeh kedadean ana hikmah pelajarane, kabeh ana maknane, kabeh ana bisa sing di pet, go dhewek men eling, men orang grasah-grusuh, men ora dadi wong sing kementhus, lain liya-liyane.
Dulur,.... aku jan ora mbeneraken kegiatan teroris, krungu thok ben wis medeni banget, apa maning dadi teroris kayane aku termasuke kecing banget, ih... gigu aku ngger krungu tembung "teroris". Jane teroris kuwe apa ? Nogglet pakar sing pakar banget mesthi arep bisa nggambarena teroris kuwe apa lan sapa ?
Angger gambarane dhewek teroris biasane ya wong muslim sing taat, nganggo serban, jenggoten, nang bathuk ana bekas sujude, lan angger sing wadon pada nganggo cadar, ihhh..... aja semangkeyan nuduh wong sing sholeh jere teroris. Angger aku malah dadi takon lha wong sholeh koh dituduh lan dipitnah dadi teroris ? Kepriben sih ngguli duwe buthak ? padha ana isine apa ora buthake? apa malah kopong apa wis "dikumbah" isi buthake dadi nggeli mikir wis keblinger ?
Maaf angger aku dadi emosi, lha kepriwe ora emosi aku ya ngingu jenggot, angger duwe serban ya arep serbanan, lah angger bojoku yang ngganggo jilbab, apa mpeyan arep nuduh aku teroris ?
Amrozi Cs, bisa baen udu teroris, bisa baen dheweke ikhlas, tapi "dheweke" JUGA MANUSIA, dadi aja nyepatani wong, aja ngrasani apa maning wong sing wis bali meng Arsane Gusti Allah Swt, ora ilok, amale dheweke lan karo ubarampene wis dadi urusane Gusti Allah ta'alaa, dadi angger esih "aweh komentar" kuwe jan termasuke mbajug, aja lah... elek kayangapa di elek wong sing wis mati aja dirasani, sepisan maning ora ilok.
Solusi : dulur kabeh aja nyrambah uyah meng wong, durung kinaruhan sing nang mata lan pendelenge dhewek aneh (malah nganti medeni), kuwe udu sing bener tumrape Gusti Allah Swt, terus ngganggo karepa dhewek ngecap teroris (padahal panjenengane wong sing apik banget tur sholeh nang Arsane Gusti Allah Swt). Lha aku jenggoten, cukur kumis, jan yakin gologokin kaki sikin tukang mesin bener-bener udu teroris. Ora percaya ya mayuh ketemuan, angger sholeh aku sih ya urung tapi sing jelas agi meng aring kana, tujuan nang dunya kur sing dadi wong sing becik, nandur becik mbok menawa ngundhuh becik, nandur ala jelas panen ala boa. Tapi alamatena tujuane panjenengan padha GO AMAL SHOLEH SING IKHLAS, ditampa lan berkah.
Kesuwun.... kelilan dipit...

Kilangan Obor

Aku duwe dulur nang desa sebrang lor (maksude desaku sebelah lor), aku ya ngerti dheweke sekeluargane jan pancen dulurku, tapi dulur adoh, dulur tunggal canggah, dulur padha baen canggaeh, terus aku duwe batir, akrab banget karo enyong, nganti tek anggep sedulur, kaya kakange dhewek. Dheweke udu apa-apaku, udu kakang udu adi, udu ipe, tapi sebab sering ketemu, sering gendhu-gendhu rasa, sering kerjasama lan sering dopokan bareng, dadine kaya dulure enyong.
Ana maning crita kaya kiye, dhong agi malem bada (kurang lewih 5 taunan kepungkur) ana tawuran, lah biasa nang nggone aku, sing tawuran wanine ya angger kambi tangga desa, ben sing kira-kira langka bocaeh, angger sing akeh kruyikane ya mesthi ora gelem tawuran, lenthu banget,.... kecing. Dhes... terus kedadean, tawuran ana sing nggawa gaman (bedhog, pemes, silet, terus pendel ya ana, pokoke kabeh barang sing arep go sembeleh-sembelehan ana digawa), nah kediane yang serem padha bacok-bacokan, nah akhireng crita... ana sing kenang kupinge, ana sing jontor ana sing luka-luka tapi sukur ora nana sing mati.
Mbareng wis awan, ditelusuri lan dicacah sapa baen sing padha luka, eh ternyata ana sing esih keprenah sepupu (tunggal kaki) sing malem bada pada tawuran, kuwe angger kilangan obor, angger wong tuwa wis mati, peseduluran padha luntur, wis ora ana sing padha silaturahmi, dolan lan padha nginep, terus dondon turu maning. Udu budhaya tapi krisis.
Ya silaturahmilah, sing sering tapi aja keseringen, sewulan sepisan cukup, angger sering-sering ya ora apik, ora nana rasa kangene, angger ora tau ya ora apik, kilangan obor.
Dulur semono thok dhisit, ngesuk sambung maning, kesuwun.

Mendem Dollar Amerika

Ditabuhih karo saron, lagune eling-eling ebeg padha ngibing terus mendem..... kesurupan ora eling anak bojo, ora eling sapa-sapa, ora jelas sing dideleng, ora srei ngguli njaluk sajen.... gambaran "mendem" ya kaya kuwe.... Mendem wadonan gawe isin, lan maksiat, mendem jenewer gawe susah tangga teparo, mendem anggur gawe getun lan maras tangga lan kanca batire, .......Mendem kuwe "kahanan sing ora bisa dikendhalikena".
Mendem sing kae mau kabeh ora patia medeni, ora patia mbebayani,....tapi MENDEM DOLLAR, kuwe cilaka, pol-polan mentog.....dhuwite mbuh wong ngendi koh gawe "mendem" negarane dhewek, lha aku angger tuku brambang karo gembili nang pasar paing ya ora tau nganggo dollar koh, weruh dollar be nang tivi, angger ngemek yakin jan urung tahu babar blas.... koh... semblothongan gawe "ricuh" nang ndesaku, "apa-apa" dadi larang, apa-apa dadi angel, kerjaan akeh tapi jang langka sing mbayar, semangkeyan dollar pancen. Angger aku ulama mesthi dollar tek haram ena, men wong ora padha pathokan meng dhuwit "setan" mau. Dhuwit ya sing bener bener dhuwit; apa perak (dirham), apa emas(dinar) lan sing bener-bener dhuwit asli.
Sedulur, panjenengane K.H. Kholil Ridwan (Ketua MUI), wis gawe fatwa dol tinuku dollar amerika serikat kuwe HARAM. Mendhing meng bank syari'ah, jerene bank konvensional termasuke riba'(ngger wong Islam wis ngerti kawit jaman BAHOLA, riba kuwe haram).
Siki wis jor baen, mendem dollar ya men, klabakan ya men, memeti ya men,... lha salah-salahe pemimpin "nglendhotan" banget meng Amerika, apa ora duwe isin apa tabel ? Ndableg koh go pengarep, amerika mendem dhewek melu kesurupan.
Wis angger ngomongi ewong pancen gampang tapi angger aweh solusi jan angel pisan, tapi aku arep urun rembug, sethithik mbok menawa gawe becik, lumayan.
SOLUSI : Senengi gaweyane INDONESIA (sing tulisane MADE in INDONESIA borong.... sing tulisan MADE in USA, JAPAN, dll tuku sethithik bae), Senengi pasar tradisional (mol-mol aja mborong nang kana - anu ora bisa ditawar be di srentek-srentekena, beda karo pasar tradisional bisa DITAWAR, tur sing dodol wonge dhewek, udu wong luar sing gawe mendem dollar), balik maning meng INDONESIA banget nasionlalis sing religius, udu  nasionalis sing materialistis
Wassallam, kelilan dulur...

Kepriwen Bada Ne ?

"Taqqabalallahu minna wa min kum", sedulur padha pur-puran: ngaturaken sedaya lepat kula, kathah lepate nyuwun ngapunten"...

Sedulur,............
Siki wis bada, sing pada shaum wis bis dhahar awan-awan, wis pada kerja kaya biasane, sing nang kampung wis "mbalik maning" meng kodhean nang jakarta, bandhung, depok lan sing padha nang sabrang, kaya kalimantan, sumatra, sulawesi lan liya-liyane, sing meng luwar negri ya ana moga-moga ulih berkah lan keslametan, syukur-syukur ana peningkatan. Tapi kabeh mau kepengin "ulih berkah" kang Idul Fitri, berkah dadi pada balik maning meng fitrah.
Fitrahe menungsa kuwe suci lan dadi hamba sahayane Gusti Allah SWT, udu sing pada mblejud lan mbejujag, semangkeyan, lan ora padha eling,...

Esih Padha Kuwat Ora Shaume ?

Kaya enyong dhewek sing nang paran - agi mranto - angger wis likuran jan pancen pikiran werna-werna banget, sing kepengin bali, kepengin tuku klambi go lebaran, kepriwe guli tuku karcis kreta, nang ngendi guli sholat Idul Fitri, lha angger sing wis duwe karcis ya esih duwe pikiran, jan kapan ngguli bali, nunggu wektu ketone suwe temen... lan liya-liyane.
Pancen dulur wulan Romadhon kuwe menurut siji hadits - sing sanad lan riwayate jerene ora kuwat banget - bisa intine tek omongena : wulan Romadhon kuwe dibagi telu, sepuluh dina sing sepisan diarani sepuluh dina rahmah - sapa bae angger awal-awal puasa mesthi pada puasa - sebab kuwe rahmate Gusti Allah Swt meng umat mulaih dibuka, angger pertandingan kiye kaya babak penyisihan lah, sepuluh dina sing kepindho diarani sepuluh dina maghfiroh, sepuluh dina sing penuh pengampunan dosa, nah nang sepuluh dina sing kepindho wis akeh sing "gugur" nang babak penyisihan bae wis akeh, apa maning nang babak semifinal - babak maghfiroh - kur wong-wong sing imane kuwat lan bisa ngliwati sepuluh dina pertama sing melu semifinal lan insyaAllah dosa-dosane diampurani nang Arsane Gusti Allah Swt, pancen abot, kaya penginyongan kiye sing pada nang perantoan mesthi wis akeh banget sing dipikirena, sing kaya mau tek sebut nang ndhuwur, kaya-kayane konsentrasi puasane wis tambah nglembreh, ora tatag lan teguh kaya dhong awal-awal puasa.... lumrah tapi kudune dhewek kabeh mulaih niat maning, ayuh puasa sing lewih ikhlas nang dina sing bek maghfiroh kiye, terus sikine dhewek wis mlebu nang sepuluh dina sing keri dhewek, ya kuwe 'itkum minannaar , ngedohena panjenang kabeh sing nglakoni puasa sing temenan lan ikhlas kang siksane neraka. Pantes bae abot banget, angger adoh kang siksa neraka wis mesthi perek-perek meng suwarga, nah suwarga kuwe regane ora gampang, regane ora sipil, larang tur abot..... wajar nek aku ngarani likuran gutul lebaran kuwe tek arani puasa sing final lan pol-polan abote, nang ngendi-endia sing jenengane pertandingan final yang mesthi paling abot, paling berkelas, paling nentukena. Nah dulur enyong ndongakena meng panjenganan padha moga-moga Allah Swt paring kekuatan iman lan ikhlas gutul rampunge puasa, sepuluh dina sing akhir menurut riwayate ya ana wengi sing lewih apik kang sewu wulan (kurang lewih 83 tahun telung wulanan), angger pas beja wengi kuwe panjengan agi ibadah sing gentur, sing getol, insyaallah sewengi kuwe ditaker pada karo 83 tahun lewih bangete Allah Swt tresna meng umate Nabi Muhammad Saw sing rata-rata umure cendhek-cendhek (umate Nabi Nuh ewuan tahun, Umate Nabi Musa atusan tahun), umat siki (umate kanjeng nabi Muhammad Saw paling perek-perek umure Panjengane Nabi 60 tahunan), Lha salah siji ibrah - pelajaran - wengi lailatul qadar kuwe, men amalan umate Nabi Muhammad Saw bisa sejajar, bisa nglewihi amalane umat-umat sing gemiyen-gemiyen karo umur sing cendhek banget kiye. Angger umure kur 60 tahun, akil baligh 15 tahun berarti umur ngguli ngibadah 45 tahun, lan angger saben tahun ulih lalilatul qadar berarti ngibadaeh bisa diumpamakena 45 x 83 tahun = 3735 tahun, kuwe umur sing dhawa banget nglewihi umur Nabi Nuh lan umate, Allahu Akbar, lan nurut riwayat kanjeng Nabi lewih mantep sholat, dzikir lan ibadah liane angger wis likuran, kuwe ngemu maksud men dhewek tiru - nggolet wengi lailatul qadar. Kepriwe sedulur angger siki panjenengan padha aja disit mikirena sing werna-werna meng liyane ngibadah puasa, kudune tambah fokus, tambah gentur, tambah getol ngguli padha puasa, ngguli pada ngibadah insyaallah olih wengi lailatul qadar, engko nembe mikirena bali kampung angger awan bae, angger wengi tambah porsi ngibadaeh, setuju dulur ?
Enyong ya jane ngomongi panjenengan kuwe meng uga ngomongi awaku dhewek, muslim kudu ling kinelingan nang barang sing bener, lan ling kinelingan karo kesabaran.
Depok, 21 September 2008

Jalur Lor (Pantura) lan Jalur Kidul

Ora ngerti kerpriwe koh jalur Lor (Pantura) lewih rame, lewih bregas lan bergairah dibandhingena karo jalur Kidul - tumrapku nang sektor perekonomiane -, padahal Jalur Kidul dalane ya ora elek banget, tapi sing jelas pancen lewih ciut, senajan kaya kuwe tapi alus - ora akeh jeglongane - tapi aku terus takon, kenangapa lewih sepi ? Apa mergane ?
Takon terus tek jawab dhewek, go semban salah ya aku dibenerena, ya mbok ?
Jalur Lor lewih rame mergane kana akeh pelabuhane - priok (Jakarta)- tanjung emas (Semarang) - tanjung perak (Surabaya), nah sing jelas wektu joge meng pelabuhan lewih cepet angger liwat pantura daripadha liwat Jalur Kidul. Jane ya go tantangan Putra Daerah Jalur Kidul - udu go ngrusak peseduluran - milah-milahena (dikotomi) LOR karo KIDUL, tapi kur nggo nggamblangena masalaeh, ya kuwe masalah perkembangan ekonomi Jalur Kidul sing kalah adoh karo Jalur Lor. Nggeli tambah gedhene, tambah ramene, angger dipikir jane daerah kidul ya ora kalah subur, ora kalah potensine, ora kalah jumlah wonge, ora kalah sumber daya menungsane, karo Lor. Angger ana kreteg pemimpin daerah kidul men aja keri terus - nang ekonomi - kuwe kudu gagean digoleti carane, digoleti kekurangan lan potensi sing bisa didhudhuk men keton genah ciri lan cara go mburu kerine Jalur Kidul. Angger tekan kono pikirane wong kidulan mesthi sedhela ana kemajuan sing ketera banget, basa melayune - perkembangan yang pesat dan mencolok - kuwe dadi gaweane para pemimpin daerah kidul.
Contone Jalur Kidul - Tasik - Banjar - Cilacap - Banyumas - Kedu, terus meng wetan, sing kudu lewih sregep nggeli kerja, utawa lewih KREATIF sethithik maning. Tapi sing tek deleng pancen perekonomian kuwe tergantung letak lan posisi - strategis apa ora posisine - nang aring Jalur Kidul termasuke kalah posisi dibanding Jalur Lor, tapi kuwe udu alasan go mbelani kerine Jalur Kidul, sebab wis jelas keri utawa ora kuwe bisa disrentekena, bisa diusahakena men aja keri banget, Kalah posisi aja kalah teberi, bener embok ? Ya kiye kur urun rembug kang kula, mbok kanggonggawe ya sukur angger ora ya mayuh padha dipikirena bareng, angger daerah KIDUL maju sapa sing bungah ? Anak putune dhewek embok ? Ya wis emen kaya ngapa kahanane engko angger para pemimpin wis sadhar, wis ngerti, sepisan maning kalah enggon aja kalah teberi - kalah posisi jangan kalah keuletan. Matur kesuwun.
Depok, 18 September 2008

Mudik - Bali Kampung

Kepriwe njenengan pada arep bali kampung apa ora ? Maksude enyong ya khusus sing padha nang paran, sing pada ngodhe lan paal nang Njakarta, Mbandung, Ndepok utawa Mbekasi. Angger njenengan padha sing ora lunga-lunga ya ora usah lunga kota - tukar tempat pendheken - tapi jane sing paling penting kuwe maknane ngguli padha mudik - basa Banyumasane mudik kuwe apa yah dulur....- ya wis lah pokoke mudik. Mudik sing paling penting tujuane, sing paling penting lakune, sing paling penting bali nggawa barang kambi tingkah laku sing apik, aja nggawa tingkah polah kota sing mbejujag, mbajug, lacut tur ora duwe dur (ngawur), terus de tularna meng kampung lan desane, ora apik babar pisan. Tujuan utama mudik kudu diniati, silaturahmi, tilik kanca batir lan wong tuwa sing setahun kepungkur ditinggal ngodhe nang paran. Angger ulih-ulieh kabar sing apik (nggawa duit misale ya sukur), utawa nggawa calon bojo ya ora papa, tapi poma di poma aja nggawa "tingkah polah" cara Jakarta utawa budaya "keblinger" sing maune ora nana nang ndesa, terus digawa bali, contone : mabok, pergaulan bebas bablas, mbajug meng wong tuwa, lan liya-liyane sing gawe mblegidhige atine liyan.
Lan sedulur ora kelalen enyong weling, sing ngati-ati nggeli mudik, asa ngasi kebut-kebutan nang dalan, aja nggawa balita numpak honda - sering kedadean ana bocah cilik "ora nana" gara-gara dipeksa numpak montor, kedadeane nang Mbuntu - POM bensin - bocah esih cilik banget ketone umur loro utawa telung taun, lha nang Pom kan ramane bocah agep ngisi bensin disit, terus biyung bocah aren nyusoni,.... eeee.... mbareng ditiliki jebulan bocahe jan wis ora nana, wis ninggal dulur..... dadi angger duwe balita ya, jane apike aja ditumpakena montor, bocah cilik menthik kan urung bisa nahan hawa ademe angin, dadi lewih apik kayane ya biyung bocah kon bali disit, aring kampung seurunge bada, ya angger meh likuran kan wis rame, jane apike yang angger bada esih adoh, misale tanggal 15 romadon, kan lewih murah, tur bocaeh waras bedhigas lir ing sambekala, kaya kuwe embok ? Engko nang kampung bisa plesir nganah-ngeneh....
Lha angger go dulurku sing ora padha bali, ya ora papa, kadar bada ana maning ikih tahun ngarep, cathet... sing penting silaturahmi aja pedhot, aja nganti jarang ngalang-alangi silaturahmi, kan siki wis ana telpun, sing 3G maning bisa ndeleng bocah - putune - sing nang aring Njakarta kang kampung kana- misale nang Mbringkeng - Kawunganten - Clacap, kuwe kur go sembane thok. Enyong dhewek ya arep mudik, tanggal 30 Septemberan, angger wis olih tiket, tapi angger ora keconggah tikete ya,.... bali bar bada baen lah mbok menawa lewih omber bise.
Lan kayane kiye thok sing bisa tek tulis, sumbangan moral, spiritual tur dhukungan pengestune panjengan kabeh tek enteni, temenan banget, sapa bae wong mbanyumas sing kebeneran mbukak blog kiye, tulung ya njenengan kenalan karo enyong, tambah dulur tambah rejeki embok ? Insya Allah. Kesuwun.... terus kelilaaaaan.
Depok, 8 September 2008

Kenalan disit

Kula niki tiyang Mbanyumas perbatesan kalih Cilacap, ancer-ancere saking prapatan Buntu ngilen - arah Jakarta Bandung - termasukke kepengin nguri-uri budaya Banyumasan. Mendoane, sroto, kripik tempe, ebeg, lengger, bawor lan liya-liyane. Sing asli Mbanyumas...

Tapi sedulur.... kula nembe bisa mulaih kaya kiye, njaluk dhukungan lan bela sokong para dulurku kabeh, sing krasa lan kepengin nglestarikaken budaya sing adiluhung Banyumasan.

Matur nuwun

PROMOSI PUTRA TRAVEL KIYEH LUUR

    PUTRA TRAVEL - CILACAP JAWA TENGAH Agi mangsan pandemi Covid19 kiye terkadhang dhewek esih kudu tetep lunga, lan ngger numpak sepur/ ker...