Mudik - Bali Kampung

Kepriwe njenengan pada arep bali kampung apa ora ? Maksude enyong ya khusus sing padha nang paran, sing pada ngodhe lan paal nang Njakarta, Mbandung, Ndepok utawa Mbekasi. Angger njenengan padha sing ora lunga-lunga ya ora usah lunga kota - tukar tempat pendheken - tapi jane sing paling penting kuwe maknane ngguli padha mudik - basa Banyumasane mudik kuwe apa yah dulur....- ya wis lah pokoke mudik. Mudik sing paling penting tujuane, sing paling penting lakune, sing paling penting bali nggawa barang kambi tingkah laku sing apik, aja nggawa tingkah polah kota sing mbejujag, mbajug, lacut tur ora duwe dur (ngawur), terus de tularna meng kampung lan desane, ora apik babar pisan. Tujuan utama mudik kudu diniati, silaturahmi, tilik kanca batir lan wong tuwa sing setahun kepungkur ditinggal ngodhe nang paran. Angger ulih-ulieh kabar sing apik (nggawa duit misale ya sukur), utawa nggawa calon bojo ya ora papa, tapi poma di poma aja nggawa "tingkah polah" cara Jakarta utawa budaya "keblinger" sing maune ora nana nang ndesa, terus digawa bali, contone : mabok, pergaulan bebas bablas, mbajug meng wong tuwa, lan liya-liyane sing gawe mblegidhige atine liyan.
Lan sedulur ora kelalen enyong weling, sing ngati-ati nggeli mudik, asa ngasi kebut-kebutan nang dalan, aja nggawa balita numpak honda - sering kedadean ana bocah cilik "ora nana" gara-gara dipeksa numpak montor, kedadeane nang Mbuntu - POM bensin - bocah esih cilik banget ketone umur loro utawa telung taun, lha nang Pom kan ramane bocah agep ngisi bensin disit, terus biyung bocah aren nyusoni,.... eeee.... mbareng ditiliki jebulan bocahe jan wis ora nana, wis ninggal dulur..... dadi angger duwe balita ya, jane apike aja ditumpakena montor, bocah cilik menthik kan urung bisa nahan hawa ademe angin, dadi lewih apik kayane ya biyung bocah kon bali disit, aring kampung seurunge bada, ya angger meh likuran kan wis rame, jane apike yang angger bada esih adoh, misale tanggal 15 romadon, kan lewih murah, tur bocaeh waras bedhigas lir ing sambekala, kaya kuwe embok ? Engko nang kampung bisa plesir nganah-ngeneh....
Lha angger go dulurku sing ora padha bali, ya ora papa, kadar bada ana maning ikih tahun ngarep, cathet... sing penting silaturahmi aja pedhot, aja nganti jarang ngalang-alangi silaturahmi, kan siki wis ana telpun, sing 3G maning bisa ndeleng bocah - putune - sing nang aring Njakarta kang kampung kana- misale nang Mbringkeng - Kawunganten - Clacap, kuwe kur go sembane thok. Enyong dhewek ya arep mudik, tanggal 30 Septemberan, angger wis olih tiket, tapi angger ora keconggah tikete ya,.... bali bar bada baen lah mbok menawa lewih omber bise.
Lan kayane kiye thok sing bisa tek tulis, sumbangan moral, spiritual tur dhukungan pengestune panjengan kabeh tek enteni, temenan banget, sapa bae wong mbanyumas sing kebeneran mbukak blog kiye, tulung ya njenengan kenalan karo enyong, tambah dulur tambah rejeki embok ? Insya Allah. Kesuwun.... terus kelilaaaaan.
Depok, 8 September 2008

Tidak ada komentar:

PROMOSI PUTRA TRAVEL KIYEH LUUR

    PUTRA TRAVEL - CILACAP JAWA TENGAH Agi mangsan pandemi Covid19 kiye terkadhang dhewek esih kudu tetep lunga, lan ngger numpak sepur/ ker...