NDLOHOM, CLONGOBAN NDELENG KAHANAN SIKI

ANA SING ORA PETHA BANGET JERE JAMAN SIKI KEPENAK
Kepenak mangsude kepriwe ? Kepenak apane ? Apa rika clamit njaluki dhuwit utawa proyek kerjaan terus didumi gratisan apa deneng kepenak ? Wong sing krasa kepenak biasane ya wong sing ora tau ngrasakena kangelane wong cilik kaya penginyongan padha - nuwun sewu angger nang antarane panjenengan sing maca tulisanku udu wong cilik tapi priyayi gung, malah kepara gung binathoro - udu nyalahena pemerintah, pemerintah wis kerja tapi urung ana hasil sing kaya dikepenginena nang rayate. Kritik utawa aweh pinemu apa ulih ? Ya ulih-ulih baen, tapi jere angger salah ngguli aweh bisa-bisa diarani hate speech - mrina meng pemrentah salah siji contone - undang-undang ITE Indonesia pancen jan undang-undang sing unik tur ora nana tunggale. Siji Thil nang Indonesia thok, seblindhi tapi jan pasal-pasale medeni, aja gemlawik meng undang-undang kiye dulur. Dadi angger gawe tulisan nang aring dunya maya ya kudu sing ngati-ati aja nganti kesanggret utawa gondhetan karo UU ITE kiye, bisa mlebu penjara panjenengan padha. Tumrapku, jaman siki ya lewih ora kepenak dibanding jaman gemiyen - mergane aku nggolet pangan dhewek angger gemiyen kur gari njaluk nyadhong meng wong atuwaku sih -  salah sijine ya bener kuwe, umurku ya esih enom gemiyen, tanggung jawabku ya esih entheng. Tapi angger jaman siki, wis kenang lara krisis kawit taun 1998 koh ya krasane urung bregas. Urung waras bedhigas. Esih kadang angot larane, ya senajan ora patia lara banget kaya taun 1998. Tapi angger ana wong sing ngomong siki jaman apa-apa kepenak, rega-rega ketuku, beras selawuhe, janganan sebumbune sebothekan bek mencep, kebutuhan pedangan selengkape, murah meriah gawe bungah, TDL ya ajeg, kawit jaman bahola ra tau diundhak-undhakena, malah jere padha takon kapan TDL mundhak ? BBM jere ya aman terkendali ra tau mundhak kawit kuna meng kuna, ana sing takon kapan BBM bisa padha larange karo nang Singgapur. Aku kur ndlohom thok dulur.... ket mau kiye wong ngecebres apa agi nglindur apa kesambet. Nyong ra ngecebres masalah Covid19 ya Lur, moga-moga baen pemrentah gageyan bisa mrantasi gawe, di binte si Covid19 ngantek nglepese. Melasi lah meng penginyongan nek urasan Covid19 kedlarung-dlarung. Aja kelalen kuwe pendongane penjenangan padhe meng pemrentah ya Lur.

PENDIDIKAN SING ANGEL TUR DINGEL NGEL
Aja padha tersinggung utawa jengkel ngantek mbanting meja ya dulur .... enyong kur rasan bab kahanan pendidikan go anake enyong lan panjenengan padha. Jajal sing esih duwe putra utawa putri sing esih padha sekolah ... (ana sing nylethuk "piye kabare enak jamanku to ?"), wis dinei KIP wis dinei macem-macem kertu, tapi kepriwe ngguli ndhuwitena kuwe ora nana dalane, ana KIP ya kur disak thok nang bocahku, ora tau didhuwitena. Apa fungsine KIP kur disaki thok lur ? Jajal angger ana penyuluhan sekang pihak pemrentah, KIP kuwe jere go mbantu wong sing kurang mampu - mampu dibantu be gelem apa maning wong sing ora mampu, ya jane genah go ndel-ndel lah - tapi kasunyatane jan wis telung taun duwe KIP urung seperak-peraka. Apa udu rejekine anakku apa aku sing salah ngguli ngurus.....
Mangsude pendidikan siki angel kuwe ya arep mlebu sekolah yang angel ngguli mlebu kudu NEM sing dhuwur, dhaktar ulang sing larang, SPP sing urung gratis, lan liya liyane, angger wis angel-angel ketampa apa anake dhewek wis ayem ? Urung pelajarane ora memper rumit, angel, tur akeh PR - pekerjaan rumah - sing maraih bocah ora lali turu, pelajarane angel tapi miturut aku ora kabeh pelajaran mau kanggonggawe nang uripe bocah ngembene. Mlebu angel, pelajarane angel, biayane angel nah embok lah angger bar sekolah anake dhewek terus kepenak. Ora dulur.... bar sekolah padha kangelan, padha mumet nggoleti gaweyan. Jane sing salah bocaeh dhewek apa sapa sih ? Jelas kurikulum lan pemrentah sing kudu nggawe dalan padhange, ora mbundhet pating krawil kaya siki. Serbane ruwed, serbane angel, serbane karidun lan kapiran. Wis angel tur di ngel ngel, apa bener ? Panjenengan padha ra usah nuduh wong utawa sapa sapa, rasakena dhewek apa iya kahanane kaya kuwe.
 
SOLUSI UTAWA KEPRIGEN CARANE
Solusi jelas sekang pemrentah, dinas pendidikan lan para guru. Kurikulum - apa sih basa banyumasane ya pokoke aturan go ndhidhik bocah karo ubarampene lah - kudu diganti sing apik ra usah keruweden, Sing gampang baen,ora usah pating krawed kaya kurikulum siki, sing migunani baen, sing kira-kira kanggonggawe go sangu bocah nang uripe ngemben. Tapi kadhang nggawe sing beda senajan lewih apik akeh godha lan rencana ne, ana baen sing ora rila, ana baen sing nggresula, ana baen sing wis cocog karo kahanan sing tumrape wong umum nyengsarakena bocah sekolah. Angger usulanku sih gampang baen, angger arep mlebu meng tingkat ndhuwure ngganggo TES tertulis baen - udu pilihan gandha apa maning B-S - pelajarane ditambah pelajaran akhlak lan kepribadian, jam pelajaran agama ditambah, sejarah kudu dilurusena PSPB jaman gemiyen lumayan, angger wis kelas 10 kudune wis penjurusan - ora ngambang kaya siki, bocah wis tuwa umur 17 taun urung ngerti arep dadi apa - buang pelajaran sing abot-abot akehena praktek nang lapangan. Rangking ana tapi siji tekan telu baen, nei hadiah sebab ora kabeh bocah kuwe rangking siji tekan telu. Ora bener nek ana sing ngomong semua adalah bintang, ora bener kuwe. Sing bener dadekena kabeh murid kuwe bocah sing pinter, sukur-sukur dadi bintang kelas. Program beasiswa go bocah bintang kelas sing anake wong ora nduwe ya perlu. Ujarku sih ngantek mahasiswa ana sing mragadi ngantek rampung, enggane engko bocah kon nyarutang ya ra masalah, angger bocaeh tamat kuliah tur wis nyambut gawe kan gampang gari dicicil utawa nek gajieh akeh ya kon langsung lunas baen kan ra masalah.

Kayane kuwe thok sing bisa tek tulis mangsudku ra ana rasa drengki, iri lan sengit meng sapa-sapa - DepDikBud lan sepenunggalane  - kur kiye iguh sekang nyong mbok menawa bisa dadi urun rembug go dunia pendidikan Indonesia, ya seora-orane mbok menawa penggedhe-penggedhe pada mirsani rasane dadi wong cilik sing nyekolahena anake senajan karo dhuwit mung-mungan.
 
Matur nuwun, kelilan Lur ..

Tidak ada komentar:

PROMOSI PUTRA TRAVEL KIYEH LUUR

    PUTRA TRAVEL - CILACAP JAWA TENGAH Agi mangsan pandemi Covid19 kiye terkadhang dhewek esih kudu tetep lunga, lan ngger numpak sepur/ ker...