Kedlarung-dlarung

Masalah koh digawe kedlarung-dlarung, kesuwen guli mbongkar utawane ngguli netesena. Kuwe sing siki padha ditiru nang kabeh-kabeh wong, sing paling menthakil ya pemrentah lah, masalah apa bae kae...nggenti lenga latung ben kon dadi gas el-pi-ji eeh malah gase langka banget, kepriwen ngguli aseng pindhah meng gas ?? Mabjug banget, weleh tur ora tanggung jawab. Angger aseng pindhahan ya kudu wis siap sekabehane, ora kaya kuwe carane,... meneng-meneng enyong dadi curiga, mbasanu mengko pejabat "ada main", umpet-umpetan nyimpen lenga latung go didol meng pengusaha (industri pabrik) kan bathine tikel lipet,... tapi aku ya ora nudhuh sih... kur mbasanu... aja-aja engkone....
terus masalah TKI (jan sing dadi pikiran malah TKW), pemrentah koh ya ora duwe bayu, lemes, nggelbes, lenthu banget anggere kon "rembugan utawa gendhu-gendhu rasa" karo wong luwar negeri, sing dituju nang aring TKW ne sih,... dadi posisine dhewek terus-terusan "kasoran", terus-terusan dadi gedibal pitulikur, ora duwe wibawa, ora duwe rega babar pisan, kabeh usulan kental, kabeh aturan mental ora ditrima nang wong luwar sing dadi majikane TKW sing jan melaaaassssiii banget. Urip adoh anak bojo, wadon maning, angger dikapak-kapakena nang majikane arepan bali ya ora wani, ana sing ora ngerti malah baline tuk ngendi.... nlangsani banget. Sing ndadekena aku medhegel pemrentah ya adem ayem baen angger ana korban TKW ora diurusi kaya wonge lho.....
Solusine keprimen dulur ???
Masalah pemrentah akeh banget - akeh jane anu digawe dhewek gara-gara KKN - tapi masalah loro mau sing paling prinsip, sing paling abot sanggane. Lha angger ora duwe gas go masak apa kudu bali maning meng jaman jepang ? Masak karo suluh - repek disit - go keperluan pawon ? Ya angger wong penginyongan sing nang ndesa ya ora papa, tapi angger nang kota ? Arep repek nang ngendi ? Arep gawe pawon nang ngendi ? Tapi sebenere gampang mlempang ngguli ngrampungena pemrentah kudu eman karo rakyat - udu eman karo wong sing sugih thok -. Keloro pemrentah kudu diisi wong sing pinter tur jujur, udu kaya siki wis bodho, kecing keblinger maning...... arep digawa ngendi Indonesia kiye....
Dulur angger ngrasani masalah lambe setumang gari semerang ya ora bakal ana tutuge, ora ana wekase. Dadi tulisan cendhek tur ora patia apik kiye kur go dalanku ngguli ling kinelingan maring dulur se bangsa lan negara : Indonesia. Sethithik mbok menawa ana gunane, kelilaaaan...

Tidak ada komentar:

PROMOSI PUTRA TRAVEL KIYEH LUUR

    PUTRA TRAVEL - CILACAP JAWA TENGAH Agi mangsan pandemi Covid19 kiye terkadhang dhewek esih kudu tetep lunga, lan ngger numpak sepur/ ker...