PINDHAH KERJA

 PINDHAH KERJA NANG NGGON SING LEWIH SEPI

Jane angger ngomongi betah apa ora ya angel ngguli nerangena, maune ngguli kerja mandan sibuk, terus mandan akeh pelanggan sing teka. Tapi siki jan, amper saben ndina kur internetan, dolalan seperlune lan akeh kegiatan sing angger dipikir ya maraih bosen. Tapi ngemuti duwe anak bojo, ra ulih utawa era ilok kon nggresula, alon-alon asal kelakon gremet-gremet asal slamet, kaya kuwe mbok kang? Jenengane trukah ya pancen urung akeh sing padha kenal, urung akeh sing padhe ngerteni. Kayane udu kur enyong thok sing ngrasakena angger trukah ya mesthi mandan sepi dagangane. Nek wis tek etung-etung nyong ya rumangsa mandan tenggun, sebabe akeh wong sing kaya penginyongan padha bangkrut tempat kerjane, sebab lan mergane akeh, tapi jerene sih anu ekonomi lesu apa kebijakan pemerintah sing ora nggandra maning digo njangglengena saka-cagak ekonomine. Ya pancen sih enyong ra ngerti banget masalah kuwe, tapi nek dipenggalih lan dirasakena pancen krasa lho. Angel pancen nek ra mbahas pulitik, apa merga nyong kang daerah Ngapak yah, sing wis ket jaman gemiyen kuna dadi palagan pulitik? Sebab pindhaeh nyong ya merga pulitik koh, Maret 2020 ada KOPID Songolas sing maraih kabeh-kabeh dadi rebyeg, wuled, wangkot, tur mbandakalani. Lengkap lah, jane nek dipikir KOPID19 kuwe ya ora medeni banget kaya sing nang media masa lah, lha nang nggonku kerja langka wong pating ngglethak utawa pating keleler kaya babadan pacing nggleseh ora koh. Sing akeh sing pada seda kuwe merga duwe prenyakit gawan. Jeneng prenyakit gawane ya sing medeni-medeni lah : gula, paru-paru, jantung, kolesterol lan sepenunggalane. Sing maraih getun jane ya wis kahanan kaya kiye, tur langka iguh pertikel karo jig sing cetha. Kabeh ngambang maraih kewula kaya penginyongan maras samben ndinane. Basa melayune "Tanpa Kepastian", lha mbok sing jenengane madhang, nginum, nyuled lampu listrik ya kudu mesthi, sing duwe honda ya kudu nginumi hondane mbok? terus masalaheh apa? Kabeh padha munggah regane, ana TDL, BBM, BPJS ya melu-melu. Di nei bantuan KOPID19 kur telung wulan, ya agi ra ngilang-ilangena, tapi ya kuwe mau, apa keluwargaku kur urip karo sekabehane kur go telung wulan? Ora mbok? Apa butuh-butuh liyane ra mundhak ? Kanjat.

ALHAMDULILLAH ESIH DUWE GAWEYAN

Lumangyan thok lah nek nyong esih kerja, bisa go bayaran sekolah anak wadon, lan go tuku pulsa anak lanang sing agi kuliah sekang ngumah apa istilaeh Daring. Kur agi gumun nyong, masalah bocah sing padha sekolah on-len ra tau teka meng sekolahan, ujarku gratis ra mbayar, jebulane kudu mbayar genep ra di elong babar pisan. Melasi wong sing padha kenang PHK - putus hubungan kerja - jane lho nek go bayaran sekolah ora dikurangi babar pisan, kaya ngapa rasane yah, ya moga-moga pihak sekolahan sing padha aris lah, tepa slira sawetara ngantek kahanan bregas maning. Embuh sih nek sekolah negeri, anakku sekolah nang luar negeri sih alias swasta. Senajan ketone nggresula nyong ra ana mangsud kaya kuwe, kur go gendhu-gendhu rasa thok lah, mbok ana sing ngalami kaya enyong kiye. Kur kadaran nyog sing esih paal ya sethithik akeh duwe penguripan sing tetep ben kaya kiye rasane. Sepisan maning kiye udu nggresula, agi tepak awak dhewek lah.

PINEMUKU

Sing jenengane pinemu kuwe kur sederma iguh lan urun rembug. Mbok menawa ana cocoge utawa ana kanggpnggawene. Dulur-dulur sing pada kenang PHK ya aja nganti mutung kudu tetep sabar, ngenteni nyambi usaha paringan rejeki sekang Gusti Allah Ta'alaa. Usaha sing paling kepenak tur mungkin ya sing kira-kira modhal cilik tapine gangsar utawa lancar. Dagang, nek nang ndesa ya gaweyan kudu aja pilah pilih, sregep tur apa baen gelem, sing penting halal. Merga apa-apa nek halal kuwe nggawa berkah. Apa-apa sing berkah kuwe nggawa kecukupan lan dadi sarwa becik. Contone panganan nek sing halal tur berkah kuwe di empakena meng anak bojo ya anteb, anak bojone sehat tur pada manut-manut, ora mbajuk apa maning wani meng bojo utawa meng wong tuwane, ngguli sekolah biasane ya ra keri karo batir-batire. Jane mangsud pinemuku kur dulur kabeh sing padha lewih dhepe-dhepe meng Gusti Allah SWT, terus manut miturut dhawuh Nabi Muhammad SAW. Terus dongakena pemrentah siki men amanah lan bener ngguli ngayomi, ngropeya lan nyukupi rayate. 

Kayane cukup tulisan kiye lho, kapan-kapan sambung maning, insya allah

Kelilan Lur .. 

Tidak ada komentar:

PROMOSI PUTRA TRAVEL KIYEH LUUR

    PUTRA TRAVEL - CILACAP JAWA TENGAH Agi mangsan pandemi Covid19 kiye terkadhang dhewek esih kudu tetep lunga, lan ngger numpak sepur/ ker...