Merdeka Indonesia Udu Merdekane Wong Cilik

Aku tau gendhu-gendhu rasa karo batirku (khususe :sing seneng ngomong pulitik), jerene bangsa Indonesia jane bisa maju angger dijajah Inggris, udu Landa. Tapi aku mandan ngeyel dijajah tumrapku padha baen, arep nang Inggris, Prancis, Landa, Portugal, ya padha baen, ora nana sing maen, kabeh "ngeker" kebebasan. Ditindhes, diuger tur dirampas kebebasan, ora ulih pinter, ora ulih sekolah, pendheken di "exploitasi" nang penjajah, diiles-iles ngantek bubar pasar. Pokoke angger dijajah jan yakin rekasa "basa korea-ne ABBOTT SANG GANE", angel banget nggeli nggambarena ngantek ngomong karo basa korea......sing jarang banget di tokena nang toko buku lan mall-mall sing ana nang daerah Kroya dan selingkere..
Jaman penjajahan ilang, muncul wong sing padha gelem berjuang, Bung Karno, Bung Hatta lan kabeh sing ora dhemen dijajah, ora sudi di iles-iles bangsa liya, termasuk Bangsa Jepang, Landa, Inggris.....terus tanggal 17 Agustus 1945, Indonesia MERDEKA.
Des,....gampange angger wis merdeka ya langsung mbangun desa terus urip mulya, terus sejahtera, terusssss, ngatek pog butueh kepenak baen.
TAPI......................................................................................singkate.
64 taun merdeka, apa bangsane dhewek wis mulya ???
JAWAB....................eeeeeeeee................................. URUNG BABAR PISAN.
Sing mulya sing bisa kuasa, sing bisa kuasa sing dhuite akeh, sing dhuite akeh rata-rata (angger pejabat) ya sing DOYAN korupsi. Nah alias babar blas wong cilik Ndumil - kue pembangunan - anane mung diwei remukan, rencekan, ampas,...karo UTANG sing di gabrugena meng pundhake dhewek,...lha tau mangan dhuit utangan ora koh kon mbayar utang, apa ora ABBOT SANG GANE,...cara basa korea kae lah....
Penjajahan kang bangsa sejen wis rampung - maksude jajahan kaya jaman kumpeni gemiyen - tapi jajahan nang bangsane dhewek malah lewih nyengkerem, lewih medeni, lewih parah...........angger perang karo Landa sih gampang sing cungure dawa terus bule ya gari di Bedhil, kari di granggang ya lunas,....angger perang karo Jepang ya genah wong kaya kae, angger ditakoni jenenge kowe sapa, terus glagepan guli njawab ya gari diclurit, langsung tewas, lan sepenunggalane, tapi angger mungsung bangsane dhewek angel embok? Raine padha, mangane padha, manggone padha, kebiasaane padha, lha terus arep kepriwe ngguli ngatasi, angger bangsane dhewek pancen rekasa, bisa salah serang utawa keliru mbedhile....lah tapi kiye siki sing agi kedadeyan ya sing kaya kuwe......lewih kang 20 tahun dilomboni nang para pemimpin OrdeLama, lewih kang 32 tahun dipenjara dipasung kabeh potensi bangsane dhewek, karo uger-uger Pelita, P4, Kesangkut G30S-PKI, lan didhem-dhemi karo KEMAJUAN negara, pekerjaan sing gampang,...lan kabeh-kabeh "endhog bosok" sing dibungkus kadho, go nglomboni rakyat cilik, hasile bangsane dhewek ambruk, KRISIS moneter sing kudune gampang banget ngguli "menyat" gageyan, tapi nyatane bangsa Indonesia wis Mriyang Sing Payah,.....angger wong ya wis gering thinthing, kur gari ambruke, klenger ora tau ngerti kapang gligah menyate,.....kuwe kerjane Orde Baru, sing bosok banget, negarane jerene maju, bisa gawe motor mabur, tapi kaum tani, keblangsak ora karuan......................
Crita terus tekan siki jaman Reformasi, ujare BAR reformasi arep ana ratu adil,....tapi sing dadi kasunyatane malah sing muncul Buta Cakil,...luar biasa, bar gara-gara sing metu buta cakil ora pas karo PAKEM. Nah sing arane buta - ribut ora nganggo tata - ya mrentah sekarepe dhewek arep rakyat kepenak arep rakyat keblangsak, ORA URUSAN,.......ora URUNAN, ora URUS,.....
Rakyat cilik selalune dadi KORBAN, selalune dadi TAMENG, selalune dadi Obyek, malah kepara obyek PENDRITA,.... langu tur lenthu para "oknum" sing pada ZALIM meng wong cilik kaya aku padha. Pantes baen negarane akeh banget PAGEBLUG ( bencana alam) sing ora bisa dirumus, diramal apa maning di hindari, ora bisa arep terus ngoyok meng wong zalim, tapi jan eman di eman wong sing diazab ya udu kur sing srekal jail methakil thok, tapi wong cilik sing beriman lan sholeh ya padha kenang bencana/pageblug kae mau. Tapi jane angger etung-etungan ya ora masalah, sebab pati kuwe, merga sewu pati siji, sekang ajale dhewek-dhewek, terus HISAB nang ngarsane Allah Ta'ala ya mesthi beda-beda angger wong kafir jail methakil, drengki tur ora srei senenge nggombali wong cilik ya mesthine ana azab sing bakal diundhuh - ora tiba ngawak ya ketemu anak - lan sewalike angger wong sing becik tur sholeh ya ora perlu kewatir, sawergane Allah Ta'ala mesthi wis ngenteni wong-wong mau.
Des,.........cilakane wong cilik nang indonesia kaya kiye, NASIBE ora digople wong gedhean, terus di jajah nang bangsa liya nganggo TV, bal-balan, facebook, panganan fastfood, junkfood lan liya-liyane, dadi ibarat wedhus wis ora diempani nang sing dhuwe, diincim nang srigala,.....ualah jan melasi temen deneng. Tapi aja kewatir, Allah Ta'ala mesthi aweh Pitulung sing agung. Insya Allah.

Aja jengkel, aja ngambek, aja tersinggung angger aku ngomong sing pancen nyata anane......
Terus kudune kepriwe dhewek ?

Tidak ada komentar:

PROMOSI PUTRA TRAVEL KIYEH LUUR

    PUTRA TRAVEL - CILACAP JAWA TENGAH Agi mangsan pandemi Covid19 kiye terkadhang dhewek esih kudu tetep lunga, lan ngger numpak sepur/ ker...