Wis Suwe Ora Bali Meng Ndesa

Kayane wis kepara setaun whara enyong ora bali meng Bangsa, meng desaku sing kinclong-kinclong banyune, sing ana kali rigasine, sing akeh banget wedonan sing mlisning-mlisning. Kangen maring biyungku, kangen maring pacarku senajan samben ndina sms-an, samben ndina telpun-telpunan. Angger ora salah bada kiye ana batirku sing arep mbojo, angger aku sih wis duwe anak loro, ora kepengin mbojo maning,.....tapi angger kemutan si sri sing dadi bojone sarwono, utawa si lestari sing dadi bojone eko jan aku tambah getubn, tur kangen meng Mbangsa. Si sri ora masalah apa-apa, tapi si lestari ditinggal bojone, jan angger ganu karo enyong ya tek eman-eman, tek sayang kaya bojoku siki, tapi ya wis lah aku ben kur mikirena sekleraban, ora serius.... ana maning wiwi sing dadi tanggaku, darti sing urung duwe momongan lan romiyah sing meng luwar negeri dadi TKW moga-moga ya aja TKO,... adhuh deneng akeh temen sing nyanggret nang pikiranku ??
Tapi mesthine ya seneng lah angger bali meng ndesane dhewek, nostalgia jaman gemiyen wis ora susah dibahas ora susah dicongkel-congkel maning, urip kuwe jalan terus, sing diwei meng dhewek sekang Gusti Allah Swt mesthi sing paling apik go dhewek, aja seneng ndelengenan kuwung nang ndhuwure tanggane terus, ora tau kuwung kuwe nang ndhuwur siraeh dhewek, sebab urip kuwe kur wang sinawang, keton-ketone kae sugih ya kepenak, jane ya ora mesthi sing nglakone mbuh kepriwe rasane..... sing paling bener ya syukuri apa sing ana, aja ngarep-arep apa sing ora nana ngantek klalen meng sing ana, utawa aja drengki maring sepadha-padha ngarepena wong sing mukti dadi cilaka, wong sing maju dadi bangkrut, lewih apike ndongakena men kepenake langgeng tur mleber meng dhewek,...sing qana'ah lan syukur.
Kapan panjenengan bali ndesa angger siki jerene MUDIK ? Mayuh bareng kula numpak sepur serayu sing jelas umpel-umpelan, utawa nyewa trek men njanggleng tekan jawa kana, keju-keju lah rika padha,... matur nembah nuwun. Kupat disiram santen,...kupat sayur kuwe...

PROMOSI PUTRA TRAVEL KIYEH LUUR

    PUTRA TRAVEL - CILACAP JAWA TENGAH Agi mangsan pandemi Covid19 kiye terkadhang dhewek esih kudu tetep lunga, lan ngger numpak sepur/ ker...