NGIMPI REGA-REGA PADHA MUDHUN


NGAREP-AREP REGA PADHA MUDHUN
Wong politik pancen langu-langu, ya ora kabeh sih tapi akeh-akehe, sing amanah ya ra kurang-kurang tapi sing langu tur ngawur kayane taker kandi. Enyong angger ngomong ya ora srambah uyah, artine ora kabeh pokitikus kuwe wong sing ora amanah. Tapi ya kuwe mau, rata-rata pancen padha ora amanah, senengane angger agi kampanye ngomong sing ketone gampang, janjen sing muluk-muluk, nyatane… tukang nglombo warasujur. Wong sing bisa dadi politikus sing amanah pancen ya kudu sing sholeh, terus wedi maring Gusti Allah Ta’alaa, tur ngerti ilmu tata Negara karo ilmu syar’i. Lha abot temenan embok ? Nggoleti wong sing kaya kiye kayene di ubek-ubek se pasar paing kayane ya angel ngguli nemu. Ana sing pinter senenge minteri wong linyane, ana sing jujur tapi ora ngerti ilmune, ana sing ngerti ilmune ora kuwat posisi lan dhukungan rayate. Pokoke angger wis nemu wong sing tek sebutena mau, aja ragu-ragu didadekena pimpinan baen, wisp inter, jujur, fathonah – cerdas – tur awake pideksa.

Kuwe rasan-rasan thok dulur
Kasunyatane nang jaman siki taun 2015 (rongewu limolas) kiye, nggoleti pemimpin utawa politikus sing amanah kaya nggoleti dom dondom nang tengahe damen, uangeeel pisan. Udu ora nana wonge tapi sing padha njabat utawa dadi pemimpin lan politikus kuwe udu wong-wong sing amanah, angger anaa ya jan kur sethithik banget paribasane nggolet wulu putih nang wedhus ireng, jarang banget angger wong ngomong jerene MINORITAS. Angger esih minoritas sing Mandan, angger wis langka, utawa malah ra ana babar blas kepriwen ? Ya, angger sampeyan padha rumangsa lan gelem ngrasakena kahanan siki, rega-rega padha mundhak, ditambah maning arep ngadhepi puasa romadhon, ya mesthi kabeh padhad mundhak, kabeh pada mangkring. Sing enyong kadhang gumun ya kuwe, pemerintah koh malah ngundhakena rega bengsin, apa lah ngomonge jerene bantuan (subsidi) sing khusus go bengsin jere dijabud, alias ora nana bantuan maning sekang pemrentah. Lah jan tumrapku subsidi kiye wujud sekang tanggung jawabe pemrentah utawa wujud ngayomi rayate sekang rega pasar global. Lha angger ora nana subsidi berarti angger pasar global rega lenga (bbm = bahan bakar minyak) ne mundhak, gelem ora gelem rega-rega lenga (latung, bengsin, gas elpiji) ya melu mundhak. Jane angger sing mundhak kur lenga thok sih kayawonge ra patia masalah, tapi kaya sing uwis-uwis angger BBM mundhak kabeh rega ya melu-melu munggah, malah ana sing mlumpat utawa ganti rega. Lha pemrentah ketone koh kur nggolet gampange thok, ora gelem aweh pengayoman rega  meng rayate. Utawa rega BBM (latung, bengsin, solar, elpiji) diwekena meng pasar global, basa melayune :harga diserahkan ke (mekanisme) pasar (dunia). Jan kiye kan jor-joran banget, dadi angger sampeyan lan penginyongan padha kepengin rega medhun kayawonge koh tangeh lamon lho. Kejaba pemrentahe Mandan ngerti meng wong-wong cilik kaya penginyongan padha. Jane angger dirungokena guli ngeculena janji dhong kampanye gemiyen ya apik, selalune mehak wong cilik, apa-apa sing penting wong cilik. Lha sing wong cilike wis padha gedhe embok, dadi janji-janji kampanye jelas banget ngguli nglomboni, utawa kur BAB thok. Enyonga sih bisa angger kur BAB thok ra ana buktine babar pisan.

Pinemune men orang kaya kiye terus
Lha wong cilik sing tambah cilik bangkekane – gara-gara mengencangkan ikat pinggang – alias ngirit, kayane pancen kur kon nonton thok, ra bisa ela-elu apa apa, kur go dadi bawang kothong thok. Subsidi sing jere hak utawa bagiane rayat malah dibuwang, jere disaluraken meng liya-liyane, liya-liyane ben ra jelas. Mbok pemrentah padha sadhar kelakuane wis ora amanah. Mbok pemrentah gelem eling, laku sing nasar wis ora jamane maning. Moga-moga ya aja ana ontran-ontran, apa maning sing lewih medeni sekang kuwe. Tapi kabeh mau kur sederma ngimpi, ngimpi kan ora dilarang embok ?
Cathetan :
Pahlawan sing padha wis suwarga (seda/nilar dunya) wis ora mungkin arep aweh Negara kiye meng wong-wong sing ora amanah. Lan sampeyan, inyong padha ngemben nang akherat bisa nggugat karo tingkah polaeh wong sing dadi pimpinan tapi ora amanah.

Tidak ada komentar:

PROMOSI PUTRA TRAVEL KIYEH LUUR

    PUTRA TRAVEL - CILACAP JAWA TENGAH Agi mangsan pandemi Covid19 kiye terkadhang dhewek esih kudu tetep lunga, lan ngger numpak sepur/ ker...