Mendhoan Anget Karo Medang Clebek Enak Banget

Mendhoan Dibatiri Clebek
Esuk-esuk tangi turu, bojoku wis gawe mendhoan, jan ora tau-tau, ora kaya biasane, esuk kiye jan nylekamin banget, agi prei sih....
Tapi pancen angger ngomongi mendhoan jan ora nana dulure nang negarane dhewek, sing digawe nang "kota liyane" senajan wonge sing gawe ya wong mbanyumas tetep ana bedane, rasane ora kaya mendhoan sing ana nang mbanyumas,...termasuk sing digawe nang bojoku esuk uput-uput mau.
Ngomongi clebek utawa clubuk utawa kopi, pancen angger biyungku gawe, kuwe pertama-tama kopine disangan karo ditambahi beras setengah kaleng indomilk, terus disangan ngantek geseng areng, ya.....biasane aku nyicipi angger berase wis mandan mateng (warnane coklat) engkone sih ngangtek geseng areng kabeh,... tapi pancen kopi clebek banyumas (khususe sing digawe biyungku) pancen angger diinum jan ndatuki banget, lha enak whara... terus digemplong karo alu lumpang ngantek lembut terus disaring, angger ora kepengin disaring ya ora-papa tapi badhag-badhage ya katut angger nginum kudu disaring disit....
Jodhone clebek ya mendhoan anget,... wis ora nana tandingane, bar kuwe gari macul, utawa ndaut,...aja kelalen udude sing lintingan dhewek karo klembak menyan, aja kelalen papire sing gambar sinden, angger sing gedhe ora legi angger sing cilik legi,..... tapi aku siki pancen mandan priyatin angger ana bocah koh ora seneng mendhoan,....(jere ora enak), tapi malah lewih seneng masakan "impor" sing didol nang mall-supermarket lan warung-warung waralaba sing pancen akeh banget (aliase njeprah mlarah-mlarah),...nawani makanan cepat saji alias fast-food sing mesthi dadi junk-food, sing nganggo "resep rahasia", sapa ngerti lan sing bisa nyana angger resepe kuwe ana bahan-bahan sing ngrugekena ? Khususe jere bisa ndadekena mutasi ? sapa ngerti,...tapi angger mendhoan ? oranana efek sampinge, malah kena go tamba mendem gadhung,....

Jaman gemiyen,... siki aku nang Depok, ora nana mendoan clebek versi banyumasan sing nylekamin,...untung enyong dadi wong mbanyumas, bisa mangan mendhoan

Tidak ada komentar:

PROMOSI PUTRA TRAVEL KIYEH LUUR

    PUTRA TRAVEL - CILACAP JAWA TENGAH Agi mangsan pandemi Covid19 kiye terkadhang dhewek esih kudu tetep lunga, lan ngger numpak sepur/ ker...