Kilangan Obor

Aku duwe dulur nang desa sebrang lor (maksude desaku sebelah lor), aku ya ngerti dheweke sekeluargane jan pancen dulurku, tapi dulur adoh, dulur tunggal canggah, dulur padha baen canggaeh, terus aku duwe batir, akrab banget karo enyong, nganti tek anggep sedulur, kaya kakange dhewek. Dheweke udu apa-apaku, udu kakang udu adi, udu ipe, tapi sebab sering ketemu, sering gendhu-gendhu rasa, sering kerjasama lan sering dopokan bareng, dadine kaya dulure enyong.
Ana maning crita kaya kiye, dhong agi malem bada (kurang lewih 5 taunan kepungkur) ana tawuran, lah biasa nang nggone aku, sing tawuran wanine ya angger kambi tangga desa, ben sing kira-kira langka bocaeh, angger sing akeh kruyikane ya mesthi ora gelem tawuran, lenthu banget,.... kecing. Dhes... terus kedadean, tawuran ana sing nggawa gaman (bedhog, pemes, silet, terus pendel ya ana, pokoke kabeh barang sing arep go sembeleh-sembelehan ana digawa), nah kediane yang serem padha bacok-bacokan, nah akhireng crita... ana sing kenang kupinge, ana sing jontor ana sing luka-luka tapi sukur ora nana sing mati.
Mbareng wis awan, ditelusuri lan dicacah sapa baen sing padha luka, eh ternyata ana sing esih keprenah sepupu (tunggal kaki) sing malem bada pada tawuran, kuwe angger kilangan obor, angger wong tuwa wis mati, peseduluran padha luntur, wis ora ana sing padha silaturahmi, dolan lan padha nginep, terus dondon turu maning. Udu budhaya tapi krisis.
Ya silaturahmilah, sing sering tapi aja keseringen, sewulan sepisan cukup, angger sering-sering ya ora apik, ora nana rasa kangene, angger ora tau ya ora apik, kilangan obor.
Dulur semono thok dhisit, ngesuk sambung maning, kesuwun.

Tidak ada komentar:

PROMOSI PUTRA TRAVEL KIYEH LUUR

    PUTRA TRAVEL - CILACAP JAWA TENGAH Agi mangsan pandemi Covid19 kiye terkadhang dhewek esih kudu tetep lunga, lan ngger numpak sepur/ ker...