Basa Banyumasan Aja Ngasi Ilang

Ngapa ora bangga karo basa banymas ? Apa kurang maen ?
Akeh wong mBanyumas sing lunga-lunga nang paran, terus pada kelalen meng basane dhewek, ana sing tiru-tiru wong wetan "bandhekan" ana sing tiru wong betawian "badheolan", ana sing ngomong melayuan, basa Indonesia,...ya jane sih ya orang memper angger gedhe tuwa nang mBanyumas terus meranto meng kana-kana terus kelalen basane dhewek. Akeh sing padha ora eling angger basane dhewek (basa banyumasan) kuwe bisa ilang angger ora ana sing nguri-uri maning, ora nana sing ngropea,.....engko bisa-bisa basa banyumasan ilang kang "peta basa nang indonesia", apa malah nang peta dunia, medeni embok ? Jerene "basa nggambarena bangsa", angger bangsa (kaum) sing ora duwe basa dhewek kayane ya kurang mantep jatidhirine,... ora duwe asal-usul sing jelas. Dadi ora baen-baen kuwe angger basa banyumasan ngantek ilang. Diarani wong solo manggone nang dhaerah clacap, utawa prakerta, tapi angger duwe basa "dhewek", arepa manggon nang Jayapura, terus ngobrol karo penginyongan tur nganggo basa banyumasan, mesthi wong padha paham dhewek wong banyumas.

Sing bener ya bangga lan nguri-uri basa banyumasan.
Ora agi kesukuan utawa nggawa potensi SARA, tapi dhewek kudu ngerteni basane dhewek kuwe dibentuk nang sejarah sing dawa, miturut critane basa banyumasan esih pedhek karo basa kawi utawa basa kuna (lereng...kunaaa banget). Dadi angger mandan "nyleneh" ya memper lha termasuk basa purba embok sih, tapi kudune meng sapa baen sing perduli lan nresnani basa banyumasan kudune ya padha maraih meng anak putune basa banyumas sing bener, ora susah dicampur basa bandhekan utawa basa melayu apamaning basane wong landa (utawa wong inggris), jan angger anak putune dhewek bisa kandhahan lan ngobrol karo basane dhewek insyaallah basa banyumasan ora gadhang ilang. Esih ana sing perduli tur tresna mesthi ya ngrumat lan nguri-uri basa sing "kelebu langka" nang indonesia, basa sing termasuke tuwa.
Para sedherek sing nang paran utawa luwar negeri angger agi senggang njenengan ya padha diaturi mulang putra-putrine panjenengan blajar basa banyumasan. Tata krama, unggah-ungguh lan adat banyumas ya ora kalah adi luhunge karo basa kana-kana.

Sugeng Shaum Ramadhan

Sugeng Shaum Ramadhan kawula aturaken dhumateng para sedherek sedaya. Manawi kathah lepat kawula inggih kula nyuwun agunging samudera pangaksami. Tuwin kagem Ibu kawula, kang putra nyuwun donga kalih restunipun Ibu, mugi-mugi Ibu tansah ginanjar wilujeng, sehat supados saget ngayahi kewajiban rukun Islam, inggih punika shaum ramadhan, semanten ugi kagem lare-lare kula lan bojo kula ingkang sanget kawula tresnani, bapak nyuwun ngapurane saking panjenengan sami. Kagem sedherek muslim sedaya, monggo sesarengan kita sedaya, kanti khusyu' wontenipun ngayahi kewajiban sewarsa sepindhan punika.
Sugeng Shaum Ramadhan 1431H.
Matur nembah nuwun.

Ketemu Sadran Maning Ketemu Puasa Maning

UTANG PUASA DI SAUR DISIT
Sedulur, rika karo enyong wis lawas ora ketemu, eee...mbareng ketemu wis wulan sadran maning, wis arep puasa maning, mulane angger enyong akeh keluputane ya njaluk ngapura meng rika padha, anggere ana keclethat-keclethote tembung lan ukarane enyong sing dadi penggalih nang penjenengan padha ya njaluk dingapurani.
Jane ya udu makome aku angger ngelingena panjengan padha, sing :nuwun sewune: esih duwe tunggakan "utang shaum" tahun kepengker,....taun wingi,...yang "gageyan" dibayar, dilunasi aja nganti utange numpuk terus wis wulan puasa,...urung kober "nglunasi",...ya pancen angger muslim kan kabeh-kabeh sedulur (nang njerone dienul islam), dadi wis pancen patut angger pada "ling kinelingan nang jerone kebecikan lan ling kinelingan karo kesabaran",.... dadi udu enyong agi gemagus, adigang adigung adiguna, ngelingena panjenengan,....malah angger ana maksud sing kaya kuwe tegese aku ya NGUNYAIH SEGARA,....lha ilmune panjenengan kabeh lewih dhuwur kang enyong sih...... ya sepisan maning enyong njaluk dingapurani.

BADA MANING MUDHIK MANING SING GENAH REGA-REGA YA MELU MANGKRING
Jan embuh sekang kapan "kebiasaan elek boek" kaya kiye ana nang Indonesia. Enyong ora ateges agi nggresula sedulur..... jajal dipenggalih nang panjenengan,.... Gajih karyawan (seliane PNS lho) ora mudhak-mundhak, karyawan enteng kontrake, kebutuhan tambah akeh, bocah-bocah wis tambah gedhe ya kebutuhane tambah gedhe,....nggolet dhuwit??? rika padha ngerti dhewek lah kepriwe siki rekasane,....dhuwit kur gambare thok sing gedhe, kur angkane thok sing keton segedhublag, tapi regane ora miraha.....kuwe nembe awale
TERUS............
ditambah awala wulan ramadhan, yakin....rega-rega padha munggah, mundhak tur mangkring,... angger etung-etungan matematika, kurang ditambahi mines jawabane apa dulur ?? Ya tambah mines embok ? Gajih sing ora-mudhak ditambahi rega-rega sing padha munggah tur diimbuhi TDL (tarif dasar listrik) sing munggah, kesimpulane KOLENG embok ?
TAPI,...gusti Allah SWT jelas-jelas arep paring rejeki meng hamba-hambane, MESTHI. Dadi gambar medeni sing tek omongena ya ana benere tapi aja dadi gawe penggalihe rika padha CILIK ATI,... apa maning MUTUNG diterusena KENDHAT,....Masyaallah,..... aja sedulur,....Gusti Allah SWT nekakena wulan Ramadhan go nggawa BERKAH, udu musibah, udu bencana, dadi etung-etungan sing gawe KOLENG kae kur etung-etungan kang menungsa, udu kang menungsa sing kandhel IMANE. Dulur Muslimku lan dulurku kabeh (sing ora muslim),... aja nganti panjenengan padha mutung (putus asa), sebab mutung kuwe udu pegaweyane wong sing beriman. Jelas Gusti Allah SWT paring ujian mesthine ya wis diukur karo "kemampuane" dhewek padha, ora sembarangan. Urip mati jodho rejeki, wis ditentukena nang Arsane Gusti Allah Swt, ora perlu kewatir, ora perlu wedi apa maning mutung, terus kendhat,...na'udzubillahi min dzalik.
Angger njenengan sing padha nang paran kaya enyong, biasane arep pada mudhik embok ? apa ana sing kaya enyong, balik awal puasa (nang ngumah kurang lewih seminggu) terus mbalik meng kodhean maning, terus angger wis bada telu utawa patang ndina nembe mudhik maning ? Tapi akeh-akehe ya mudhik sing umum, akhir wulan ramadhan nembe molaih padha bali kampung, ana sing nganggo montor ana sing nganggo mobil, sepur lan liya-liyane. Pesen kang enyong padha, angger mudhik wis kesel ngguli numpak montor/mobil pribadi njenengan ya ngaso sedhela, utamakena keslametan lah. Angger slamet tekan bolak-balike kan sing dijaluk embok ? Perkara nggawa jajan/olih-olih kang paran sih kuwe nomer sing ke pira...lah, tujuan mudhik ya sing genah go silaturahmi tilik sedulur nang desane dhewek-dhewek. Poma-dipoma aja penjenengan "nggawa budhaya" elek sing ana nang kota,.....budhaya elek aja digawa bali mudhik,.... tapi pancen angel embok ya,....nyatane jaman aku cilik jan esih jarang banget wong sing nganggo klambi You Can See, aliase keton keleke, utawa rok mini,....bocah wadon gemiyen nganggone rok dawa utawa malah nganggo tapih, jilbaban keton ayu, kewes pantes tur "terhormat", keton kaum sing pantes dihormati. Tapi siki...hmm...ora kewes banget,....klambene marakena sing ndeleng "tergoda".....(waca:pria normal dulur), keton kaya "nuwun sewu" bintang film luwar kana,....tapi syukur baen ora kabeh, lan anane kur nang desaku thok, desane njenengan padha kayane ya ora nana,...(moga-moga baen, insya allah).
Terus kebiasaan elek bowek apa maning sing digawa bali, yah sing jelas nginum (udu nginum limun dulur) tapi nginum sing marahi mendem, padhahal jane ya padha paham wedang setan kae diharamena nang agama Islam tur dilarang pemrentah, tapi ya kuwe mau wis dadi :preseden buruk: wis dadi adat sing menceng kang paugeran, hangrungkebi budi kang nasar. Tapi maning-maning untunge ora kabeh,...lewih, lewih , lewih akeh wong sing padha soleh, nggawa budaya apik kang kota go kemajuan desane, budaya bisnis, budaya tepat waktu, budaya membangun liya-liyane.

ENYONG NJALUK NGAPURA SEURUNGE PUASA
Bener-bener kang ati sing palng njero kana, enyong njaluk pangapura angger ana lupute maring njenengan, lan njenengan ya wis tek ngapurani angger ana salahe meng enyong. Pesenku sing padha duwe biyung lan rama, njaluk berkah meng "jimat uripe" panjenengan mau. Sungkem, sowan meng daleme wong tuwane njenengan, angger sing ora sempat ya via telpun.
Cukup semene baen angger kabeh ditulis ora ana rampunge. Kupat lepet disiram santen, menawi lepat nyuwun ngapunten. Kelilaaaaan....

JAN SAPA JANE SING ESIH NGROPEA BASA BANYUMASAN

BASA BANYUMASAN SIKI KEPRIMEN KABAR RIKA ?
Jajal njenengan padha mbukak ensiklopedia nang wikipedia, kiya canthelane... ngenani basane dhewek, kiye dibuka baen,.... (Wikipedia Indonesia).
Angger siki wong padha lewih seneng ngomong ngambi basa jawa bandhekan, padhalah jane bahasane dhewek ya ora bisa disebut basa sing kasar, kasar orane kan tergantung meng wonge udu basa sing diomongena, jane angger aku mikir dhewek angger terus-terusan wonge dhewek mangsude wong Mbanyumas, padha seneng nganggo basa liya (njikot nganah-ngeneh basa jawa kratonan solo, jogja, utawa basa jawa timuran, sing tek klompokena basa wetanan) , jajal 20 taun ket siki, bisa dadi apa basa banyumas, jere angger basa nggambarena bangsa (siki gari ngrungokena bocaeh dhewek lewih seneng nganggo basa indonesia, ya ora salah, tapi angger basa banyumasan basane kang bawor, ora diropea, aku jan yakin gologokin basane dhewek (penginyongan) arep tamat, utawa campur bawur ora karuan, apa ora nana banggane angger ngomong karo basane dhewek, basa warisan leluhur, buyut kakine dhewek. Aja isin ngomong basa mbanyumasan,....
Jane angger padha ngerti menawa penjajahan mental karo ekonomi kuwe bisa dimolaih angger dhewek wis ora duwe jatidhiri, ora duwe "identitas", sapa enyong sapa kowe ora genah, remeng-remeng, diarani wong mbanyumas ngomonge mbandhek utawa malah badeol, angger wis kaya kuwe penjajahan kae mau nembe pasah meng dhewek. Apa gelem njenengan padha angger dhewek dijajah ? Ciri utawa tengere dhewek wis ora nana, bisa-bisa dibusek kang "peta basa nang indonesia", aneh banget angger basa banymasan ilang kang indonesia. Nlangsani, ora baen-baen basa banyumas dienggo nang jendral-jendral sing nang daktar pahwalan nasional, kuwe nyata, udu lomboan apa maning ngarang. Lan jendral sing dadi pahlawan kae mau kabeh wis padha apal kabeh, panjenengane Jendral Besar Sudirman, Jendral Gatot Subroto, lan esih akeh maning wong gedhean (khususe nang politik), akeh jerene mbanyumas kuwe memper karo Pursia nang jerman kana, samben ana pemerintahan Jerman sing anyar (angger siki perdana menteri) mesthi baen ana wong Pursia sing melu njagong dadi penggedhe, padha karo wong Mbanyumas angger ana pemerintahan sing anyar nang aring indonesia mesthi ya ana sing dadi pejabat. Dadi pancen basa banyumas kuwe basa penting banget tumrape enyong, angger ngantek ilang utawa mandan bures baen nang peta basa indonesia, aku jan sing ora rila, ayuh dulur-dulur padha sing eling padha ngrumangsani basane dhewek kuwe basa sing kudu dilestarikena, angger wedi angger diarani wong kasar, utawa ngapak-ngapak, ya nganggo basa krama (krama madya, krama inggil), mesthi ya mandan alus, angger enyong baen angger ketemu wong sing nembe kenal mendhing karo basa krama, utawa angger agi dopokan karo uwaku ya nganggo basa krama madya, ora nemen-nemen alus, tapi ya mandan pantes angger dirungokena, jane udu kur suarane thok sih, tapi go ngormati uwaku. Jane kudu ngerti nek basa kasar kuwe ora nana, basa kasar ya basa apa baen tapi diomongena karo kasar.
Contone baen ngomong sing ngenyek, nyepatani, utawa angger agi jengkel, mesthi basane ya kasar, dadi ora nana sing salah, nganggo basane dhewek sing pancen "nyejeni", aja isin ngomong mbanyumasan, padha karo wong wetan angger ngomong banyumas be ya ora isin, malah ana batirku jere angger krungu basane dhewek kuwe "lucu"logate, medhok mbanyumasane,....disebut basa "ngapak-ngapak" jane udu lha wong wetan kan angel angger ngomong basane dhewek ngarani tembung "ngapa" sing basa wetane "ngopo", dadi disebut basa ngapak, padhahal angger dhewek ngerti basane wong wetan, tapi wong wetan cokan orang ngerti apa sing diomongena nang dhewek.

KAPAN SEDULUR MOLAIH KEWATIR BASANE DHEWEK ILANG?
Enyong ngomong kaya kiye udu merga "kesukuan" udu babar pisan, tapi enyong pancen "maras banget" basane dhewek arep ilang babar klothas. Mulane enyong dhewek angger nang paran ketemu karo "penginyongan" ya ngomonge baworan baen, ora urus. Magane angger ketemu wonge dhewek terus ngomong karo basa mbanyumasan keton cepet banget akrab, umek banget ndopoke. Angger ngomong karo wong sing lewih sepuh ya nganggo basa krama sethithik lah. Dulurku kabeh mesthi ana sing krasa kaya enyong, maras, kewatir, wedi basane dhewek arep ilang. Tapi angger esih ana sing padha krasa handarbeni, terus gelem hangrungkebi, aliase gelem krasa nduweni lan gelem nguri-uri (ngropea) basane dhewek mesthine ya rasa marase dhewek mandan tenggun, ana harapan utawa angen-angen basane dhewek bisa lestari, anggera mandan kecampuran basa liyane ya ora parah-parah nemen. Tapi enyong ora tau ngomong, "ora nana harapan" Gusti Allah Ta'ala, mesthi Paring harapan go wong sing ora putus asa, utawa mutungan. Dadi basa banyumas Insya allah ora punah (kebusek) angger njenengan karo enyong kabeh padha ngergani, padha seneng (dhemen) padha ora isin nganggo basane dhewek.

GO NJENENGAN PADHA SING NANG PARAN YA DIAJARENA PUTRA-PUTRANE BASA BANYUMASAN.
Ya seora-orane angger bali meng ndesane dhewek mandan ngerti angger uwa lan lilike padha takon meng keponakan sing kang depok misale, utawa kang luwar jawa,...
Enyong seneng angger krungu wong mbanyumas ngomong (lha aku kan nang depok), angger ana wong banyumas agi pada dopokan lan kandhahan, ketone jan nylekamin banget, suarane gandhang banget.
Mugi-mugi panjenengan sami, kados kula, radi utawi malah sanget anggenipun ajrih manawi basa kula sedaya badhe ical, badhe kebusek/kebucal wonten ing sejarah. Mugi-mugi wonten langkung kathah tiyang ingkang sami wungu saking tileme, gregah wungu teras sumerep bilih sinten malih ingkang saged nglestariaken basanipun piyambak, kecuali kula sedaya (tiyang banyumas), sanes tiyang sanese, tuin sami gotong-royong "nylametaken" basa banyumas punika.
Matur nuwun....

Mbok ana sing kepengin aweh rembug, utawa duwe link sing meng "forume wong mbanyumas" aku ya gelem melu,....

Mendhoan Anget Karo Medang Clebek Enak Banget

Mendhoan Dibatiri Clebek
Esuk-esuk tangi turu, bojoku wis gawe mendhoan, jan ora tau-tau, ora kaya biasane, esuk kiye jan nylekamin banget, agi prei sih....
Tapi pancen angger ngomongi mendhoan jan ora nana dulure nang negarane dhewek, sing digawe nang "kota liyane" senajan wonge sing gawe ya wong mbanyumas tetep ana bedane, rasane ora kaya mendhoan sing ana nang mbanyumas,...termasuk sing digawe nang bojoku esuk uput-uput mau.
Ngomongi clebek utawa clubuk utawa kopi, pancen angger biyungku gawe, kuwe pertama-tama kopine disangan karo ditambahi beras setengah kaleng indomilk, terus disangan ngantek geseng areng, ya.....biasane aku nyicipi angger berase wis mandan mateng (warnane coklat) engkone sih ngangtek geseng areng kabeh,... tapi pancen kopi clebek banyumas (khususe sing digawe biyungku) pancen angger diinum jan ndatuki banget, lha enak whara... terus digemplong karo alu lumpang ngantek lembut terus disaring, angger ora kepengin disaring ya ora-papa tapi badhag-badhage ya katut angger nginum kudu disaring disit....
Jodhone clebek ya mendhoan anget,... wis ora nana tandingane, bar kuwe gari macul, utawa ndaut,...aja kelalen udude sing lintingan dhewek karo klembak menyan, aja kelalen papire sing gambar sinden, angger sing gedhe ora legi angger sing cilik legi,..... tapi aku siki pancen mandan priyatin angger ana bocah koh ora seneng mendhoan,....(jere ora enak), tapi malah lewih seneng masakan "impor" sing didol nang mall-supermarket lan warung-warung waralaba sing pancen akeh banget (aliase njeprah mlarah-mlarah),...nawani makanan cepat saji alias fast-food sing mesthi dadi junk-food, sing nganggo "resep rahasia", sapa ngerti lan sing bisa nyana angger resepe kuwe ana bahan-bahan sing ngrugekena ? Khususe jere bisa ndadekena mutasi ? sapa ngerti,...tapi angger mendhoan ? oranana efek sampinge, malah kena go tamba mendem gadhung,....

Jaman gemiyen,... siki aku nang Depok, ora nana mendoan clebek versi banyumasan sing nylekamin,...untung enyong dadi wong mbanyumas, bisa mangan mendhoan

Bali Ndesa Jan Akeh Perubahane

Jaman gemiyen aku angger mancing nang kali Gendhu Minyak (kali nang aring mburitan umaeh biyungku), jan angger buthek sethithik mesthi ulih lele jawa, angger banjir bar ketiga mesthi panen urang lan grago, angger mangsan condhol (tikus, den bagus) mesthi agi akeh lele jawa, angger metu laron sepisan mesthi ana melem (terongan) sing wis rong nyari, angger let setengah wulan meleme wis pada setampel. Angger srewet agi mijah jan gampang banget nggolet lan ndimeke, angger mangsa tandur bareng mangsa kepitu mesthi akeh banget yuyu kepine. Jaman gemiyen jan pancen ora main-main akeh banget iwakke. Ora kaya dhong enyong bali ndesa siki, mancing sewengi nutug paling ya ulih yuyu watu paling banter ya oleng sing esih cilik-cilik, kadhang malah kur dicokoti lemud thok,.... padhahal angger gemiyen aku arep mancing sidhat (jenise pelus lan welut), pas maghrib ngguli diempani karo cecek cilik utawa gasir, mesthi ana baen sing kena, apa maning angger ana cing kang konge (jenis kodhok brudhug tapi sing gedhe), kuwe jere nggone sidhat. Tapi siki cing kang kong ya ora ana, sidhat wis jarang banget lan iwak samben dina mung di PORTAS lan DISETRUM thok. Wong sing padha SETHAKAH ora ngemuti anak putu nggolet iwak sekarepe dhewek, ora bijaksana kaya wong gemiyen. Mancing, nawu suwakan, njenu (tuba), nyamber, nyeser, njaring lan njala utawa rogoh (nggogoih iwak langsung nang kali, biasane angger agi ketiga), masang wuwu, masang anco..... dadi angger sing kena ya iwak sing sehat lan sing gedhe-gedhe thok.... orang kaya siki di PORTAS kabeh iwak lan isi kali sing ana nyawane persasat mati, kang biyung sampe anak lan endhoge kabeh mati, ora ana sing lolos babar pisan. Aku arep protes meng sapa, tapi angger ngerti siki ketone priyatin banget, lha jamane aku cilik gampang banget nggolet welut lan iwak (sing jere ana Omega 3 ne), merga wong atuwaku padha ngguli golet iwak karo cara sing bijaksana, ora ngawur kaya wong-wong siki.
Jane ya urung telat, angger perangkat desa Bangsa padha kerjasama karo kepolisian Kebasen/Banyumas, go nggawe aturan sing TEGAS tumrap wong sing padha seneng MORTASI iwak nang kali sing ana nang tlatah desa Bangsa, ora kur mortas thok, NYETRUM ya kudu di larang, dadi cara ndimek iwake kaya jama gemiyen sing bijaksana, mancing, nyamber, njaring, nyeser, rogoh, masang wuwu lan suwakan, angger kepengin banget njenu ya ulih tapi aja sering-sering. Angger ana sing nglanggar ya sing TEGAS tur JELAS ukumane. Angger ora kapok yang dipidanakena baen,....sebab iwak nang kali kuwe kanggonggawe banget tumrap wong cilik sing orang bisa tuku iwak (ayam, sapi) go gizi-gizi anake. Tapi angger urung ana krenteg sing apik kang Pamong desa Bangsa ya kayane omongku kiye kur BAB thok oranana kanggonggawene babar pisan.
Kabeh mau terserah sing padha kuasa, sing padha duwe amanah, sing padha gemati meng kemajuan lan kesejahteraan masyarakat Desa Bangsa. Sing paling penting ya angger esih ana NURANI meng kelestarian iwak (sumber gizi utama) sing nang kali bisa dirah nang wong cilik kaya keluwargaku padha. Kapan bisa dileksanakena ? Wallahu A'lam.

BISNISAN

1. BUX.TO Pay To CLick (ngeklik mouse tur dibayar recehan dollar dulur). Monggo Ndaktar kene.

2. NEOBUX Pay To Klik Sing Kondhang. Klik Baen Logone, Njenengan wis melu Bisnisan kiye.



3. GAGABUX. Monggo Klik Logo Teng NGandhap Niki. Ndaktaraken Njenengan.



4. ALEXANDRABUX. Monggo Bukak Logone.



5. XXLBUX. LOgo Ingkang Dipun Klik Ndherek Bisnisan.



Keblinger Ora Bener Tapi Akeh Balane

Sapa wonge siki sing ora ngiler meng materi,....kabeh-kabeh wis padha "matre", sing wis tuwa bangka matre apa maning sing esih enom,.... jane matre olih apa ora sih ?
Pertakonan sing angel dijawab, tapi tumrapku wong sing esih bodho tapi sok keminter kiye,...wis ana ugerane, wis ana tenger utawa cirine. Angger matre sing diibaratena ndadekena materi kuwe tujuan utawa Toghut - tuhan - jelas-jelas dilarang modhel matre sing kaya kiye. Wong muslim khususe butuh materi - go mangkat kaji, go sodakoh, go mbayar zakat , go urip pedinane - tapi materi sing diarah ora ndadekena wong muslim kelalen meng GUsti Allah ta'alaa,...sing gampange ora dadi "penyembah materi" alias pemuja materi alias matre kae mau.

GARA-GARA WONG PADHA DOYAN LAN MATRE
Akeh wong sing "dol diri" kur go nyukupi "matre" ne, akeh wong sing ora nganggo "halal-haram" go nguber-uber materi, akeh wong sing pada "sedeng" gara-gara ora keturutan ngguli ngumpulena materi,... jane apa sih sing salah ? Doyan, dhemen lan gandrung meng materi ya angger kebangeten pancen kaya siki kedadeyane, wedi mati tresna banget meng dunya. Padhahal uripe wis rekasa tapi jan meng dunya cintaaaaa banget, apa akibate ? wedi mati. Sing dipikirena kur dunya, dunya, matre, matre,.... sampe-sampe ilang kabeh paugeran sing wis di tetepena nang negara lan lewih dhuwur maning nang kitab suci Al-qur'an. Dhewek urip nang dunya ya butuh dunya, tapi poma-di-poma aja nganti dunya gawe picek, lan gawe "ndlenger" tur keblinger, kelalen marang ngarsane Gusti Allah Ta'alaa.
Gara-gara doyan dunya lan matre, harga diri sing jerene harga paling dhuwur tumram wong (oknum), dadi "murah" angger ditukar materi - waca:dunya brana berikut kroninya duwit, jabatan, wanita cantik dll - hukum bisa di dol tinuku, nyawa wong ora sepiraha regane,...agama kur go dienggo angger kepepet utawa perlu-perlu thok (mbojo, mati, lairan,....). Kanca bisa dituku, demo bisa dibayar, suara bisa di lego, bisa-bisa-bisa kabeh angger ana matrene - waca duwit cs - lha bisa meng sapa ? Untunge baen ora kabeh wong bisa "dituku", esih akeh dulure dhewek sing pada eling lan waspada, urip nganggo pakem sing bener, tujuan uripe jelas, dunya digolet tapi ora didadekena "sesembahan", dunya kur go srana ngibadah meng ngarsane Gusti Allah Ta'alaa.
Keblinger ora bener pancen akeh balane, tapi emuti....balane kuwe sapa ? Sing jelas kabeh-kabeh balane sing keblinger mesthi sponsor utama, prime promotor ya si Iblis la'natullah. Wis jelas mbokan, aja bangga batire akeh, aja rumangsa batire sekorab, tapi angger batir sing "cappe" padha "keblinger" ya mendhing akeh batire sing eling lan waspada, udu sing keblinger. Sebab Akeh batire angger padha keblinger, dijamin ngguli batiran angger seneng-seneng thok, angger rika-rika padha wis ora duwe matre,...nyungsep utawa bangkrut,...mesthi ditinggal lunga, kuwe wis dadi jawaban lan kasunyatan lan akeh banget contone,... sebab peseduluran sing di dhasari matre thok, kuwe "rapuh, ora kraket tur gampang pedhote",... tapi angger dijiret karo ukuwwah iman, ....nganti mati esih didongakena,.... dadi kur siki rika padha milih lan milah dhewek-dhewek arep keblinger ora bener tapi akeh balane, apa akeh sedulure sing padha donga dinonga ?
Aku kur nulis thok, njenengan sing milih.


Kiye bonus download.

SAMIDI lawak banyumasan. Merdukun, jan lucu pisan critane.

Sing duwe hape tapi wis ana applikasi JAVA ne (black berry/nexian lan batir-batire), kiyeh gim JAVA

PROMOSI PUTRA TRAVEL KIYEH LUUR

    PUTRA TRAVEL - CILACAP JAWA TENGAH Agi mangsan pandemi Covid19 kiye terkadhang dhewek esih kudu tetep lunga, lan ngger numpak sepur/ ker...