SALANG KARO EMBATAN

SUWE BANGET ORA KRUNGU SALANG KARO EMBATAN
Pancen bener salang karo embatan kuwe jodho, embatan thok ora nana salange ya ora bisa go mikul, salang thok ora nana embatane ya ora bisa go mikul kandhi utawa gejobong ngarep mburi. Tapi paling sering gemiyen aku mikul klapa sing wis dislumbat karo salang mbatan, krasa entul-entul embatane angger ngguli nggawa akeh utawa abot. Salang mbatan mulaih wis jarang dienggo mbareng wis ana grobag. Ya bocah siki ya wis langka sing bisa mikul, pundhake padha mlothas, utawa gejenthit jere. Jane ya ora kaya kuwe, wong siki wis ora patia perlu salang karo mbatan sih, grobag, motor, utawa motor rodha telu sing kaya odhong-odhong lewih mantep lan akeh, entheng go nggawani barang-barang, termasuk klapa. Nasib salang mbatan kur bisa go nggawa sing dalane manjat temurun ora karuhan, angger sing rata, wong lewih milih motor, grobag utawa odhong-odhong kae.

JAMAN WIS MAJU, PADHA KELALEN MENG  SEJARAH LAN BUDHAYA
Tau numpak wluku utawa grobag sapi ? wis ora nana blas aku dhewek ya urung tau numpak grobag sapi, tapi angger numpak dhokar ya wis tau, siki dhokar ya wis langka, angger bojoku malah wedi angger numpak dhokar, sebab sebenere wedi meng jaran. Sing mluku diganti karo traktor, sing dhokar diganti karo odhong-odhong utawa trek (prekoto), pit diganti keblek (montor/hondha/sepeda motor), angger salang mbatan urung ana gantine, paling salange diganti tali rapiah, utawa tambang senar, nilon lan tambang plastik tlawungan. Gotong royong wis langka banget, aja maning gotong royong kesambat (ndandani umah), kerigan baen wis padha males, lha wong wis padha sibuk dhewek-dhewek, tapi angger tek pet kang kedadeyan mau, jane pengaruh budhaya sing elek wis ngrusak utawa mlebu meng desa, budhaya luar negeri sing ora kanggo nggawe malah dadi kebiasaan wong nang ndesa sikine. Padhahal budhayane dhewek lewih apik lan manfaat dibandhingena karo budhaya luar sing ora karuhan. Wong jonjangan wis ora nana, wong gathengan wis ora nana, wong thithik glathik wis ora nana, wong panggalan wis jarang, wong sing padha gobag slodor wis ora nana, nembang topeng waru ya wis langka, nembang dolanan wis ora nana. Budhaya ilang peradhaban bakal ilang, terus dadi wong ngendi ? Wong sing ora nana kejelasane.

NEOBUX KARO PROBUX

AREP NGE-KLIK ULIH DOLLAR?
Kiye ndaktar baen, gratis, tapi pancen perlu internet, terus angger duwe PayPal ya lewih maen, tapi engko disit baen ngguli gawe akun PayPal. Kiye jenengane

PROBUX
Angger arep nakdtar pencet kene

NEOBUX
Angger arep ndakter pencet kene
Arep pencet gambar ya gari kene

YA ISENG-ISENG BERHADIAH
Ya angger sempat bisa duwe internet sing cepet tur IP addresse maen, biasane bisa sukses. Engko tek wei nggon sing apik nang Forum khusus.

Matur nuwun

ENDHOG WUKAN

NGGRESULA ORA NGGRESULA YA PADHA BAEN, MENDHING NYAMBET GAWE
Angger dipet kang kasunyatan bangsa ne dhewek kuwe wis ketinggalan adoooooooh banget kang negara liyane, terutama negara serumpun kaya: Malaysia, Singapur, Brunei pokoke negara ASEAN lah. Ibarat wit-witan bangsane dhewek jane ya ditandur dhisit dhewek, bibite paling apik, kur sayange jan ora dirumat ora diropea babar pisan, malah lemon rabuke dicolong, thikilan pang lan godhonge malah didadekena rambanan go pangan wedhus, kapan tanduran arep nglilir ? Anane yang cunggreten, kuntheten tur mreyi. Ya pokoke suwe-suwe bisa mati garing. Bangsa Indonesia pancen bangsa sing paling GEDHE nang seantero asia tenggara, tapi angger ora bisa ngrumati, ora bisa ngropea, ora bisa ngopeni, mesthi arep dadi bangsa sing cungkringen, ora nana dayane babar pisan. Siki wis kebukti mbok ?

ANGGER ENDHOG DHEWEK ENDHOG WUKAN
Arep  ngaku arep ora bangsane dhewek bangsa sing karidun, kapiran tur blangsakan, ora ana wibawane, apa maning wibawa, lha harga diri baen ya wis ora duwe,..... ngakune endhog sing tumbras tapi nyatane ben endhog wukan, kemlekeren, tur ora bucek-bucek, lumong akhire dadi endhog wukan, lolos ora dadi endhog wukan mleker. Sial temen sih bangsa kiye. Wis ora susah nyalahena sapa-sapa, sing jelas-jelas salah ya para pengemban amanah bangsa kiye. Pemerintah lan jajarane, aparatur negara lan sepenunggalane, para pejabat lan eselone, warga negara indonesia sekabehane. Rakyat ora salah, rakyat manut, anggera ora manut ben di peksa kon manut, rakyat ora bisa disalahena. Pemerintah, pejabat lan pemimpine sing jelas salah.

VISI ENDHOG WUKAN
Visi utawa rencana nang dina ngarep, mesthine ya rencana sing maen tur jaya, menang, netes. Angger pemimpin siki lha wong asale ndhog wukan ya rencanane jelas mleker tur wukan, lumong. Ora ana hasil sing apik, tur migunani. Kabeh kaco balo, lha sing tumbras sing kudune netes malah dibuangi sih....
Ora duwe solusi kejaba ukum pancung baen koruptor.....angger pemerintah wani sih.

BANGSA WIS ANA KADES ANYAR APA URUNG YAH?

PERTARUNGAN KADES SING KURANG RAME
Angger aku dhewek kan nang paran, ya secara teori ora melu cawe-cawe urusan pilihan lurah. Ana unek-unekku sing khusus go lurah tahun 2011, (nang negeri antah berantah)
Sepuluh tahun lho pak rika mimpin desa bangsa tapi..... angger rika bisa mawas diri, silahkan di camkan, kira-kira mlebune meng JUDHUL sing endi, sing pas:
1. Lurah dendam merga nang sekitar kono ora akeh sih milih - ya jelas milih jago liyane jaman semono.
2. Lurah sing ora rumangsa angger bengkok kuwe kang pemrentah, lha rt.06/1 ya termasuk sing duwe bengkok mbokan ? padha-padha warga desa bangsa, warga negara Indonesia.
3. Lurah sing kepengin nyalon sing ping telu ? ya ulih-ulih bae angger memungkinkan.
Engkone dadi "HATTRIKC" angger aku dhewek sih ping sepisan be wis mblenger, malah rika ping pindho ya aseb-asben, aja ping telu lah mbok nyong mlukek...
4. Lurah sing pancen ora tau liwat metuk rt.06/rw 1, termasuk dulur lan batire rika. Alure tek tidhokena kiye, kang gili gedhe>>> metuk nggone pak carik Budi, terus.... ngalor>>> liwat unthuluwuk, aja meng ngetan.....>>> tapi menggok kiwe terus bablas ngalor.....>>>tekan buh/brug sandhinge pak parmito rika bisa liwat ngulon....(ya urung ana gili sing alus) apa maning liwat meng ngalor bablas ngetan....hmm....dalane ora bisa go gemlawikan angger rika numpak montor agi mangsan udan. sepuluh taun lho pak....esih kaya kuwe....(tapi paling diblenggu ya pancen rt.06/1), ora main-main kiye.
5. Lurah sing kepengin di srampang angger liwat metuk rt.06/rw 1.
  Apa wedi angger diglepuk nang bocah-bocah cilik rt.01/1, lha siki wis ra ana bocah nakal nang kana lho, mungsuhe rika wis padha tuwa-tuwa, wis padha lunga meng ngendi ora, dadi ra usah wedi angger liwat kana, lha rika ra dikenal ikih, aliase ora populer banget gicu...
6. Lurah sing tobat  bar rampung menjabat. Kiye kayane cocog, rika sering-sering bae silaturahmi meng rt.06/1 , tapi aja ngrasani dalan ya,....sensitif. Angger wis mawas diri, ya ora usah jengkel, ora usah getun, cepet-cepet istighfar, terus silaturahmi meng rt.06/1, tapi engko angger wis ora dadi lurah,....sepisan maning sensitif pak nang kana. Bar kuwe rika gari mangkat kaji utawa minimal umroh lah. dongakena "khususon" wong rt.06/1 ben ora duwe lurah sing kaya rika....tapi sing ikhlas ya pak.
 

AMANAH KOH DISIA-SIA
Tapi ya wis lah, kuwe wis liwat, kur aku mandan maras mbok-mbok lurahe "kaya sing wingi maning", lurah sing pendendam maring sekitar rt 6/01, aku udu wong kono lho, aku nguli nang Jakarta. Tapi angger bali kan liwat kono, kabeh-kabeh wis alus, tapi liwat rt.06/1 kaya liwat jamane pak lurah Parno, gemiyeeeeeen banget, padhahal duwit PNPM kan udu dhuwite perorangan, aku ngrasa rt.06/1 di anak-tiri- kena. Lha ora nana wong rt.06/1 sing protes, aku sing protes meng lurah/kades lan pamong desa bangsa.
Amanah koh di sia-sia, ngati-ati ya angger rika wis ora duwe jabatan, rika dadi wong biasa maning, sapa jajal sing arep ngregani rika angger agi njabat terus sewenang-wenang, mban cinde mba ciladan. Dulurku akeh nang rt.06/1. dadi ya jane urung kering angger arep padha tobat. Rt. 06/1 kuwe kur go conto aja ngasi kedadeyan maning. Lha Rt.06/1 ya padha-padha rayat Indonesia mbok ?

RT.06  RW. I
Asli ana sing aneh nang daerah kiye,.... gemiyen akeh banget pamong desane, akeh hansipe, akeh pengurus pkk ne, tur akeh wong sing jane bener-bener tresna meng desa bangsa, tapi..... dalan rt.06/I thok sikine sing esih gragalan, sing esih lunyu, tur esih marasi angger agi mangsan udan. Pancen kudu diakoni jaman gemiyen ya termasuk daerah "hitam" nang desa bangsa. Bocah nakal ngendi ora ya sabane meng ngonoh, sing gelutan, sing mabokan, sing seneng main, ya ndilalah nang kono ana baen - jane nang daerah liya ne ya kayane ora beda - tapi pancen sing agi go crita pancen rt.06/1. Kisah nyata nalika nyong karo keponakanku sing asal rt.06/I nang POLSEK kebasen arep gawe surat kelakuan baik (jaman semono) ya di cek disit....."
Kang ngendi mas,?" pak polisi takon. "Saking bangsa pak", jawabe keponakanku, "Bangsane ngendi,?" pulisine takon maning,"Rt.06/I grumbul tanupatra pak.!"." STOP....!!! engko disit tek cekke ya, jenengmu sapa ?"pulisine takon maning. Tapi pancen keponakanku kan bocah sing apik, rajin sholat, ngaji, tur awehan, gemi titi..ora drengki apa maning srei.. ya akhire bisa gawe Surat Kelakuan Baik. Nah, apa ya angger wis di cap ireng ya IREEEEENG terus. Ya mesthine ora lah, sing obyektif lah aja mung mengedepankan emosi tanpa logika. Kuwe sing dadi crita nang Rt.06/I. Men wong padha ngerti, bahwa ana salah sijine wilayah desa bangsa sing di dzalimi, gara-gara emosi sing ora nganggo logika kang pemimpine sing ora rumangsa dipilih nang grumbul kana. Gemiyen grumbul terpandhang, siki dadi grumbul sing melasi, serem tur perek kuburan (sedulur tanupatra kuwe jenengan kuburan).

SOLUSI
Go oknum sing krasa ya, silahkan memperbaiki dirinya sendiri, yang zalim tapi merasa benar ya secepete mawas diri. Go bocah-bocah utawa bocah tuwa RT.06/I ya sing padha sadhar, sing pada elegan lah ngguli mlaku nang desane dhewek. Sing rajin ngguli kerja, sing semangat ngguli sholat lan sedekah, terus angger wong sing salah nang jaman gemiyen ya di ngapurani lah. Contone ya sing tek sebut nang ndhuwur mau.
Kesuwun.

ASAL USUL JENENGAN DESA BANGSA



JENENGAN BANGSA KUWE JERENE KANG KEDADIAN GEMIYEN
Miturut sejarah lan critane wong atuwaku gemiyen, jere desa bangsa kiye udu desa sing baen-baen. Urung ana sing ngerti sapa sing njenengi koh dadine desa bangsa. Pancen ora nana tapak tilase seurunge dijenengi desa bangsa kuwe jenengane desa embuh apa. Ya mbesuk-mbesuk insya allah arep tek goleti - cara basa melayune diinvestigasi - jane jenengane desaku kiye apa seurunge desa bangsa.

PERANG SULTAN AGUNG HANYOKRO KUSUMO
Di critakena Pangeran Mas Rangsang munggah jumeneng dadi raja mataram. Terus pas jaman kuwe wilayah kekuasaane pancen amba jembar banget kang wetan gutul ngulon. Nah, jerene termasuk Batavia - angger sikine jakarta - termasuk esih dadi wilayahe Negara mataram, lan panglimane salah sijine yakuwe Fathaillah - wong portugal ngarani Faletehan - VOC (serikat dagang landa tlatah India Selatan) cluthak ngukuhi Batavia. Pancen VOC/Landa pancen bangsa utawa negara sing demen njajah terutama wong Nusantara, termasuk ngrebut batavia sekang kesultanan mataram. Tahun 1627 M, sultan Agung Hanyokrokusumo ngirim pasukan sekang dalan pantura - jalur elor - pertempuran sing sengit ya kedadeyan, ya lewih rame kang tawurane bocah-bocah SMA nang Njakarta siki, lha nganggo bedhil lan meriem mbarangan sih. Tapi pancen kekuwatane VOC lumayan banget, serangan pertama liwat jalur elor, ora kasil. Terus ana crita sing ana sambungane karo desaku dhewek yakuwe desa bangsa. Sebagian prajurit mataram bar nyerang batavia tur ora kasil ana sing bali metuk jalur elor maning lan ana uga sing liwat jalur kidul - jalur pantai selatan ya salah sijine ngliwati desaku kiye. Tahun 1628 M bar krungu serangan sepisanan ora kasil Sultan agung ngirim pasukan maning tapi siki ora liwat jalur elor, tapi liwat jalur kidul, pantai selatan.

DESA BANGSA, KANG TEMBUNG BANGSANE DHEWEK
Dicritakena prajurit sing bali kang arena pertempuran tur kalah ya ngguli bali karo semu isin tur gampang tersinggung - ya  kalah ya mandan isin mbokan - nang pihak sijine prajurit sing nembe mangkat meng Batavia ya padha baen semangat tinggi go mbales kekalahane batir-batire sing dikirim liwat pantai elor. Ya padha baen gampang tersinggungan tur dendam membara lah critane. Pas jaman gemiyen kan ora bisa cepet kaya siki, angger mlaku kang batavia meng njogja ya ora bisa sedina sewengi, ditambah maning kan ibarate kaya buronan perang, orang bisa mlaku sembarangan ya mesthine memba-memba dadi wong biasa - udu prajurit -ethok-ethoke dadi wong sing agi ngembara arep balik meng jawa. Angger jaman siki sih kur 15 menitan kang bandar sukarno hata tekan adi sucipto, angger numpak sumber alam ya sekitar 12 jam an. Tapi tahun 1927-1928 ya ora kaya siki kahanane. Go nyingget crita lan go medhot malur-malure tembung. Prajurit sing kalah perang ketemu karo prajurit sing nembe mangkat kang Njogja. Ketemu thuk bathuk, padha-padha curiga. Lan salah sangka. Sing nembe mangkat ya ora ngerti lamona kuwe prajurit mataram, lha kan agi nylamur dadi wong biasa, sing bali perang ya ora nyangka angger sultan ngirim pasukan liwat dalan kidul, lha wong gemiyen para prajurit dikirim liwat jalur elor kan,..... sebab gemiyen pancen urung ana hp babar pisan sih dadi sultan ora sempat SMS meng prajurit sing kalah lamon kanjeng sultan ngirim pasukan maning sekang jalur kidul. Sandine ya mesthi beda antara pasukan sing dikirim liwat jalur lor dan liwat jalur kidul. Enyong ora ngerti crita sing valid,  kepriwe koh nganti padha sulaya tiwas nganti akeh raja pati. Lha wong prajurit kan jelas pada prigel ngguli nganggo pedhang, tumbak lan pinter olah kanuragane. Ya akeh banget korban merga kang salah paham, sepisan maning aku ya ora ngerti kepriwen koh para prajurit bisa nengeri lamon sing padha perang kuwe balane dhewek. Ya mungkin kang kedadiyane kayane wengi. Ora patia jelas sandhangan utawa seragame prajurit sing nembe mangkat. Sing jelas sandine beda, terus padha-padha gampang tersinggung. Sing siji dendam meng VOC sing siji wirang tur dendam meng VOC. Ya uwis kedadeyan lah perang karo BANGSANE dhewek. Akhire perang pancen mandheg aku ya ora ngerti sebabe apa. Tapi angger dipikir kayane prajurit sing nylamur kuwe sing nengeri angger kuwe prajurit mataram, mungkin peperangane tekan awan, lha nembe jelas gelut karo sapa. ee Jebule padha-padha prajurit mataram. Korbane akeh banget mulane ana sing dikubur bareng-bareng nang STANA DAWA. Angger siki anane nang sandhinge Manten kayim Saeri, gonggomane Pak Kalil, sing ana kuburuan Panembahan Kamal. Dadi prajurit mataram njenengi nggon sing go perang karo BANGSANE dhewek kuwe di jenengi BANGSA. Kiye aku dicritani nang wong tuwaku. Tapi ya ana versi liyane bisa baen lan kevalidan - keabsahan - kang critane wong tuwaku ya urung kinaruhan bener. Tapi angger dipet kang sejarah lan bukti sing ana (penyerangan sultan agung liwat rong jalur (lor lan kidul) tahun 1627 liwat lor, 1628 liwat desaku, terus ana kuburan SETANA DAWA (kuburan panjang)) aku yakin kiye crita ora baen-baen. Alias bener. Tapi arep bener utawa ora ya sing penting bisa dipet apike kang riwayat utawa legenda desa bangsa mau. Geografis utawa letak desa bangsa kuwe lumayan strategis. Dari arah Kota Sidamulya (prapatan buntu) kearah barat sekitar 3 KM terletak disebelah utara (kanan jalan trans jawa jalur selatan), dari arah kota sampang sekitar 6 Km, dibatasi di timur desa adisana, dibarat desa Karang sari, sebelah selatan Jalan trans jawa jalur selatan, disebelah utara adalah pegunungan Depok (krumput), mengalir sungai Gendhu Minyak, di RT 06/01, terjadi penggabungan sungai (kali cawang) yang satu berasal dari daerah Sigupit dan yang satu lagi berasal dari daerah karang sari perbatasan bangsa/kuburan kubang. Kali gendhu minyak ini bermuara di Rawa Kembang, Bander masuk wilayah Mujur Kroya. Boleh anda membuka di wiki pedia tentang desa bangsa ini.
Dulur angger go promosi utawa go men padha ngerti ya karo basa melayu ora papa mbok ?
Matur nuwun

NB:
Salam kanggo lurah/kades bangsa pak Turahman, pesene kula. Pak Turahman nyuwun tulung lah karang taruna desa Bangsa mbok nggih di AKTIF aken. Ampun kados seniki. Teras malih niku sinten kemawon ingkang MORTAS kali gendhu miyak inggih dijerat PIDANA MAWON, teras ingkang sami nyetrum welut /ulam teng wilayah Mbangsa nggih kedah dijerat PIDANA. Wantun nopo mboten pak, insya Allah rakyat ngiloni njenengan. Matur nuwun.

GILI PALWOLU ASPALE ORA TUTUG

NANG SANDHING NGGILI KOH MALAH ORA DIASPAL
Mandan ngguyu enyong angger pas bali meng nggone mertuwaku - aku wis nang pondhok mertuwa indah wis suwe banget 12 tahun - giline angger nembe gejrut kang bis terus mlaku nang ngarep selipane pak Pur (putrane pak Amali Alm),....jan aku kan biasane mlaku tekan brug kali rigasi,....kiye deneng urung diaspal-aspal apa ora ulih diaspal nang wong sekitare apa kepriwe..... angger dipet sekang nggone utawa posisine kiye gili sing malah perek karo gili gedhe (jalur kidul trans jawa), mujur ngalor sekitar 200 meteran utawa 300 meteran lah, mbanjur aku takon meng wong-wong kono,....kepriwe koh bisa keton nyleneh kaya kuwe, wagu tur ora patut. Ana sing aweh kabar jere dalam sing tek maksud kuwe dalane desa Adisana. Hmm.... ya pantes ya pantes,.... melasi temen dalan kiye ya kapiran. Nang desaku (desa Bangsa, grumbul Palwolu) ora diurusi mergane udu hake desa Bangsa, ngrumati utawa ngaspal gili kiye. Lha nang Desa Adisana ya semana uga, ora diurusi arep diaspal lha sing latha-lithi metuk kono ya wong mBangsa ben,.... lah kepenake keprimen kiye ? Jane angger pancen ana maksud sing becik khususe kang pemerintahan desa Bangsa yang mesthine bisa dirempug karo aparat utawa pamong lan pengurus desa Adisana. Kadar ora dijaluk ikih, kur dirumati lan diaspal jalaran anu dalan sing penting go wong bangsa - palwolu, pesantren, karang benda, malah kolemane pak lurah sing siki - angger ana rembug sing bener aku yakin gologokin dalan kiye bisa diaspal. Ya bener wilayahe pancen wilayah Adisana tapi kan sing ngganggo (liwat wara wiri latha lithi ngalor ngidul) kan wonge dhewek (maksude enyong wong mBangsa). Kan bisa dadi pertakonan apa iya arep gawe becik ora ulih ? utawa ora nana dana kang nduwur ? Alasan kuna lereng.... biasane alasan kang sing tukang korup, clemer lan seneng open meng barange utawa duweke liya. Bisa baen enyong ngomong kuwe alasan go korupsi, lha aspal go jarak seno kan lumangyan (300 meter ping..... kan mandan menthot-menthot angger duwite ditukar karo mang ewuan, terus diwadhaih kandhi....). Tapi angger sebenere enyong ya ra patia jelas. Tapi bisa baen angen-angenku sing kae mau.

PINEMU
Aku krungu kang salah sijine pamong desa mBangsa jere dalan kae arep di aspal, tapi kang kecamatan, jerene numpak utawa numpang anget meng parte politik sing jenengane aku arep ora nyebutena (lha nembe angen-angen urung ana nyatane babar pisan ana kemungkinan kur dari BAB thok...), tapi moga-moga ya bisa keleksanan. Angger tumrape enyong sih, lurah Mbangsa sing kudu duwe iguh pertikel utawa inel go ngakali masalah sing jane ora patia rumit kiye,.... kepriwe carane ngguli padha rembugan karo pamong lan lurah Adisana, terus masalah dana ya njaluk meng ndhuwur kadar wis padha ngerti ikih kahanane, njaluk dana ne engko angger wis ana mupakat kang desa keloron, angger urung ya aja njaluk duwit disit, ora bisa kompak engkone. Wis mupakat mesthine kang ndhuwur ya takon apa bener Adisana kepengin ngaspal dalane sing kebeneran ana nang desa Bangsa. Mesthine desa Bangsa ya ngiloni desa Adisana ngiyakena,... terus mungkin dana angger sing ngajukena Adisana ya medhune nang Adisana, angger kepengin men ana dana sing medhun nang Bangsa ya kudune desa Bangsa sing ngajukena meng ndhuwur karo mupakat kang desa Adisana - angger arep ana dhuwit proyek biasane padha rebutan, biasa korup@korupsi.co.id- angger dhuwit cair dikerjakena ya barengan antarane rong desa mau. Kuwe pinemuku, angger ora ana jige ya ora tau ana aspal nang dalan sing sering tek liwati kiya. Ya wis nasibe embok, kapiran koh puluhan taun. 
Cukup semene thok kiya kur kritik go desaku lan desa tanggaku, masalah seblindhi tur cilik menthik koh ora rampung-rampung. Go erang-erang baen ya, sing liwat ya ora kur wong mBangsa thok lho,.... mulai pak Nano, Mbah Kasong (mba Maryati), pak Sarikun,... kayane ya wong Adisana, dadi angger panjenengane arep padha tindak ya ora muter ngetan disit metuk dheg kali rigasi nembe meng ngidul nang jengkol kerep terus jebule nang Tumang Asih,.... urung tau weruh enyong dhewek yakin....
Tapi pinemu lan saran kuwe kadhang-kadhang nggawe ati gela, tapi jan ora nana maksud sing ora becik kang awaku dhewek, angger dalane alus mesthine go usaha ya lewih kebat embok ?
Kelilan disit ah...

URUN REMBUG MUMPUNG WIS WULAN RAJAB

URIP NANG ALAM NDUNYA KETONE JAN SEDELA BANGET 
Jajal panjenengan emut-emut dhong esih sekolah esde gemiyen, krasane esih kemutan genah banget, bali sekolah nggawa urek-urek go nggolet welut nang sawah, bar ngarah welut dadi baline kawanen, dadi goletan rama biyunge,…. lan liya-liyane, ketone “nembe wingi”,… ujug-ujug wis selawe taun kepungkur. Pancen urip nang alam dunya kuwe ora lawas, buktine ya awake dhewek padha. Terus kapan panjenengan padha guli nikah ? Ketone nembe wingi sore taribasane,…. E alah….. anake wis padha gedhe-tuwa, malah angger sing wis padha kagungan putu/wayah lan buyut, krasane dhewek ya esih padha kaya wingi. Sepisan maning monggo panjenengan padha ngilo nang ngarep kaca, terus dibandhingena karo gambar poto dhong njenengan umur 17 tahun, akeh perubahane mbok ? Tapia pa njenengan krasane padha baen ? Ya angger secara kenyataan pancen NYAWA/RUH kuwe pancen ajeg kawit dhewek cilik tekan kaki-kaki, jasad/jisime dhewek pada tambah tuwa, rema tambah pethak, waja ilang siji-siji, mlampah sing maune trengginas siki dhindhek-dhindhek, sing maune bregas siki dheyek-dheyek, soca sing maune awas seksama lha sikine mandan lamur, kudu nganggo kaca sambung, nanging krasa utawa jiwa pancen esih sing gemiyen. Aku ya esih sing gemiyen.

WEKTU KUDU DI GUNAKENA SING TEPAT 
 Gusti Allah Swt paring wektu meng penjenengan lang kula sami, kuwe ora ateges GRATIS, ana tugas sing panjenengan lan kula kudu lakoni. Angger tugase nang mbumi/alam dunya wis rampung ya “dipundhut” nang Ngarsane Gusti Allah Swt utawa seda. Nah sing dadi pertakonan kan apa dhewek padha SUKSES nglakoni tugas-tugas sing di prentahaken nang Gusti Allah Swt ? Angger panjenengan wong Islam ya tugase wis jelas, angger non-Islam ya kudu sesuai karo ageman lan agamane dhewek-dhewek. Sing ngerti banget tugase wis dilkoni apa urung ya mung dhiri pribadhi ne dhewek-dhewek. Sebab sing aweh tugas wis genah ana pitudhuh lan dalan-dalan sing ditentokena, arep melu dalan-dalan utawa nyimpang ya sing nglakoni sing lewih ngerti. Wektu kadang pancen ora dianggep penting, lha gratis ikih,….. salah sedulur, wektu ora gratis, wektu ana pertanggung jawabane,….. sapa sing bisa mergunakena wektu karo apik mesthi uripe mulya dunya lan akhirate, lan sapa sing ngawur mergunakena wektu ya cilaka,…..

DHEWEK KABEH SEDULUR 
Bab ibadhah kuwe urusane agamane dhewek-dhewek. Tapi angger masalah peseduluran kuwe kudu sing apik-apikan aten baen. Sedulur sing tek sebutna kuwe ya ana paling sendhik kuwe telu. 1. Dulur Sepadha-Padha menungsa – ukhuwwah insaniyyah 2. Dulur senegara – Indonesia – ukuwwah wathoniyyah 3. Dulur seagama anggere wong Islam kaya enyong dhewek - ukuwwah islamiyyah Dadi ora bener angger padha crah,… jerene crah agawe bubrah. Ora susah mbahas sing beda, sebab wong pancen ora nana sing padha plek,….. kabeh ana bedane, tambah dideleng bedane tambah adoh persatuane, deleng sing memper baen, sing mirip baen, aja drengki wong urip tunggal sebumi,…kaya kuwe mbok. Dadi aja di direkena masalah gelutan – tawur – karo padha-padha dulur – ya paling kurang padha-padha menungsane embok ? Apa maning ditambah dulur seiman, dulur sedesa, dulur sekecamatan, malah ana sing tunggal buyut be padha brecencengan,…. Poma-di poma aja dulur. Lewih apik padha rukun, guyup apa-apa kepenak tur jembar bumine, lha angger akeh mungsuh apa ya bumine amba ? Ora mbok, meng ngalor ana mungsuh, mengidul anda lawan, meng ngulon ana sing ngincim meng ngetan sing wingi tawuran ? Sesek embok bumine angger akeh mungsuh ? Sewalike angger akeh batir,…. Jan nyawerga temenan. Ngetan disuguhi jenang ketan karo wedang kopi, ngulon kon mangan nasi rawon, ngidul kon mangan bubur, ngalor diboncengena montor,… wis kepenak embok angger akeh batir lan kancar, dunyane amba….. angger sing milih senenge “mageri dalane dhewek” ya nganah sing sregep nggolet mungsuh. Angger sing penggin akeh dulure yang sing sregep silaturahmi – nyambung peseduluran

RAJAB MANING SADRAN NYUSUL TERUS SIAM ROMADHON 
Tumrap aku sing muslim, wulan rajab kuwe salah sijine wulan sing mulya,….. ana papat wulan sing mulya tumrap wong muslim, siji apit (zulqai’dah), loro besar (zulhijjah) , telu sura (muharram) lan papat rajab. Nah wulan sing wis agi dilakoni ya rajab kiye dulur, akeh-akehena istighfar, siam lan amal sholeh liyane. Rajab wulane Gusti Allah Swt, Sadran wulan Kanjeng Nabi Muhammad Saw lan Ramadhan wulane ummate Nabi Saw. Dadi ya siap-siap baen ibadahe panjenengan di tambah gentur….. tumrap wong non muslim ya kudu hormat menghormati, tegese udu padha melu ibadhah gentenan, udu sedulur,…. Ibadhah dhewek-dhewek tapi angger “bermasyarakat” tetep kompak. Mesthine ya aja pada crah, congrkrah lan cakar-cakaran. Sing apik ya kudu gotong royong nang hal kemasyarakatan lan urip saben ndinane. Kesuwun.

PROMOSI PUTRA TRAVEL KIYEH LUUR

    PUTRA TRAVEL - CILACAP JAWA TENGAH Agi mangsan pandemi Covid19 kiye terkadhang dhewek esih kudu tetep lunga, lan ngger numpak sepur/ ker...