URUN REMBUG MUMPUNG WIS WULAN RAJAB

URIP NANG ALAM NDUNYA KETONE JAN SEDELA BANGET 
Jajal panjenengan emut-emut dhong esih sekolah esde gemiyen, krasane esih kemutan genah banget, bali sekolah nggawa urek-urek go nggolet welut nang sawah, bar ngarah welut dadi baline kawanen, dadi goletan rama biyunge,…. lan liya-liyane, ketone “nembe wingi”,… ujug-ujug wis selawe taun kepungkur. Pancen urip nang alam dunya kuwe ora lawas, buktine ya awake dhewek padha. Terus kapan panjenengan padha guli nikah ? Ketone nembe wingi sore taribasane,…. E alah….. anake wis padha gedhe-tuwa, malah angger sing wis padha kagungan putu/wayah lan buyut, krasane dhewek ya esih padha kaya wingi. Sepisan maning monggo panjenengan padha ngilo nang ngarep kaca, terus dibandhingena karo gambar poto dhong njenengan umur 17 tahun, akeh perubahane mbok ? Tapia pa njenengan krasane padha baen ? Ya angger secara kenyataan pancen NYAWA/RUH kuwe pancen ajeg kawit dhewek cilik tekan kaki-kaki, jasad/jisime dhewek pada tambah tuwa, rema tambah pethak, waja ilang siji-siji, mlampah sing maune trengginas siki dhindhek-dhindhek, sing maune bregas siki dheyek-dheyek, soca sing maune awas seksama lha sikine mandan lamur, kudu nganggo kaca sambung, nanging krasa utawa jiwa pancen esih sing gemiyen. Aku ya esih sing gemiyen.

WEKTU KUDU DI GUNAKENA SING TEPAT 
 Gusti Allah Swt paring wektu meng penjenengan lang kula sami, kuwe ora ateges GRATIS, ana tugas sing panjenengan lan kula kudu lakoni. Angger tugase nang mbumi/alam dunya wis rampung ya “dipundhut” nang Ngarsane Gusti Allah Swt utawa seda. Nah sing dadi pertakonan kan apa dhewek padha SUKSES nglakoni tugas-tugas sing di prentahaken nang Gusti Allah Swt ? Angger panjenengan wong Islam ya tugase wis jelas, angger non-Islam ya kudu sesuai karo ageman lan agamane dhewek-dhewek. Sing ngerti banget tugase wis dilkoni apa urung ya mung dhiri pribadhi ne dhewek-dhewek. Sebab sing aweh tugas wis genah ana pitudhuh lan dalan-dalan sing ditentokena, arep melu dalan-dalan utawa nyimpang ya sing nglakoni sing lewih ngerti. Wektu kadang pancen ora dianggep penting, lha gratis ikih,….. salah sedulur, wektu ora gratis, wektu ana pertanggung jawabane,….. sapa sing bisa mergunakena wektu karo apik mesthi uripe mulya dunya lan akhirate, lan sapa sing ngawur mergunakena wektu ya cilaka,…..

DHEWEK KABEH SEDULUR 
Bab ibadhah kuwe urusane agamane dhewek-dhewek. Tapi angger masalah peseduluran kuwe kudu sing apik-apikan aten baen. Sedulur sing tek sebutna kuwe ya ana paling sendhik kuwe telu. 1. Dulur Sepadha-Padha menungsa – ukhuwwah insaniyyah 2. Dulur senegara – Indonesia – ukuwwah wathoniyyah 3. Dulur seagama anggere wong Islam kaya enyong dhewek - ukuwwah islamiyyah Dadi ora bener angger padha crah,… jerene crah agawe bubrah. Ora susah mbahas sing beda, sebab wong pancen ora nana sing padha plek,….. kabeh ana bedane, tambah dideleng bedane tambah adoh persatuane, deleng sing memper baen, sing mirip baen, aja drengki wong urip tunggal sebumi,…kaya kuwe mbok. Dadi aja di direkena masalah gelutan – tawur – karo padha-padha dulur – ya paling kurang padha-padha menungsane embok ? Apa maning ditambah dulur seiman, dulur sedesa, dulur sekecamatan, malah ana sing tunggal buyut be padha brecencengan,…. Poma-di poma aja dulur. Lewih apik padha rukun, guyup apa-apa kepenak tur jembar bumine, lha angger akeh mungsuh apa ya bumine amba ? Ora mbok, meng ngalor ana mungsuh, mengidul anda lawan, meng ngulon ana sing ngincim meng ngetan sing wingi tawuran ? Sesek embok bumine angger akeh mungsuh ? Sewalike angger akeh batir,…. Jan nyawerga temenan. Ngetan disuguhi jenang ketan karo wedang kopi, ngulon kon mangan nasi rawon, ngidul kon mangan bubur, ngalor diboncengena montor,… wis kepenak embok angger akeh batir lan kancar, dunyane amba….. angger sing milih senenge “mageri dalane dhewek” ya nganah sing sregep nggolet mungsuh. Angger sing penggin akeh dulure yang sing sregep silaturahmi – nyambung peseduluran

RAJAB MANING SADRAN NYUSUL TERUS SIAM ROMADHON 
Tumrap aku sing muslim, wulan rajab kuwe salah sijine wulan sing mulya,….. ana papat wulan sing mulya tumrap wong muslim, siji apit (zulqai’dah), loro besar (zulhijjah) , telu sura (muharram) lan papat rajab. Nah wulan sing wis agi dilakoni ya rajab kiye dulur, akeh-akehena istighfar, siam lan amal sholeh liyane. Rajab wulane Gusti Allah Swt, Sadran wulan Kanjeng Nabi Muhammad Saw lan Ramadhan wulane ummate Nabi Saw. Dadi ya siap-siap baen ibadahe panjenengan di tambah gentur….. tumrap wong non muslim ya kudu hormat menghormati, tegese udu padha melu ibadhah gentenan, udu sedulur,…. Ibadhah dhewek-dhewek tapi angger “bermasyarakat” tetep kompak. Mesthine ya aja pada crah, congrkrah lan cakar-cakaran. Sing apik ya kudu gotong royong nang hal kemasyarakatan lan urip saben ndinane. Kesuwun.

ANGGER WIS ORA BISA YA MUNDUR

GAMPANG-GAMPANG ANGEL DADI KAMITUWA
Jane angger dipet kang sejarah ya ana baen wong Indonesia sing pancen bener-bener ngemban amanah. Meng rakyat ngewulani lan meng tugas nyembadani. Angger siki jan adoh banget karo sing diarani amanah. Diwei tugas lan jabatan (pegaweyan) malah anane mung ngakali thok. Sing diakali apa jane ? Ya kuwe mau, angger tek sebutna kayane ya kurang lewih kaya kiye:
1. Wektu ngakali men wektu duwe jabatan dadi selawas-lawase utawa seumur uripe, angger ana UU sing nglarang seumur urip ya mesthi nyalon maning sing kepindho.... mangguwa ana sing ke telu mesthi nyalon maning, jan serakah koh ora cukup-cukup.
2. Nepotisme angger bisa sing nyekel kekuwasaane ya aja nang wong liya. Kudu dulur utawa keturunanne.
3. Korupsi lan kolusi ditutup-tutupi ngakali karo apa lah pajeg, urunan lan liya-liyane kas negara mlebu sakke dhewek. Rekening tabungan bank nge ya dadi gembrot,.... jerene ulih ngguli usaha. Ya bener usaha nglomboni rakyat, khianat meng amanah sing di pikul.

ANGGER ORA SANGGUP YA MUNDUR LAH

Wong sing satriya angger ora bisa ya ngomong lan ngaku ora bisa aja lewer kaya jago wareng gelut wis ketone arep kalah mlincur mlayu angger batire agi weya ditlabung. Ora wani ngakoni kekurangane dhewek ora wani angger kon mundur jere wirang. Jan-jane apike ya mundur angger wis krasa lan pancen kebukti ora bisa. Angger jiwa sinatriya mesthine ya mundur aja maju terus ngiwung.

SEWU SIJI PEMIMPIN SING AMANAH LAN SEMBADA

Angger dadi kamituwa pancen kudu kuwat ilmu lan kuwat awake. Angger nang Indonesia langka banget sing kaya kuwe, kuwat awake ora kuwat ilmu lan akhlake, kuwat ilmu lan akhlake ora kuwat awake. Kuwat ilmu lan awake ora apik akhlake. Kapan duwe pemimpin sing bisa di jigena nang ngarep ?
Ayuh dulur pada ndonga men diwei pemimpin sing bener-bener amanah. Amin

DOYAN OYEK

JAMAN GEMIYEN WONG PADHA DOYAN OYEK
Jaman nyong esih cilik taun 80 an, oyek kuwe angger esuk-esuk ngger arep mangkat sekolah biasane go sarapan bocah-bocah, ngger ramane arep meng kebon utawa sawah ya cokan sarapan oyek. Apa sih oyek kuwe ? Oyek jane ya panganan sing sikine bocah-bocah wis ora padha doyan, malah ana sing ora ngerti apa kuwe oyek. Oyek digawe sekang budi/lobak/puung/boled sing diioceti disit, dikum ngantek seminggu, terus dipe men garing, terus didang nang kusan, angger wis mateng bakal oyek terus dibebek ngantek balung budin/boled/lobakke pada ilang, terus diinteri karo tampah men pating prekincil, terus angger wis mandan akeh dipe sepisan maning. Nah oyek wis dadi. Angger dipe wis garing oyek bisa digoreng, didang utawa go empan bebek lan ayam, tapi poma di poma angger makani ayam utawa bebek disiram banyu sethithik mbokan melar nang telih ayam/bebek angger diempani garingan. Tapi angger nyong dhewek jan esih doyan lho oyek.

GIZI ORA SEPIRAA KUR GO GANJEL WETENG
Angger nyong sih urung tau nliti apa gizi oyek akeh apa ora, tapi angger tumrapku jaman gemiyen wong mangan oyek penyakite ora werna-werna kaya siki, ra nana struk, darah tinggi, liper, jantung utawa kangker, tapi mbareng padha mangan panganan luwar sing jerene "bergengsi" penyakit koh dadi akeh temen ya, oyek sih kayane gizine ora akeh tapi ora mbandakalani kaya panganan luwar sing jerene bergengsi mau, tur ora nana zat pengawete, ora nana bahan kimia sing mbilaeni lah.

JUJUR BAEN AKU LEWIH CINTA OYEK DIBANDHINGENA PANGANAN LUWAR NEGERI
Akeh sing keliru menawa panganan cepat saji sing asale kang luwar negeri kuwe jerene bergengsi, tapi dulur ora ngerti kan isi jeroane mbok ? ya jelas baenlah wong panganan luwar mau nganggo resep bumbune baen rahasia. Sing jeneng rahasia kuwe embok wadi ora nana sing diwei ngerti, kejaba wong sing duwe wadi mau. Nah sapa ngerti rahasiane kae resep sing nggawa penyakit, zat pengawet, lan liya-liyane, aja banget-banget ngguli percaya meng tembung "bergengsi" gensi apane angger akeh nggawa bilai. Gengsi apa NGEGENG ORA ISI mbok ? Ya sing dhemen lan klangenan karo makanan siap saji ya aja kakehen lah, sepisan-pisan ya olih, tapi aja duwe pinemu angger panganan kang luar negri mau mesthi mantep, bergizi tur bergengsi, aja yakin....dulurku kabeh tahu krungu ora jerene makan cepat saji bahasa inggrise fast food utawa apa ? ya bener Junk Food artine padha karo makanan sampah. Lha sing ngarani junk food baen wong luwar negeri koh malah nang Mbanyumas lan seubenge diarani panganan bergengsi. Ya angger wis ngerti ya ora usah getun wis tau mangan, angger arep mangan oyek ya esih akeh nang pasar Kroya utawa pasar Sumpiuh, dijamin bebas junk food, tapi aja dipangan garingan mbok melar,...sethithik baen go nostalgia jaman gemiyen. Intine jane kur kon ngati-ati, ora nana larangan sedawane panganan kuwe halal - go muslim kaya enyong lho - tapi angger keladuk - berlebihan - ya jelas oranana kebecikane babar blas. Kabeh-kabeh sing berlebihan mesthine ya ora becik. Angger sing ora doyan oyek ya ra papa, angger sing klangenan panganan luwar negeri ya ra papa. lambang sari kenyol dulur,....ya mbok. nggolet pangan dhewek-dhewek,...

Greycamel Di Delete Google

ANU MBUH KEPRIWE
Dhog-dhog blog sing paling disit ngguli gawe di busek nang mbah Google, ora ana alasan sing jelas, lha sebab jere ket tahun 2007 ora tau LOGIN (mlebu) padhahal jan aku mangslup metu meng Greycamel.blogspot.com tur akeh link-link sing mandan penting. Pancen angger gratisan ya ora bisa ngomong apa-apa maning. Dibusek ya ngonoh di ulur wektune ya ngonoh... kur pasrah thok, lha wis nunut ngantek patang taun nang situs blogger.com ya wis ketrima lah.

TAPI ESIH DUWE SITUS LIYANE
Angger mbah google mbusek situs sing siji ya aku gawe situs liyane maning lah, kadar data bisa digawe karo sing liya-liyane ikih,.... sing penting situs wong tanu patra kiye ora dibusek.

AREP GANTI JENENG MANING
Situse wong Mbangsa Kebasen baen lah men mandan genah nang mesin Google search engine, basa apa kuwe,...hmmm sing penting bisa urip nang dunia maya, ya ora ketang urip-uripan,,,,

AJA WEYA MARING MBAH GOOGLE
Kadang mbah google kuwe aneh, angger situs sing potensi utawa sing mencurigai mesthi dibusek, padhahal situsku jan ora ana isi sing medeni koh,... apa rika padha gawe situs/blog sing mandan serem,..... tur nunut meng mbah google, mesthi langsung DIBUSEK, kejaba situse njenengan udu situs sing mbahas negara, mbahas islam lan liya-liyane pokoke sing aja mbahas SARA. Tapi angger situsku dibusek nang google maning ya emen lah. Gawe karo sing mandan gratis domain lan hostinge....
Keanehane situs greycamel.blogspot.com, dibusek ora nganggo perengetan disit, ana kesalahan apa, utawa ana isi sing dilarang, jan embuh kepriwen kuwe, tapi ya wis lah... poran-porannya.

BAL BALAN

Mage sedulur "ganyang malesia", kaya jamane sukarno, tahun 1965.
Ana sing menarik,...
Ganyang malesia sing gawa gagasan Bung Karno
Lha apa kudu malesia diganyang tanggal 29 desember 2010 nang gelora Bung karno ?
Ya ganyang malesia karo bal-balan sing maen, udu gelut apa maning perang,...ganyang malesia karo gul-gul sing maen tur cantik....

Mage sedulur dukung tim Garuda sing jan agi mandan ngetonaken cakar lan kepakan cewiwine, dikalahena kabeh musuh-musuh tim garuda, cara indonesiane "kemenangan sempurna" kang kabeh pertandingan tim garuda ora tau kalah.

Wis kebanjur mlebu final ya aja tanggung-tanggung, juara sisan mbok ?
Ganyang malesia karo gul-gul sing "moblong-moblong"....

Ole..ole...ole
Sekarang saatnya ganyang malesia
ole..ole..ole..

Basa Banyumasan Aja Ngasi Ilang

Ngapa ora bangga karo basa banymas ? Apa kurang maen ?
Akeh wong mBanyumas sing lunga-lunga nang paran, terus pada kelalen meng basane dhewek, ana sing tiru-tiru wong wetan "bandhekan" ana sing tiru wong betawian "badheolan", ana sing ngomong melayuan, basa Indonesia,...ya jane sih ya orang memper angger gedhe tuwa nang mBanyumas terus meranto meng kana-kana terus kelalen basane dhewek. Akeh sing padha ora eling angger basane dhewek (basa banyumasan) kuwe bisa ilang angger ora ana sing nguri-uri maning, ora nana sing ngropea,.....engko bisa-bisa basa banyumasan ilang kang "peta basa nang indonesia", apa malah nang peta dunia, medeni embok ? Jerene "basa nggambarena bangsa", angger bangsa (kaum) sing ora duwe basa dhewek kayane ya kurang mantep jatidhirine,... ora duwe asal-usul sing jelas. Dadi ora baen-baen kuwe angger basa banyumasan ngantek ilang. Diarani wong solo manggone nang dhaerah clacap, utawa prakerta, tapi angger duwe basa "dhewek", arepa manggon nang Jayapura, terus ngobrol karo penginyongan tur nganggo basa banyumasan, mesthi wong padha paham dhewek wong banyumas.

Sing bener ya bangga lan nguri-uri basa banyumasan.
Ora agi kesukuan utawa nggawa potensi SARA, tapi dhewek kudu ngerteni basane dhewek kuwe dibentuk nang sejarah sing dawa, miturut critane basa banyumasan esih pedhek karo basa kawi utawa basa kuna (lereng...kunaaa banget). Dadi angger mandan "nyleneh" ya memper lha termasuk basa purba embok sih, tapi kudune meng sapa baen sing perduli lan nresnani basa banyumasan kudune ya padha maraih meng anak putune basa banyumas sing bener, ora susah dicampur basa bandhekan utawa basa melayu apamaning basane wong landa (utawa wong inggris), jan angger anak putune dhewek bisa kandhahan lan ngobrol karo basane dhewek insyaallah basa banyumasan ora gadhang ilang. Esih ana sing perduli tur tresna mesthi ya ngrumat lan nguri-uri basa sing "kelebu langka" nang indonesia, basa sing termasuke tuwa.
Para sedherek sing nang paran utawa luwar negeri angger agi senggang njenengan ya padha diaturi mulang putra-putrine panjenengan blajar basa banyumasan. Tata krama, unggah-ungguh lan adat banyumas ya ora kalah adi luhunge karo basa kana-kana.

Sugeng Shaum Ramadhan

Sugeng Shaum Ramadhan kawula aturaken dhumateng para sedherek sedaya. Manawi kathah lepat kawula inggih kula nyuwun agunging samudera pangaksami. Tuwin kagem Ibu kawula, kang putra nyuwun donga kalih restunipun Ibu, mugi-mugi Ibu tansah ginanjar wilujeng, sehat supados saget ngayahi kewajiban rukun Islam, inggih punika shaum ramadhan, semanten ugi kagem lare-lare kula lan bojo kula ingkang sanget kawula tresnani, bapak nyuwun ngapurane saking panjenengan sami. Kagem sedherek muslim sedaya, monggo sesarengan kita sedaya, kanti khusyu' wontenipun ngayahi kewajiban sewarsa sepindhan punika.
Sugeng Shaum Ramadhan 1431H.
Matur nembah nuwun.

PROMOSI PUTRA TRAVEL KIYEH LUUR

    PUTRA TRAVEL - CILACAP JAWA TENGAH Agi mangsan pandemi Covid19 kiye terkadhang dhewek esih kudu tetep lunga, lan ngger numpak sepur/ ker...