NEGARA AJA DI JOR ENA BAEN, KUDU ANA SING MIKIRENA, KUDU TANGI, ELING.
Enyong pancen termasuke wong sing mandan seneng ngojel, crewed, dhemen aruh-aruh meng wong liya sing ketone enyong kuwe ora cocog, utawa ora sreg nang njerone atiku. Ora kur sepisan aku protes meng wong sing "nyrewoto" ( nrobos) antrian, utawa giliran. Thok melong baen nyong ngguli ngomong," Lur, gentenan lah aja nyrewoto kaya kuwe, nyong karo batire padha ya wis nunggoni ket mau, malah rika ora idhep ora weruh ijig-ijig /dhog-dhog malah terus ngusel meng ngarep". Utawa ngomongi kahanan pemrentah sing agi mimpin dhewek siki. Angger tumrapku sih, urung kasil 100 persen lah, esih akeh sing kudu dibenerena, esih akeh sing onjo, esih akeh sing ora singgem - ibarat dhanyang nang saka umah kuwe "mringis" anu urung pas ngguli masang dhanyange - esih urung krasa ayem dulur-dulurku sing padha dadi wong tani, esih pada kangelen ngguli urip go dulur-dulurku sing esih kerjane srabutan, esih urung mukti wong-wong sing wis pengsiun, urung padha gratis ngguli nyekolahena bocah, lan liya-liyane. Brongkos keong nilai pemrentah siki rapote esih abang lah. Cokan ana sing nylethuk - angger iwak ya ngglumer utawa nenggak - ORA SUSAH NGURUSI NEGARA, WARANG WURUNGE LAMBANG SARI KENYOL.(nggolet pangan dhewek-dhewek). Ora usah ngomong utawa mbahas negara kadaran ana sing ngurusi ikih. Nenggak janji mengab kuwe wong sing ngomong kaya kuwe. Angger negarane wis bagus, angger negarane wis adil hukume, angger negara wis beres lan rapi, PANCEN ora perlu diomongena, apamaning dirasani - di enyek, di hujat, di paido lsp - tapi angger negara esih abang rapote apa ya patut dhewek meneng baen ? Angger tingkah polaeh para pengemban amanah ora marakean DOMPETE ENYONG KEPET sih ra papa, lha ibarate merga tingkah polah, sepak terjange wong-wong sing dibruki amanah terus ora bisa di endel ena, apa ya arep meneng baen ? Angger nyong sih gampang baen, ya ngonoh rika arep meneng baen, wong rika ra nyekolahena bocah, rika wis perek pacule, utawa rika micek merga saking tresnane meng pemimpin - mengidolakan pemimpin - ngantek rika kur mangan pon kliwon ben krasane mangan nang lestoran aben ndinane. Terus terang kuwe urusane rika. Sing lewih mringgani jane angger wong liya utawa bangsa liya sing MIKIRENA negara lan lemah pertiwine Indonesia, aliase di iker-iker, di iguh, di akali men Indonesia bisa kejajah maning tapi ora usah karo perang. Ora usah karo senjata, kadar wis padha ora gelem NGROPEYA ni negara ne dhewek ikih. Tek sigeg ngguli ngomongi negara lan pemrentah, kapan-kapan sambung maning.
DOLANAN BOCAH GEMIYEN KARO SIKI PANCEN BEDA BANGET.
Angger njenengan lair sekitar taun 80 an, mesthi menangi sing diarani Jonjangan, Gelut-gelutan (Cimenengan, Cireyangan, Sotho, Bantingan, Binte) Blodor (Gobak slodor), Nganggo Umbul (Leketean, Bandaran, Umbul), Sirgug, Sundha mandha, Gampratan, Thithik Glathik, Ngango Dhir (Lowokan, Guyeran,Unclang buron), Panggalan (Tujon, Kraton, Jed, Tan-tan Goletan,), Nembang Sekar goyang, Topeng waru, Cuwek angge-angge, Lepetan,Ular naga,Cici Kuwaci, Thung-thung balung, Cikalan Kadhalan, Capean, Jonjang Jiroma, Jonjang Acak icik, Jonjang Umpet, Dara-daraan, Jago-jagoan Karo suket, Kuwe sing aku kemutan sing biasane digo dolanan angger bocah-bocah agi padha prei ngguli sekolah, Layangan, uthit karo karet, icrot karo klungsu utawa wiji joar, utawa karo kecik, gathengan, congklak/dhakon, damon karet, gambulan, lencengan, damdaman, dolanan sada (paculan ?), loncat tinggi, slentringan, kasti. Esih akeh maning, angger sing cokan digawe biasane urek-urek patise nggawe dhewek sekang kawat bekas ban mobil, karo rapiah ngguli njiret karo jiretan kembang nggodha, mathet gawe dhewek patise sekang rim pit si dijiret karo lamat wit gedhang walesane karo sada, angger gawe pancing (biasa karo kerekan) aja sepisan-pisan walesane digawe sekang bekas kasur raga - ana sing percaya jere medeni utawa mbilaeni, jere sih, nyatane tetep baen ana sing njikot pring bekas kasur raga go gawe walesan -, plintheng (angger wong eloran ngomonge terpilan), ngguli gawe biasane kang wit tehtehan sing cawang, utawa gawe karo blabag, terus kalepe angger kang sepatu kulit jan maherel pisan kuwe, ngguli njiret kalep karo inis (serat tepes klapa), angger karete kadhang kang ban pit sing wis bocor digunting dawane kurang lewih setengah meteran, utawa kang pentil pit (sing warna kuning emas lewih mantep dharipadha sing warna abang) angger plurune karo krikil sing bunder tur gilig, angger sasarane jambu thokal, dhondhong, pelem, jambu wer, manuk, kampret, kadhang gendhenge tanggane ya diplinthengi, tulup (ana sing didamu biasane isine angger ra lempung ya mrica utawa kandri, utawa wiji tehtehan landa, angger sing ana ondlope biasane isine nek ra isi kandri ya kertas sing dikum disit), tapi paling asik angger perang tulup - lurugan karo kulon kali ya tau, karo Dowan, Kuseri, Yadi, Andri, Teguh, angger balaku ya biasa Kenthus, Bawor, Nono, Tugiyo, Uwa Tung, kadhang Gramang ya melu. Terus ketrampilan gemiyen bisa gawe kupat (tembelek, kepel, luwar, kodhok, slamet, jago, bata, manuk, pasar, bawang, tumpeng), dromenan, tuturutu, blakutak ondel-ondel, keris-kerisan, pecut, panah-panahan (kambi karet ngguli manah) , pranji, bumbung, mobil-mobilan sekang pring,thingthong thingbreng, kenthong, egrang (pring, utawa bathok), telpun-telpunan (kaleng utawa pring), orek-orekan (angger nang pring di wei menyan men suarane seru), kitiran (janur bisa kertas utawa pring), othok-othok (kaleng susu indhomelek utawa pring), prau-prauan, gethekan, gawe samber (sejenis seser tapi go ndimek melem, Dirin pinter banget nganame). Lan sepenunggalane kuwe sing aku kemutan. Tek pet sekang dolanan sing akeh banget kuwe ana pelajaran sing penting. Siji, ora tau bocah gemiyen angger dolanan apa-apa DHEWEKAN (soliter/isolir/ra ana batire), kan ora lucu angger jonjangan umpetan dhewekan, sapa sing masang, sapa sing lithong lan sapa sing nggoleti ? Kabeh dolanan bocah gemiyen kuwe istilah siki SOSIAL utawa bermasyarakat, karo kanca batir, maraih guyub rukun, anggera gelut paling ya sedhela wawuhan maning, jarang angger satru (ora wawuh/jengkelan) ngantek minggon-minggon, angger bocah sing dhemen satru langka batire, ora kepenak banget lho. Dadi dolanan gemiyen pancen wis ana tujuan go blajar urip nang lingkungan masyarakat, lha aturane ya jelas, ora ulih curang, ora ulih nglomboni, ora ulih ethok-ethok kalah, menang (ulih bintang angger sundhamanda, dadi ratu angger kraton,) wis jelas kalah ya wis jelas - mblugek angger dhir-dhiran, mil angger uthit utawa paculan, rampes angger sirgug), nyerah - utawa tobat (angger cimenengan, cireyangan), bacin (angger bedhekan/capeyan), dadi poh/bol angger panggalan, masang angger jonjangan, hong angger kasti utawa blodor, - ya wis jelas. Angger duwe batir senajan kur sethithik orang ngantek atusan apa maning ewon - kaya batire bocah siki nang fesbuk, twitter, whatsapp lan liyane - tapi batir sing nyata, bisa go omong-omongan langsung, bisa go brayan, bisa go diskusi, bis dijaluki tulung, bisa satru utawa wawuhan langsung. Sing ke loro ora meneng baen - rogeh, aktif, ndlidhig, rame, reyang, aktif, kringeten, kreatif, - dadi jere MOTORIK mlaku kabeh, PIKIRAN ya mlaku, EMOSI ya di enggo, EMPATI ya di enggo. Dadi dolanan gemiyen pancen digawe nang wong sing ikhlas, wong sing wasis,wong sing waskito, udu baen-baen. Beda sing paling nyata karo dolanan bocah siki ya kowe. Angger nang basa melayune dolanan bocah gemiyen kuwe aktfi-kreatif-sosial (nganggo otote, nganggo uteke, nganggo atine), beda banget karo bocah siki ngguli dolanan, angger aku ngarani pasif-apatis-soliter (meneng baen otote paling mata, jriji karo kuping, pikirane kreatif tapi digondheng nang teknologi - maya, mesin kasar, bisa curang , ora nganggo uteke go mikir sing nyata, dhewekan nang kamar, utawa bareng-bareng tapi dhewek-dhewek). Go prengetan maning bocah siki wis ngguli dolanan kaya kae ditambah maning akeh PR sekang sekolahan. Abot sanggane dadi bocah siki pancen. Dijajah kawit urung lair nang teknologi, batir ngantek ewon - tapi batir maya.ora nyata sing ora ngerti kahanan atine lan nggresulane atine, lha kadhang mbuh wonge sapa - kesekten nang permainan HP/Komputer wis dadi jendral apa malah dewa, tapi kenyataan nang asline, kon nggosoki baen urung bisa, bisa ngomong ngantek kaya crocokan, tapi nyatane anu nganggo google terjemahan. Karuan ora kabeh bocah kaya kuwe, enyong ya ra srambah uyah lah, tapi angger dideleng-deleng sekang akeh-akeh eh ya jelas kaya kuwe. Gadget pancen wis njajah anake dhewek jaman siki. Wong tuwane ya padha di jajah nang Tivi. Angger ngrasani wong sih gampang, tapi jajal di deleng meng awake dhewek kaya kuwe apa ora anake rika padha ?
TERUS KEPRIWEN SIKI
Angger aku kur aweh pinemu, mbok menawa ana iguh, ana inel utawa ekrel go nggubeg tatu, utawa go nyudhat wudun sing wis keton parah kuwe. Gadget ya jelas penting tumrap wong siki, tapi duwe kanca batir sing asli/udu nang dunya maya, ya kudu akeh lah sing apik - pilih-pilih lah aja sembarangan nggolet batir, apa maning batir sing perek utawa bala - terus wong tuwa kudu njaga, ngawasi, lan mbatesi bocah ngguli nganggo gadget, contoni ngguli brayan nang masyarakat, tata krama, unggah ungguh, suba sita, andhap asor - ora sombong - lan hal-hal sing bener tilasane luhure dhewek sing jane pancen adi luhung lan edi peni. Terus watesi wong tuwa ngguli nonton Tivi uga bocah ya kon melu dhewek angger wis dicontoni tuli gampang. Anger jarkoni lha malah anake rika lewih ndatuk ngguli nonton sinetron, lewih ngeyip ngguli fesbukan, mbingsrung angger kon padha sinau, mbeler angger kon padha sholat. Terus ora nana salahe angger samben taun nang sekolahan dilebokena "permainan jadul", dolanan sing edukatif jaman gemiyen, Angger pikiran/mental wis dijajah, terus ngrasa mindher, terus ngrasa lewih asor sekang bangsa liyane, pancen bangsane dhewek mesthi dadi bangsa kuli, angger bangsa kuli esih mendhingan angger dadi bangsa tukang ngemis ? Pemrentah kudune wis mikirena kapan sekolah TK tekan Perguruan tinggi ora mbayar. PAUD tekan MAHASISWA ra mbayar. Sekurang-kurange esih ana nyong lan rika sing wis ngerti kahanan sing MRINGGANI tur MARASI seora-orane rika padha ngomongi anake dhewek-dhewek. Apa gampang ? KANJAT, nggo ndandani wit pring sing mbengkong ora bisa angger wis udu bung maning, wis kebanjur tapi urung telat, esih bisa asal rika padha gelem waspada, gelem maca kahanan, gelem iqro, kahanan kiye kira-kira go gawe mulyane anak putune dhewek apa go njongkongena tunas bangsa meng jurang kehancuran peradaban ? Mikir lan mangga dipenggalih, sethithik pengeling-eling sekang nyong mbok menawa bisa dadi angen-angen, bisa dadi iguh pertikel go nylametena generasi enom sing bakal dadi pemimpin dan supir sekang bangsa lan negara Indonesia ngembene. Matur nuwun. Kelilan.